Macaan Pacul Gowang Ulih Sokongan Pemda

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 28 Oktober 2021 09:06 WIB)
- Laporan



Kekarepane Dewan Kesenian Blambangan (DKB) kanggo nerusaken lan nguri-uri kesenian Macaan Pacul Gowang kelawan anane tanggapan ulih sokongan teka Pemda Banyuwangi.
   Kesenian Pacul Gowang hang salah anjrahe disebut kesenian Aljin, ring Banyuwangi setemene magih ana loro, taping hing tau ulih tanggapan maning. Kamangka, uripe kesenian iku ya teka anane tanggapan-tanggapan. "DKB ngarepaken sak mareke pentas iki, lalare hang wis nggawe prestasi iki diundang ambi Disbudpar makene tetep urip," jare Sekretaris DKB kang Bambang Lukito.
   Kekarepan iku langsung dijawab ambi Asisten Bupati Bidang Perekonomian dan Pembangungan pak Guntur Priambodo MM. M. Si. hang macakaken sambutan teka Bupati Banyuwangi bu Ipuk Fiestandani gok mengarepe saben ana kegiyatan pariwisata arep diselipaken kesenian Pacul Gowang iki. Umpamane tepak ana acara Petik Laut utawa ring Ngalap Berkah ring sawah.
   Iwuh Pementasan Revitalisasi Sastra Lisan Berbasis Komunitas Macaan Pacul Gowang tanggal 27 Oktober dalu iku digelar ring pelatarane Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Jalan. A. Yani iku minangka penutup rangkaian acara hang sedurunge ngelatih lalare enom kanggo nguri-uri kesenian Pacul Gowang iki. Jare kang Bambang ana 47 lare hang dilatih ring bungase ulan Agustus sore. Taping saiki hang milu ana pitung grup. Liyane akeh hang wis ulih tanggapan pentas kesenian liyane kayata jaranan ring dhaerah liya. Sak grup rata-rata dipiloni 8-10 lare/wong kelebu limang panjak.
   Jare bu Ipuk ring sambutane, Banyuwangi nduwe potensi seterategis kanggo donya wisata merga nduwe potensi alam hang apik hang bisa dadi semberani kanggo iming-iming wong kelenceran teka Bali. Sak liyane iku, Banyuwangi ya nduwe ragam wisata lan budaya hang kudune bisa dimaknani hang lebih jeru maning. Salah sijine milokaken masarakat kanggo mbangun dhaerahe.
   Tradhisi Macaan Pacul Gowang kerep digelar ring ruwatan, bersih desa, petik laut lan hitanan, jare bu Ipuk. Akulturasi Islam lan kepercayaan lokal sithik-sithik wis uwah teka kegiyatan ritual nyang kegiyatan hiburan. Kekarepane, bisaa para pelajar iki mau milu nguri-uri, jare bu Ipuk.
   Proyek Revitalisasi Sastra Lisan iki dianakaken ring Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa, Kementrian Pendidikan, Kebudayaan, Riset dan Teknologi hang disokong ring Disbudpar, Dewan Kesenian Blambangan lan Sengker Kuwung Belambangan.
   Jurine diketuai ring pak Supono Komite Sastra DKB, dene anggotane ana cak Mohamad Ikhwan hang kerep dadi pengudang gandrung, pelaku kesenian Pacul Gowang Ali Kenthus lan Slamet Penyet, lan kang Abdullah Fauzi sastrawan hang uga pegawe teka Disbudpar.
   Ring Pementasan iku, para juri sepakat hang ulih penghargaan Grup Terbaik 1 Jiwa Etnik Blambangan (JEB), Terbaik 2 Gandrung Arum lan Terbaik 3 Spensaba (SMPN 1 Banyuwangi).
   Dene petang grup liyane melebu kategori grup Unggulan non-ranking yaiku Cakrak Ungkal, Kakeen Gaya, Mbah Gandrung lan Loro Pikir.
   Hang ulih penghargaan Laikan Terbaik 1, JEB, Terbaik 2 Gandrung Arum, lan Terbaik 3 Cakrak Ungkal. Dene kategori Naskah Terbaik 1 grup Gandrung Arum, Terbaik 2 Spensaba, lan Terbaik 3 JEB.
    Revitalisasi Sastra Lisan hang digarap Badan Bahasa iki setemene hing mung nong Banyuwangi hang wujude Pacul Gowang. Ana lima liyane sak Indonesia hang uga digarap, yaiku
1. Sastra Lisan  Ngagondang (basa Sunda Banten) ring Lebak Banten.
2. Sastra Lisan Topeng Banjet (basa Sunda) ring Karawang Jawa Barat.
3. Sastra Lisan Daeng (basa Jawa) ring Wonosobo Jawa Tengah.
4. Sastra Lisan Tolaki (basa Tolaki) ring Konawe, Sulawesi Tengah.
5. Sastra Lisan Sako Jung (basa Sikka) ring Nusa Tenggara Timur.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor