Rancage 2019 lan Basa Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 19 Desember 2019 15:30 WIB)
- Laporan
Ring taun 2019 iki, Paguyuban Sengker Kuwung Belambangan (SKB) milokaken petang karya kanggo Hadhiyah Sastra Rancage ring Bandung Jawa Barat. Petang karya iku: 1. Lancing Tanggung (kumpulan cerita cendhek anggitane Ahmad Muzakky) 2. Keblak-Keblak (kumpulan gurit Using anggitane Mahawan) 3. Sisik Melik (kumpulan cerita cendhek anggitane Putri Nur Azizah) lan hang pungkasan 4. Kik Lis Bajul (karyane U'un Hariyati).
Buku papat iki wis diterbitaken lan diumumaken kapanane. Akeh hang ngarep-arep gok sastera Using bisa menang maning ring Penghargaan Rancage iki, kayadene taun 2016 tepak novel Agul-Agul Belambangan hang dianggit nyang Moh. Syaiful ulih hadhiyah sastera Rancage, kategori Basa Jawa. Kok Jawa?
Yayasan Kebudayaan Rancage, masiya ngakoni gok ana debat ring panitiya ngenani status basa Using, minangka dadi basa apa dhiyalek, pungkasane ngakoni gok panitiya njuwut penemu aturan hang legal formal yaiku Peraturan Gubernur Jawa Timur. Pergub iki ngelebokaken Using minangka dialek basa Jawa kaya dialek Banyumas, Cirebon, Tegal lan liya-liyane.
Peraturan Gubernur Jawa Timur (nomor 19 tahun 2014) hang Bab I Pasal 1 no. 9 nyebut:
“Bahasa Daerah adalah bahasa yang digunakan secara turun-temurun oleh masyarakat Jawa Timur yang terdiri dari bahasa Jawa dan Bahasa Madura”, artine wis cetha gok basa Using mung dialek basa Jawa, miturut pemahamane panitiya.
Hadhiyah Sastera Rancage 2016 kanggo kategori bahasa Jawa dimenangaken nyang Agul-Agul Belambangan hang ngalahaken 19 buku karya sastera Jawa liyane, kelebu buku Kembang Ronce 2016, kumpulan cerita cendhek basa Using. Karo-karone buku iku mau diterbitaken ring SKB, hang sedurunge wis nerbitaken akeh buku Using liyane.
Kanggone karya sastera Using, iki hang kawitan karya sastera Using milu lan menang ulih hadhiyah terbaik. Lan mestine, perjuwangan Basa Using hing ulih mandheg mung semono. Dalan hang dilakoni magih akeh juglangan, masiya wis katon ana sak jelarit padhange serngenge.
Rancage kanggo Agul-Agul Belambangan setemene pisan dudu hang kawitan kanggo wong Banyuwangi. Taun 1998, ana novele ruwahe Sasmita, wong Banyuwangi kelairan Mojokerto hang kesuwur kelawan aran Esmiet, nduweni judhul Nalika Langite Obah, menang Rancage. Malah tahun 2001, iyane ulih maning merga pengabdiyane nyang sastera Jawa. Esmiet iki wis ngarang 2700 cerita cendhek lan 157 novel.
Muga-muga ring taun-taun mengarepe, tambah akeh karya sastera basa Using. Menang Hadhiyah Rancage dudu dadi ukuran, taping bisa dadi pecut makene tambah akeh maning karya-karya sastra Using, hing mung angkane taping uga kuwalitase.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






