Paguyuban Sri Tanjung Nggawe Kreasi ring Hongkong
Tirto Arum (dipublikasikan pada Jumat, 10 Desember 2021 08:27 WIB)
- Laporan
Paguyuban Sri Tanjung, paguyuban anyar ring Hongkong hang milu nguri-uri seni budaya Banyuwangi. Paguyuban Sri tanjung buru bain ngadeg ring dina Minggu Legi tanggal 7 November 2021 sore. Paguyuban iki nduweni ketua hang aran Neeluh Hariyani hang asale teka desa Plampang kecamatan Cluring Kabupaten Banyuwangi. Masiya arane Sri Tanjung, Paguyuban iki hing mung nduwe anggota asal Banyuwangi naming ana uga hang teka kutha liya kayata Blitar lan kutha liyane. Paguyuban iki uga megawe bareng Raelza make up teka paguyuban Green Famili merga kene iki yakin gok keterampilan make up iki mesthi ana gunane engko kadhung kene iki wis balik nyang tanah kelairan.
Itungane kelebu paguyuban anyar, naming paguyuban Sri tanjung iki wis ulih undhangan munggah genjot sasate saben minggu, masiya mung iwuh cilik kayata mengeti dina dadine paguyuban liya. Paguyuban iki hing mung sinau tari Jaranan, Ganongan, tari Gandrung taping uga tari Banyuwangi liyane kayata Kuntulan. Undangan hang wis diterima hing mung iwuh hang ana ring njaba gedhung tapi uga ring njero. Masiya kudu diakoni gok paguyuban iki magih akeh nduwe kekurangan lan kudu sinau lebih mempeng maning.
Pageblug dudu alesan kanggo ngendhegaken jangkah nggawe kreasi anggota Sritanjung hang akehe 13 wong. Ana papat anggotane tim inti penari Gandrung lan telu penari Jaranan Buta kelebu penulis.
Kabeh rasa puji sukur kudu diunggahakrn nyang Gusti Pengeran Hang Maha Welas Asih, ring kahanan hang sing sempurna kene kabeh padha ngupaya masiya edheng-edheng ibarate merangkang lan uga masiya akeh alangan hang bakal ngadhang ring ngarepan. Penulis ngarepaken nyang keluwarga Sri Tanjung supaya tetepa andhap asor, tetep kuwat, kusa lan jaya dadi pejuwang keluwarga lan uga minangka pelaku seni masiya kahanan wayah mbedhidhing nerak awak dhewek ring kene.
Niyate kene mung siji yaiku ngupaya sak kuwate kanggone ngelestarekaken budaya Indonesia hususe Banyuwangi, makene aran Banyuwangi tetep arum gandane ring negara manca lan tetep dadi panggon jujugan wisata hang ndhemenaken.
Dene Indonesia kelawan sak akehe kesugihan alam, seni budaya, basa lan tradhisi hang maneka werna magih bisa megiyet masiya ana ring kahanan pageblug hang durung uncal, malah ana kabar gok njumbul maning jenis anyar hang aran Omicron. Lan ana warta pisan gok warga Hongkong uga para buruh migran sedhilut engkas kudu miloni vaksin hang kaping telu.
Mesthi bain awak dhewek kabeh ngarepaken pageblug iki gancanga uncal lan kahanan urip bisa balik normal kaya sedurunge pageblug iki semebar sak donya. Kanggo kanca-kanca buruh migran, penulis ngarepaken tetepa njenggirat kuwat ngelakoni kahanan iki paran maning ditambah wayah mbedhidhing hang adheme mesthi nggarai njelu. Penulis yakin gok kanca-kanca buruh migran kabeh iki minangka embok, emak lan jebeng hang hebat.
Cheung Sha wan, 6-12-2021
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Tirto Arum, foto Sri Tanjung
Editor: Antariksawan Jusuf







