Pari Banyuwangi Saya Langka

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 11 Agustus 2026 06:33 WIB)
- Laporan



Koran-koran ring negara Landa taun 1900an, kadhung nyeluk Banyuwangi iku "Rijstland" (Negeri Padi) merga akehe pari hang diasilaken teka wilayah bucu wetan Jawa iki.
   Merga panggonane ring sikile gunung, akeh alas lan wit-witan, akeh banyu hang bisa dienggo ngelep kedhokan. Istilahe wong tani, sawah malik damen. Parine buru dipanen, lemahe disingkal, bumine diwalik, sakkal bisa ditanduri maning. Merga banyune mamah-mumuh.
   Ceritane Kang Purwadi, sesepuh adat desa Kemiren, rikala semono Banyuwangi dikenal salah siji dhaerah lumbung beras nasional.
   "Kabeh wong tani padha nandur pari Jawa (varitas lokal)."  Salah siji maceme arane "Pelang Abang."
   Ring Kemiren jenis pari iki ana telung macem arane, ana hang nyebut Pelang Abang, Srikuning (Genjaharum) lan ana hang ngarani Untup Ruyung.
   Bengene akeh wong nandur jenis iki merga segane lebih punel timbang pari unggul, dhonge diedang lebih mekar ketimbang pari unggul, secara sosial budaya nggarai petani/masarakat urip sederhana mangan sesuai kebutuhane hing nuruti karepe, lan lebih irit rabuke.
    Naming saiki pari iku wis kelebu pari langka hing pati ana wong nandur. Tepak taun 2002, Kang Pur bengen tau nandur lan panene disiyaraken sak nasional ring tipi RCTI.
   Setemene Banyuwangi duwe akeh jenise pari varitas lokal seliyane Pelang Abang mau, kayata: Hu'ing Cantel, Hu'ing Gembira, Hu'ing Reli, Pelang Bendha, Pelang Cemeng, Untup Lumbu, Untup Biasa, Keruwing, Bahak, Kuntulan, Gundhil, Pari ketan Garangan, Pari ketan Gandha Rase, Pari ketan Sampang, Pari ketan Lumbu lan Pari ketan Cemeng.
   Sore Kang Pur panen Pelang Abang ring sawahe hang ana ring Dukuh desa Olehsari, Glagah.
   Temakaken, "Ulihe hing maksimal kerana diserang tikus lan manuk. Pungkasane benere durung wayahe nggampung Sun gampung sulungan timbangane sing uman."
   Ring antarane wong tani, pari lokal iki saiki hing pati didhemeni. Merga kerepotan teka panene hing pati ana kang bisa nggampung lan hing ana kang gelem nutu. Soale hing bisa dirontogaken.
   "Jare wong tani enakan adol pari gabah langsung dadi picis kabeh."
   Wong tani saiki lebih dhemen nandur jenis IR. Dianggep pari jenis iki lebih cepet lan praktis langsung cair dadi picis kabeh. "Sangking gampange, pari durung ditandur wis bisa dicairaken (bon tani)," jare Kang Pur.
   Pungkasane akeh wong tani kang kebuled ring tengkulak hing bisa masaraken asil tetanene.
   Kadhung ngadhepi ama, kelendi? "Setemene padha bain. Ama malah seneng ambi varitas lokale kerana ama-ne ngerti pisan endi kang enak."

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Poto: Panen pari Pelang Abang

Editor: Antariksawan Jusuf