Revitalisasi Basa Dhaerah Taun Ngarep Dipaserahaken nang Pemda

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 23 April 2025 05:24 WIB)
- Laporan



Revitalisasi Basa Dhaerah Diangkati

Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) ngangkati ďina Selasa (22/4/24) Revitalisasi Basa Medura lan Basa Jawa dialek Using taun 2025. Dene taun ngarep, program iki kudu dadi tanggung jawab PEMDAne dhewek-dhewek.
"Taun ngarep lokasine arepe dipindah lan ditambah kayata Basa Jawa dialek Surabayaan," jare Kepala BBJT Dr. Puji Retno Hardiningtyas M. Hum.
   Bu Retno ngarepaken ring lomba-lomba, umpamane Lomba pidhato, kudu digawakaken cerita tokoh M.Tabrani, pahlawan nasional asal Pamekasan Jawa Timur hang merjuwangaken Bahasa Indonesia sampek dadi basa persatuan.
    Tabrani lair tanggal10 Oktober 1904 kelawan aran Mohammad Tabrani Soerjowitjitro. Iyane wartawan hang megawe ring Harian Hindia Baru sakat Juli 1925.
   Ring dina pembukaan iku, para maestro teka Medura lan Using (Nani Asiany - pidhato, Nur Holipah - cerita cendhek, Nanang - nembang, Slamet Penyet - ndongeng, Ali Kenthus - Ngewer, Abdullah Fauji - Gurit, Antariksawan - aksara) dibimbing ambi Prof. Imam Suyitno lan Prof. Wahyudi Siswanto nyiyapaken modhul hang engko arep ditularaken ilmune nang guru-guru.
   Kanggo basa Using, taun iki arep ngundang guru-guru anyar hang durung tau kesemplok ring program Revitalisasi.
    Wis telung taun seperene BBJT wis nggelar Revitalisasi kanggo basa Medura lan basa Using ring limang kabupaten Sumenep, Pamekasan, Sampang lan Bangkalan tambah Banyuwangi ring taun 2023. Taun sore iki programe ditambah ring rong kabupaten Bondowoso lan Situbondo.
   Kelawan petunjuk teknis teka Badan Bahasa, BBJT wis ngelatih maestro lan guru master kanggo nularaken ilmune nang guru-guru lan murid.
   Taun 2023, murid hang ditulari ana 11.000 lebih lan taun iki angkane bisa diunggahaken maning dadi 14-15.000 murid.
   Setemene pemerintah Banyuwangi wis nganakaken Revitalisasi sedurunge Badan Bahasa nggawe programe nang Banyuwangi.
   Ring pembukaan mau Pak Erpandi nerangaken Praktik Baik hang wis dilakoni Pemda, yaiku nggelar Festival Literasi Using sakat taun 2021. Kawitane mung Ndongeng lan Geguritan (puisi Using). Taun sak teruse ditambah Memengan Sandhiwara Using. Malah ring dina-dina mburi, Memengan Sandhiwara iki dadi maskot Literasi Using.
   Sakat 2023, BBJT ngenalaken programe yaiku Revitalisasi sampek Festival Tunas Bahasa Ibu. Saingga Pemda Banyuwangi ngadhopsi lombane, sakliyane Ndongeng, Geguritan ditambah Pidhato, Ngewer, Maca lan Tulis, Nulis Cerita Cendhek, Nembang.
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor