Prosesi Iwuh Masarakat Using (Bagiyan 2 teka 3)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 25 April 2025 05:55 WIB)
- Laporan



Prosesi Iwuh Masarakat Using (Bagiyan 2 teka 3)

4.     Dadine
Tepak dinane utawa melebu dina kapindho utawa dina pungkasane iwuh, ya wis umume acara pentinge. Sebutane yaiku “Dadine”.
5.     Selametan sakmarine iwuh
Selametan iki yaiku selametan kanggo bukti rasa sukur dhung acara wis lancar, hang diundang ya tangga sak ubengane umah utawa hang parek ambi umahe tuan rumah bain. Suguhane ya biyasah paran jare tuan rumah.
 
Ana pirang pirang perkara hang wajib kudu dienget-enget yaiku:
1.     Biyasahe dhung hang iwuh utawa tuan rumahe mung kari siji, embuh iku kari bapake utawa emake. Para tamu hang ngadiri undangan cukup ndeleng nong tuan rumahe bain. Umpama ana wong iwuh ngawinaken anake, cumpu tuan rumahe kari bapake thok. Para tamu iku cukup hang ngadiri undangane ya para lanang lanang kabeh. Gedigu sebalike ya padha ambi dhung tusn rumahe wadon.
2.     Ana panggonan kanggo uwong ngimbu gedhang. Arane Genukan. Gedhang iku woh-wohan wajib, merga olahan jajan akeh-akehe ya teka gedhang iku mauka. Dhung wis arep iwuh, biyasahe tuan rumah golet gedhang hang wis siyap diimbu. Imbu gedhang iku wajib, kerana dhung digeningaken mateng nong uwit bakale kepangan codhot. Ukuran kanggo Genukan iku macem-macem. Mung akeh-akehe ukuran 2 x 2 meter. Genukan iku panggonan kanggo ngimbu gedhang hang digawe teka lemah hang dikedhuk (kaya dene arep nggawe tambak). Lemah hang dikedhuk jerune kira-kira sak meter. Teradhisi nggawe Genukan magih ana sampek seperene, uga manpaate ya akeh. Salah sijine bisa mesisanan ngimbu gedhang.
   Urutane ngimbu gedhange gedigi dhung nong Genukan:
a.      Kawitane gedhang kudu wis siyap sakdurunge diimbu.
b.     Tuan rumah padha ngumpulaken tangga dulur hang kepingin nulungi nggawe Genukan.
c.      Ukurane padha ambi hang sun sebutaken nong ndhuwur.
d.     Mari digu, Genukan hang wis siyap, ditutup ambi papahe gedhang (uwite gedhang) hang wis dipara dadi loro. Mung disisani bolongan kira-kira sak ukuran awake menungsane kanggo bisa melebu metu nong Genukan.
e.      Sakmarine ditutup genukane nganggo papah gedhang, diurugi lemah sampek rapet.
f.       Ana uwong hang melebu nong genukan liwat lawang. Ring kono uwong mau ngetap gedhang hang arep diimbu. (kadhang ana hang hing dietap mung terima diuncal uncalaken).
g.     Mari gedhange dietap, langsung diweni kelaras (godhong garing) sampek rapet, Aju diobong.
h.     Maridigu uwonge metu teka Genukan, uga lawange ditutup rapet ambi papah gedhang. Sakmarine iku ya uga diurugi lemah pisan.
i.        Digeningaken kira-kira rong dina sakdurunge pametan (sedina sakdurunge dina dadine).
j.       Dhung ulih rong dina, Genukan dibukak, gedhange dijuwuti kabeh. (mung kanggo jaga-jaga dhung ngimbune wedi hing pas mateng tepak wayah pametan. Biyasahe ngimbu gedhange 3 dina sakdurunge pametan).
k.     Genukane mauka sakmarine dienggo ngimbu hing langsung diurug merga ana kanggone maning yaiku kanggo panggonan mbuwang romot-romot tepak iwuh.
l.       Sakmarine iwuh mauka, buru Genukane diurug.

Penulis: Mohamad Novi Yusup (Opi)

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Muhamad Novi Yusup (Opi)

Editor: Hani Z. Noor