Kelambi Penganten Banyuwangi "Mupus Braen Blambangan" dadi salah siji kelambi paling apik ring iwuh mengeti dina kemerdhekaan kaping 78 ring istana negara tanggal 17 Agustus sore.
   Para dhayoh hang nganggo kelambi adat sak Indonesia, dipilih lima hang paling apik.
Kelambi pengantin adat Banyuwangi "Mupus Braen Blambangan" hang dienggo Pak Muhammad Koharuddinn lan rabine  yaiku Fitrotul Azizah (Pipit) ulih nomer telu.
   Kelambi Mupus Braen Blambangan hang dienggo katon barak kemeredep rame dibandhingaken ambi para dhayoh liyane.
Kelambi Mupus Braen Blambangan iku kelambi penganten Banyuwangi tau didadekaken tema ring parade Fashion Week, Banyuwangi Ethno Carnival (BEC) tepak nggawa tema Usingnese Royal Wedding.
   Seliyane ulih hadhiyah sepidhah pancat, merga kelebu pilihan paling apik, Kohar ambi rabine ulih kesempatan lungguh nong rentepane kursi kehormatan bareng ambi para pejabat kayata Presiden Jokowi uga ibu Iriana Jokowi lan Menhan Prabowo Subianto.
   Petang kelambi adat liyane hang ulih biji paling apik nomer siji yaiku kelambi adat Soe Kabupaten Timor Tengah Selatan NTT hang dienggo ambi Raja Amarasi, nomer loro Pakaian Adat Bengkulu hang digawe Grety, nomer papat Pakaian Adat Minahasa, Sultra hang dienggo Kaesang Pengarep, nomer lima Pakaian Adat Soe, Kabupaten Timor Tengah Selatan, NTT, hang dienggo Ambi Menteri keuangan, Sri Mulyani.
   "Kaya hang bisa dideleng ring istana, maneka rupa lan kelir kelambi adat hang dienggo," jare Presiden Jokowi nganggo basa Indonesia.
   Kekuwatane negara iki merga teka anane maneka rupa hang kadhung didadekaken siji bisa dadi kekuwatan bangsa.
(Aguk/Opi)