Ngipine Pelukis Duwe Gedhung Pameran Bisa Kasembadan

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Selasa, 05 November 2019 15:28 WIB)
- Laporan



Para seniman lukis, patung lan Fotografi Banyuwangi katon girang gemuyu, serta rungu janji Bupati Abdullah Azwar Anas arep ndadekan Gedung Juang 1945 ring Jl. Veteran Banyuwangi, dadi Gedhung kesenian hang dilengkapi ampiteater. Omongan Bupati hang arep mungkasi jabatane taun 2020 iku, disampekaken wayah mbukak Pameran Seni Lukis, Patung lan Forografi (Minggu, 3/11/2019) kepungkur.

“Saiki Gedhung Juang magih dibongkar lan direnovasi, muga-muga gage kelar. Mbesuk seniman, kelebu para pelukis lan pematung, bisa gawe kegiatan ring Gedhung Juang. Malah dilengkapi ampiteater, sapa bain bisa nganakaken acara kesenian ring panggonan iku”, gedigu ujare Bupati Anas hang nggawe mesem senenge para seniman.

Pameran hang ngemu judul “Laras” iku, mulai acara kanggo mengeti Dina Dadine Pemkab Banyuwangi. Dikawiti sakat Bupati Purnomo Sidiq, acara pameran terus dianakaken saben taun. Ketua Panita wis ganti ping kaping-kaping, hang karep milu pameran lan ndeleng pameran ya sing kurang-kurang. Malah angger ana acara pembukaan, ewonan ngelumpuk ngarep Gedhung Wanita sak perlu kepingin sulung melebu ndeleng pameran.

Jare Ketua Panitia taun 2019 iki, Selamet Sugiono, tema “Laras” dikarepaken kanggo nggambaraken wujud harmonise hubungan, antarane pemerintah, seniman, budayawan lan masyarakat pemerhati seni. “Intine, seniman iku kan ngolah rasa kanggo ngeraketaken hubungan penguripan lan alat-alat kesenian iku dhewek”, jare Sugiono hang uga pematung iki.

Teka ring acara hang dipiloni 140 perupa lan 25 fotografer, ana Mozes Misdy lan S Yadi K, pelukis senior Banyuwangi hang dadi tuladha perupa enom-enom Banyuwangi. Uga pirang-pirang seniman liyane teka Yogyakarta, Bali, Jember lan kutha liyane. Malah pelukis Banyuwangi hang sak suweni iki urip ring kumbara wayah pameran gedigu padha mulih teka. Mesisan ambi silaturahim nang kanca-kanca seniman, lan uga ndeleng mulur mekroke kesenian ring tanah kelairane.

Bupati Anas uga janji, arep ndadekaken Seni Rupa dadi tujuan Pariwisata. Mangkane mengarep, hotel-hotel lan panggonan hang ditekani turis, kudu majang lukisan-lukisan karyane pelukis Banyuwangi. Panggonan-panggonan hang majang lukisan uga arepe terus ditambah, mane nggarahi murube tekad para seniman lan perupa Banyuwangi.

“Bupati sing terima ngomong, malah nguweni tuladha kelawan cara ngoleksi lukisan karyanya pelukis hang milu pameran. Muga-muga tuladha teka Bupati iki, bisa nurun nang kepala dinas lan pejabat-pejabat liyane ring Pemkab Banyuwangi. Malah hang dikarepaken pelukis, para pengusaha uga bisa milu katut ngapresiasi lukisan karya pelukis Banyuwangi”, pungkas omonge Selamet Sugiono. (has)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf