Mbalike Watu Gong nong Wonosobo

M Hidayat Aji Wirabhumi (dipublikasikan pada Selasa, 07 Desember 2021 07:49 WIB)
- Laporan



Kanggone wong Wonosobo Kecamatan Srono, situs hang arep diomongaken iki nawi dudu barang anyar. Uga kanggone wong hang kerep ngambah Kantor Dinas Pariwisata Kabupaten Banyuwangi, mesthi tau ndeleng watu-watu hang dideleh ring mburi museum hang ana ring kono. Iya, barang hang diomongaken iki Objek Cagar Budaya, Watu Gong.

Watu Gong uga kerep disebut watu kenong utawa watu bonang. Maksude watu hang modhele kaya alat gamelan utawa waditra, hang ana mecungule nong tengah watu bunder hang rata.

Miturut pirangane wong, mecungulane watu iku dienggo ubag, tatakan hang bisa nyekeli saka bangunan hang kayane digawe teka jajang petung hang gedhi.

Kadhung bener gedigu, waditra gong, kenong, utawa bonang iki digawe tatakan utawa ubag bangunan hang ana panggunge. 

Benda Cagar Budaya, Watu Gong iki ya hing adoh ambi cerita mitos lan mistis. Watu Gong iki dianggep barang keramat ring masarakat bengen. Malah ana hang percaya gok watu iki setemene alat musik ane wong alus hang njaga desa. 

Pirangane wong uga ngaku gok iyane tau rungu suwara gamelan tek panggonan asale watu Gong iku mau. Naming mitos iku mau ilang merga wis diweruhi saktemene watu itu mau dienggo paran. 

Kang Julaidik, budayawan asal Aliyan Rogojampi hang tau ngejak penulis nyang panggonan ditemokaken asale Watu Gong ngomong gok watu-watu iku digawa nang Dinas Pariwisata taun 1970an. Pasthine tanggal 2 Maret 1975.

Tepak iku ruwahe Pak Binik tau ngomong gok ana wong hang golet pasir nemu Watu Gong lan uga ana belung endhase wong hang rada gedhi lan Watu Ganesha (patung arupa menungsa hang endhase gajah) kira-kira dhuwure 30-40 senti. 

Jare Ketua Tim Ahli Cagar Budaya (TACB) Banyuwangi, Titin Fatimah, saiki kelawan anane himbauan kanggo ngedegaken Museum Desa yaiku PP tahun 2015 tentang Museum, mangkane Watu Gong hang seperene disimpen ring Kantor Dinas Pariwisata iku dibalekaken nang desa asale. 

Dene Sekdes Wonosobo, Rudi Siliworo Putro ngomong merga tanah panggonan ditemokaken Watu Gong iku saiki wis dituku wong, mangkane Desa Wonosobo arep nggoletaken panggonan anyar kanggo benda-benda bersejarah iku.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Antariksawan Jusuf