Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 12 Juli 2026 06:12 WIB)
(Roncean Cerita) Tobate Miyabi - bagiyan 2 pungkas
“Bismillahirrahmanirrahim, astaghfirullohal adhiim, Kang sakat iki pisan, Isun tobat ring Pengeran, kesuwun Kang Rika wis nduduhi dalan, muga Isun bisa tobat hang temenan, laku maksiyat Sun pendhem jeru, perentahe Pengeran bakal Sun gegem kukuh lan Sun pupu, Sun buwang adoh aran Miyabi, Sun ganti aranisun aseli yaiku Astuti,” ambi nangis Astuti ngucap janji.
“Alhamdulillahi robbil ‘aalaamiin. Insya Alloh ulih dalan, kadhung wis dienas Pengeran, paran bain sing bakal kangelan, sapa-sapane uwong hang nurut ring Pengeran, mula bakal diuweni gampange dalan, lan diuweni rejeki teka endi-endi sangkan,” Thulik nguweni semangat ring Astuti.
Ambi mesesegen Astuti ngomong ring Thulik, “Kesuwun hang akeh Kang, Insya Alloh mulai saiki Isun sing bakal adol awak maning, kesuk Isun arep dodolan cilik-cilikan, muga berkah ulih redhane Pengeran. Alhamdulillah Isun magih duwe simpenan picis ditambah ulih amplopan diuweni wong-wong mau hang nyangka Isun Bu Nyai, Insya Alloh cukup dienggo bandha. Isun mudhun pertelon Sasak Perot ya Kang, umahisun ngidul sithik.”
Thulik nyauri, “Alhamdulillahi robbil ‘aalaamiin, iya Dhik Isun seneng kadhung Rika duwe tekad nguwah nasib, iku mula Rika lakoni wajib, Pengeran sing bakal nguwah nasib Rika, kadhung Rika sing usaha lan ndonga. Isun ya mau diuweni amplopan, iki terimanen keneng dienggo tambah bandha dodolan, muga-muga berkah lan bisa dadi senengrika, lan muga-muga Rika sing kecebur maning ring lakon ala.”
“Kesuwun hang akeh Kang, muga-muga Rika diuweni umur dawa, lan bisa ngangkat wong hang kaya Isun liyane hang magih ring njerone lakon ala. Wis Kang sahrene wis tutug Isun pamit mulih, sepisan maning Isun kesuwun hang akeh ning Rika. Assalamualaikum,” Astuti mudhun teka montor merga montore wis mandheg pas pertelon Sasak Perot.
“Wa’alaikumussalam warahmatullahi wabarokatuh,” jawabe Thulik.
Durung sampe montore melaku maning, Thulik lan kanca-kancane weruh Astuti mareki wong wadon tuwek, ambi mbukak berkat hang ulih teka pengajian mau, aju Astuti ndulang uwong iku. Serta wis entek Astuti aju ninggalaken wong iku, mulih nyang umahe.
Thulik lan kancane kaju ambi paran hang dilakoni Astuti, aju padha mudhun teka montor ngampiri wong tuwek iku.
Kalingana wong iku matane wuta, lan uripe njaluk-njaluk ring wong hang liwat.
“Mbah, iku mau hang ndulang Ndika sapa Mbah?” Thulik nakoni embah hang wuta iku.
“Ye, iku arane Astuti, lare kidul kono Lik,” saure Embah.
“Apa magih berayanrika tah Mbah?” Thulik takon maning.
Mari nguyub ngombene Embah semaur, “Using Lik, lare iku mula apik, saben dina Isun didulang, kala-kala bengi gedigi, kala-kala ya raina. Kadhung Sira nggolet rabi, uliha lare iku bain wis, sing bakal getun Sira. Ati-ati, ana lare wadon ring kulon kana, arane Miyabi. Jare wong-wong tingkah polahe ala, nggudha wong-wong lanang ring dalan hang akeh bandha, aju ambi wong lanang iku digawa. Ati-ati ya Lik, aja sampek Sira keneng kejala.”
Thulik gemuyu rungu omonge Embah iku, aju semaur, “Mbah, lare hang aran Miyabi iku saiki wis tobat, aja dibangkit maning ya Mbah, Iyane saiki wis apik lakune.”
