Kampung Tahu Dusun Timurejo Desa Gitik

Satria Pujangga (dipublikasikan pada Senin, 04 November 2019 16:09 WIB)
- Laporan



Kanggo ndukung program-program wisata Banyuwangi, Pemerintah Kabupaten Banyuwangi nganakaken maneka rupa Acara Festival. Salah sijine yaiku Festival Kuliner Banyuwangi. Emeh angger-angger desa ring paling wetan telatah Jawa nduweni acara kanggo ngenalaken maneka panganan khas desane liwat acara Festival Kuliner.

Sing kelalen desa Gitik Kecamatan Rogojampi, desa hang terkenal ambi produksi tahu. Kadhung memengan nyang Gitik hang diiling mesthi tahu. Mergane ring Gitik akeh panggonan wong gawe tahu. Dusun Timurejo diceluki Kampung Tahu, mergane industri umahan hang gawe tahu iki akeh-akehe ana ring Dusun Timurejo.

  Sakat ulan Januari tahun 2019, Dusun Timurejo nganaken acara Festival Kuliner hang diarani Festival Kampung Tahu lan Sembarang Ana. Acara iki dipandhegani lare enom-enoman lan tokoh masyarakat Dusun Timurejo. Sakliyane kanggo ngenalaken produk asli tahu Gitik, acara iki uga kanggo nduduhaken inovasi-inovasi olahan tahu.

Bengen, tahu mung digoreng, lan di pelas. Taping saiki tahu wis bisa diuwah dadi panganan lebih macem-macem kaya tah Pizza Tahu, Kerupuk Tahu, Es Tahu, Tahu Walik, Tahu Sarang Semut, Bergedel Tahu, Tahu Bola, Sate Tahu lan magih akeh maceme olahan tahu liyane. Sakliyane panganan teka bahan dasar tahu, ring Festival Kampung Tahu iki uga diedol macem-macem jajanan tradisional, cenil, awug, orog-orog, lanun, lupis, onde-onde, apem lan lepet. Sing kelalen Sega Tempong, Pecelan Juruh (Pecel Corot), Lonthong Jangan lan Tahu Lonthong. Makane acara iki diarani Festival Kampung Tahu Lan Sembarang Ana.

Tujuwan acara iki sakliyane ngenalaken desa Gitik umume, acarane iki uga ngenalaken produk unggulan warga Kampung Tahu khususe lan muga bisa nambahi penghasilan masyarakat dusun Timurejo lan ndadekaken kemakmuran lan keberdayaan ekonomi.

Kawitane acara iki dianakaken angger rong minggu sepisan. Taping saiki makene sing kekerepen lan mboseni acarane dianakeken sak ulan sepisan yaiku angger Sabtu malam minggu pertama ring tiap ulane. Acara diangkati sakat jam 4 soren sampik dagangane entek. Kanggo ngibur pengunjung, saben acara didelehi pagelaran seni tradisional Banyuwangi.

Pungkasan, muga mengarep acara iki tetep terus melaku lan ana tambahan inovasi-inovasi liyane, dudu mung melulu produk panganan taping bisa ngerambah nang produk lokal liyane hang nduweni nilai jual hang apik. Lan muga ring dusun liyane agage mecungul acara hang nampilaken budaya kearipan lokal lan wisata desa kanggo mujudaken gebyare desa Gitik Umume.

“Ayo dulur padha teka ring Kampung Tahu Dusun Timurejo Desa Gitik. Kadhung rika uwis tau tilik, pasti kepingin balik"

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Laporan Satria Pujangga

Editor: Hasan Sentot