Loro Lare Banyuwangi Ulih Penghargaan ring Akademi Angkatan Laut
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 13 Juli 2026 06:30 WIB)
- Laporan
Loro lare Banyuwangi, Sermatar (P) M. Rizqi Wira Utama B.P. lan Sermatar (M) Fikri Bima H. Useng, ulih penghargaan bergengsi ring Akademi Angkatan Laut Angkatan kaping 72.
M. Rizqi diganjar rong gelar sekaligus yaiku Adhi Prasta Korps Pelaut lan Adhimakayasa, minangka lulusan paling apik AAL, dene Fikri oleh Adhi Prasta Korps Marinir.
Penghargaan iku diserahaken langsung ring Kepala Staf Angkatan Laut, Laksamana Muhammad Ali, tepak acara seserahan ijazah hang sekaliyan pembekalan calon perwira remaja ring Kesatrian AAL Bumimoro, Rebo 8 Juli 2026. Acara iki minangka tahapan pungkasan sedurunge lulusan resmi dilantik dadi perwira TNI Angkatan Laut.
M. Rizqi Wira Utama B.P. asil ulih rong penghargaan yaiku Adhi Prasta Korps Pelaut lan Adhimakayasa, minangka gelar Adhimakayasa iki peredhikat paling dhuwur hang nduduhaken perestasi akademik lan non-akademik paling apik sekabehane.
Fikri Bima H. Useng ulih Adhi Prasta Korps Marinir minangka lulusan paling apik teka Korps Marinir ring angkatan iku. Iyane alumni Bimbel Plasma Generasi 8, lembaga bimbingan belajar asal Banyuwangi hang mbina calon taruna Akademi TNI, Akademi Kepolisian, sekolah kedinasan, sampek perguruan tinggi negeri.
Fikri ngucap sukur nyang penghargaan hang digayuh lan ngucap terima nyang wong tuweke, keluwarga, para pembina, lan kabeh wong hang wis ndhukung sedawane peroses pendidikan.
“Alhamdulillah, Isun ngucap sukur bisa ulih penghargaan iki. Terima hang gedhi nyang wong tuwekisun, keluwarga, para pembina, lan kabeh wong hang wis ndhukung Isun seperene. Muga-muga perestasi iki bisa dadi motipasi kanggo lalare enom-noman Banyuwangi supaya terus berjuwang nggayuh cita-citane,” ujare Fikri.
Asil hang digayuh Rizqi lan Fikri nambah dhaptar putera dhaerah Banyuwangi hang wis ngukir perestasi ring tingkat nasional. Dikarepaken iki bisa dadi tuladha nyang lalare enom-noman supaya terus ngembangaken kemampuan, disiplin, lan semangat ngabdi nyang bangsa lan negara.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Seputat Kabar Banyuwangi
Editor: Hani Z. Noor