“Ye gedigu tah Lik, Alhamdulillah, muga-muga tobate ditampa Pengeran, lan sing mbaleni maning laku hang ala iku,” abane Embah aju nguyub ngumbene.
“Ya wis Mbah Isun pamitan, Assalamualaikum,” Thulik pamitan ambi ngelungi picis ring Embah iku.
Wis pirang-pirang dina Astuti isuk-isuk muteri kampung dodolan goreng-gorengan lan jajan has Banyuwangi, ulihe nggawe dhewek lan titipane uwong liya. Ambi melaku nyuwun welasah lan tangane nyangking keranjang, cangkeme melung njajakaken dodolane hang digawa.
“Yoo gedhang goreng, sawi goreng, sabrang goreng, ketan kirip, uceng-uceng,” sak dawane dalan hang diambah, Astuti njajakaken dodolane sing ana rasa isin ambi omonge uwong, lumuh, hang penting nggolet rejeki hang halal sing camah.
Akeh uwong hang padha seneng ambi paran hang dilakoni Astuti hang gelem nguwah laku alane adol awak, saiki gelem sara adol goreng-gorengan lan jajan has Banyuwangi ambi muter kampung kalah cacak menang cacak.
Sing sithik uga hang magih sing percaya kadhung Astuti wis tobat, ana hang ngomong paling dodolan iku mung kanggo nutupi lakon alane hang dadi adat. Astuti sing ngerees paran omonge uwong, saiki Iyane istikomah jejeg nguwah nasibe aja sampek dhoyong, ngambah dalan hang bener masiya dalane akeh alangan hang kudu disingkrihaken makene mencorong. Akeh uga wong-wong lanang hang nyacak nggudha Astuti, taping Astuti sing nanggepi, wong-wong iku pungkasane kemisinen dhewek saiki.
Mari muteri kampung njajakaken dodolane, Astuti mulih ambi ngampiri Mbah wuta, aju ndulang sarapan sega janganan hang mau dituku ring dalan.
Soren-soren Astuti mbukak warung ring ngarep umahe, dodol sega bungkus, goreng-gorengan, kopi lan ombenan liyane. Dodolane garus, akeh wong hang tuku sega bungkuse, merga enak lan murah regane. Lare-lare enom padha lungguh dhirik ambi mangan sega bungkus, ana hang mung mangan goreng-gorengan lan ngopi hang garus. Ana hang nyacak ngerumrum Astuti, taping mung esem hang diuweni, masiya gedigu wis gawe marem ati. Astuti tetep ajeg atine sing bakal nguwah tekade, ngelereni tingkah polahe hang bengen ngisin-ngisinaken awake lan emak bapake.
Wayah magerib Astuti nutup warunge, sampek engko mari sembayang Isak buru dibukak maning. Astuti sembayang magerib ambi emak bapake lan adhike. Mari sembayang Astuti wiridan aju maca Koran sampek adan Isak. Astuti wiridan ambi nangis njaluk sepura ring Hang Kuwasa, muga kabeh dosane hang wis kepungkur disepura Gusti Alloh.
Mari sembayang Isak Astuti mbukak warunge maning. Warung buru dibukak wis akeh hang nganteni arep tuku sega bungkus lan goreng-gorengan hang wis semandhing. Lare-lare lanang akeh hang arep ngopi ambi kala-kala ngelirik Astuti. Ana hang nyacak nyekel tangane Astuti nalika mbayar, taping Astuti ngeculaken tangane lare iku kelawan alus sing kasar, dadi sing sampek nggawe kisinan merga sing diuwar.
Sing sampek jam sanga dodolane Astuti wis gemet, warung ditutup aju iyane laut turu supaya bisa tangi subuh, sembayang subuh aju nggawe jajan hang arep diedol isuk-isuk. Astuti uga nerima titipan jajan teka uwong liya, kanggo dijajaaken muter kampung. Gedigu saben dina hang dilakoni Astuti, ana hang seneng ya sing sithik hang sengit, taping Astuti terus melaku ring dalan hang diyakini bener masiya rasane sangit.
Wis setaun Astuti ulihe dodolan lan mbukak warung, ekonomine keluwarga Alhamdulillah rada renes, bisa nulungi mbayar sekolah adhike, bisa tuku perabot umahe lan liyane. Uwong liya lan tangga-tanggane ya wis sing ana hang ngomong macem-macem maning, merga Astuti bener-bener leren ngelakoni lakon ala hang wis kepungkur. Astuti saiki bener-bener dadi uwong apik hang sing tau ngelarani tangga lan wong liya, malah kerep tanggane nyilih picis ring Astuti kerana mula butuh temenan.
