Pengurus Ika Pakarti Balikpapan Dilantik
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 09 Desember 2021 05:57 WIB)
- Laporan
Ikatan Keluarga Paguyuban Tanah Jawi (Ika Pakarti) Balikpapan wis milih ketuane hang anyar lan dilantik ring Ketua DPP Ika Pakarti Kalimantan Timur Dr. Rusmadi Wongso. Ring iwuh hang digelar dina Minggu sore Ketua kanggo wilayah Balikpapan kepilih pak Abdulloh S. Sos. Pengurus hang anyar iki mimpin organisasine ring masa bakti 2021-2026.
Ika Pakarti iki organisasi independen lan ana merga dadi wadhah kanggo ngeraketaken anggotane yaiku 38 paguyuban wong-wong asal Jawa ring Kalimantan Timur, teka Brebes sampek Banyuwangi, kelebu Ikawangi. Salah siji wong hang milu ngedegaken Ika Pakarti yaiku Ir. Bambang Susilo teka desa Tampo, Cluring, Banyuwangi.
Organisasi kemasyarakatan hang sing ana cawe-cawene ambi partai politik iki diedegaken taun 2009. Ring kepengurusan saiki ana telu wong Ikawangi Balikpapan hang melebu ring kono. Ketua Ikawangi Balikpapan AKBP (Purn) H. Suyitno SH, M. Hum dadi penasihat, Budi Sakti Purnomo Sekretaris ring Bidang Pengembangan SDM lan Lilik Sismiati ana ring Bidang Humas & Publikasi.
Pelantikan Pengurus DPD Balikpapan ditekani Walikota Balikpapan H. Rahmad Mas'ud SE, ME., Kapolresta Balikpapan Kombespol V. Thirdy Hadminarso S. IK, MA., Pasiren Kodim 0905 Balikpapan Mayor Inf. Eko Purnomo, Sikes Lanal Balikpapan Lettu Kes. Nurul H., paguyuban lan Ormas hang ana ring kutha Balikpapan.
Ring pelantikan DPP Kaltim sedurunge akeh ditekani wong-wong teka Jawa. Antarane yaiku Wakil Ketua DPD RI GKR Hemas, walikota, jajaran Forkompimda Kaltim, pimpinan Partai Politik lan nggelar wayang kulit sewengi jampleng, kelawan dalang Ki Entus Susmono hang uga njabat Bupati Tegal.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Laporan Arief lan Budi Sakti Purnomo
Editor: Antariksawan Jusuf







