Ketua Anyar Paguyuban Damar84
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Senin, 22 Juni 2026 07:15 WIB)
- Laporan
Salah siji kumpulane wong-wong Banyuwangi hang ana ring Jakarta "Damar84" nggelar iwuh "Serah Terima Jabatan" teka pengurus lawas nang pengurus anyar dina Minggu 21 Juni ring Slipi, Jakarta.
Ring pidhatone mari neken "Berita Acara Serah Terima" ketua hang anyar, kang Budi Susanto, ngomong arep merujukaken ekonomi kreatif kanggo nguripi organisasi hang diedegaken 12 Mei 2012. Kumpulan lalare Banyuwangi hang lulus SMA taun 1984 iki nduweni anggota lebih 100 wong lan programe akeh-akehe ditujokaken kanggo anggotane hang ana ring Banyuwangi.
Seliyane ana Dana Bergulir, yaiku nyilih picis tanpa anakan, ana kegiyatan religi Ngasar (Ngaos Sareng), grup kasidah Damaria, sumbangan sembako, arisan sak ulan sepisan lan liya-liyane.
Jare ketua dhongkol, kang Antariksawan, picis hang muter kanggo Dana Bergulir wis nggadug 173 juta. Kegiyatan iki hang dadi andhelan seperene.
Ring acara Serah Terima Jabatan sore iku uga ditekani pengurus lan anggota teka Banyuwangi kayata mbok Ermi Rosana, mbok Erika Saraswati, mbok Mariyatul Kiptiyah, mbok Yunis lan mbok Komariah lan teka Bandung ana kang Yudi.
Ring pungkasan, kang Budi ya ngumumaken aran-aran penguruse, yaiku:
Penasihat:
Ahmad Hidayat (Direktur Danantara)
Sudibyo Widodo (pengusaha, Wakil Ketua Umum Ikawangi Pusat Jakarta)
Didik Bangun (purn. Marsma)
Antariksawan (ketua dhongkol)
Ketua: Budi Susanto
Sekretaris: Syukri Maksum (adhik kemunjilane Ketua Ikawangi Pusat Rusdi Maksum)
Bendahara: Erma Suryani
Tim Pemberdayaan Masyarakat: Setyobudi Irianto; Rosana Dewi
Tim Ekonomi Kreatif: Imam Puji Hartono, Hari Setyabudi, Sri Sulehati
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.