Kaya biyasahe Astuti isuk-isuk muteri kampung ambi nyuwun lan nyangking dodolan. Siji-siji uwong tuku dilayani Astuti kelawan sabar. Wong-wong lanang hang bengen nyacak nggudha Astuti, saiki wis sing wani maning nggudha, merga wis ngarti gok Astuti wis bener-bener tobat marek ring Gusti Allah.
Dodolane Astuti wis emeh entek, Astuti muter gadug Sasak Perot. Lamat-lamat ana suwara hang celuk-celuk Iyane, taping hang diceluk aran Miyabi.
“Miyabi, Miyabi, Miyabi sulung antenana,” abane wong lanang ambi setengah melayu nguber Astuti.
Gadug ngarepe Astuti, wong iku aju ngadhang-ngadhangi Astuti. Tangane wong lanang iku nyekel tangane Astuti hang nyangking keranjang. Astuti ngedhunaken keranjange, aju tangane wong lanang iku dikiplasaken. Teka ababe wong lanang iku ketara wong iku mari ngombe arak, merga ababe mambu arak, dadi wong iki setengah mendem.
“Miyabi, Sira ring endi bain, bengi-bengi Sun goleti sing tau ana, kari kangen Isun ya,” abane wong iku nyerocos.
“Sepurane Kang, Rika salah uwong. Isun Astuti dudu Miyabi,” samaure Astuti ambi nggibed setengah melayu.
Uwong iku nguber Astuti aju nggandholi tangane Astuti hang nyangking keranjang. Kerana ditarik anter, keranjang hang dicangking Astuti sampek temebluk.
“He Miyabi, aja ngales! Sira iku Miyabi hang kerep Sun gawa bengen. Mayo milu Isun, ana paran dodolan jajan, dodol awak bain enak akeh ulihe,” abane wong iku ambi narik-narik tangane Astuti.
Wong-wong hang ring Sasak Perot kono akeh hang nungkuli kedadeyan iku, taping wong-wong sing wani nulung Astuti, merga wong lanang iku dikenal wong hang kejem. Bengen wong iku dikenal peremane Sasak Perot, wis suwi ngilang sing ana katon, taping saiki ujug-ujug teka maning.
“Kang, Miyabi wis suwi mati, dipendhem ambi dosa-dosane hang dilakoni,” abane Astuti ambi narik tangane, taping sing bisa merga wong iku nyengkerem tangane Astuti bener-bener kuwat.
“Lah mati paran, Sira iki Miyabi hang bengen adol awak,” abane wong iku ambi meluk Astuti arep ngambung.
Astuti hang sing bisa paran-paran, merga tangane hang siji nyekel dodolan jajan hang disuwun, ahire jajan iku ditumplekaken ring raine wong iku. Merga kerasa lara, tangane wong iku dieculaken aju ngusuk-ngusuk raine. Astuti melayu keciran ambi nggawa iman, hang wis nancep ring dhadha ninggalaken pantangan.
Wong lanang hang ketaton raine iku murka, Astuti hang melayu ngecir iku diuber sak kenenge. Astuti hang wis keweden tambah anter melayune sing nulih kiwa tengen. Pas ring pertelon Sasak Perot, ana montor teka kulon melaku anter. Astuti hang melayu sing tulih-tulih iku, ditabrak montor sak anter-antere, sampek awake mental kecebur ring kaline Sasak Perot. Wong-wong hang nungkuli padha njerit, “Allahu akbar, Astaghfirullah Astuti!”
Uwong-uwong padha melayu nguber Astuti mudhun ring kaline Sasak Perot. Uwong-uwong padha njerit weruh kahanane Astuti. Subhanallah, awake Astuti sesehan, endhase pecah keneng watu. Ambekane Astuti wis sing ana, taping iman hang ring dhadha magih jangget ring nyawa, saikine dijuwut Hang Kuwasa, Astuti nggawa iman sampek pisahe nyawa lan raga. Astuti tetep ajeg jejeg ngadhep Pengeran, masiya mati sing ninggalaken aran, taping Astuti magih singset nggegem nyekeli iman.
(Lirix Al Harir)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.