Sanggar Tari Jagapati, Teka Malang Njaga Banyuwangi

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Senin, 30 Desember 2019 10:49 WIB)
- Laporan



Banyuwangi wis anjrah nang endi-endi kadhung kajuluk daerah hang sugih seni-budaya lan tradhisi, mergane masyarakate pancen seneng nang labuh kesenian. Sakat lare cilik, wis penter nabuh ngiringi kesenian hang ana ring dhaerah. Semono uga kanggo wong-wong Banyuwangi hang urip noring kadohan, mboro golet pegaweyan, tugas lan sekolah.  Ana kesempatan, pasti direkadaya bisa ngurip-nguripi kesenian Banyuwangi ring boroan.

Kaya hang dilakoni Ikatan Keluarga Banyuwangi (IKAWANGI) Malang Raya, sak liyane ajeg kumpulan kanggo mbahas masalah-masalahe urip adoh teka papan kelairan, wong-wong Banyueangi magih kober nguripi kesenian aseli Banyuwangi ambi nggedhegaken Sanggar Tari.

“Sanggar Rempeg Jagapati lair 19 Oktober 2016 kepungkur. Mbarengi anane Festival International Cross Culture (ICCF) Kampung Celaket kota Malang. Kebeneran Isun dipercaya dadi ketuane. Pembina sanggar sekaligus donatur utama, Bapak Hanan Jalil, wong teka Sumbersari Genteng Wetan hang duwe usaha batik has Malangan”, jare Taufik Saleh, dulur teka Singolatren Desa Padang Kecamatan Singojuruh hang wis suwe urip nang Malang.

Taufik hang duwe aran samaran Kifuat Using ring media sosial, ngaku kadhung sekehe tabuhan, penganggo tari-tarian lan seragam panjak wis duwene dhewek tuku langsung teka Banyuwangi.  “Kabeh mau magih dikuwati dhewek ambi Pak Hanan Jalil lan uga ana donatur liyane. Sampek saiki, masiya Sanggar Jagapati iki nduwe misi ngembangaken kesenian dhaerah Banyuwangi noring Malang, naming durung tau dibantu ambi pemerintah Kabupaten Banyuwangi. Gediguwa, kanca-kanca magih bisa urunan kanggo ngundang maestro seniman teka nyang Malang diajak kolaborasi”, jare Taufik ngedegaken Kuntulan Gemawangi, wayah mboro nong Tarakan, Kalimantan.

Alumni SMA Sultan Agung Rogojampi iki, ngaku sing tau repot masalah anggota hang dadi penari utawa panjak. Kabeh mau sak liyane isine wong-wong Banyuwangi hang manggon ring Malang, uga para pelajar lan mahasiswa hang sekolah lan kuliah ring Malang sak ubenge.

“Alhamdulillah, sampek saiki sing tau kurang arane penari lan panjak. Ambekana akeh hang lulus, wisuda aju pindah pegaweyan. Gantine mahasiswa anyar teka Banyuwangi sak arat-arat. Untunge, lare-lare Banyuwangi iku akeh-akehe wis bisa njoged lan nambuh masiya sithik. Tekade nguri-nguri kesenian dhaerah serta urip ring njaba, tambah murub lan iku hang nggampangaken lare-lare temenan kadhung belajar”, jare Taufik hang penter olah-olah iki.

Masiya tah laire Sanggar Tari Jagapati iki teka wetenge IKAWANGI Malang Raya, naming saiki wis melaku dhewek-dhewek. Dudu polane pisah, naming kanggo nguweni wates mane IKAWANGI sing kegawa merono-merono.

“Mergane Sanggar Jagapati iki ring Malang, sak liyane kerep ditanggap perorangan lan instansi negeri lan swasta, uga kerep diundang Partai Politik. Teka iku mau, pengurus IKAWANGI Malang Raya rada njaga wates kanggo njaga perasaane anggota liya hang beda partai. Kadhung prinsipisun, Sanggar iki kanggo ngibur sing pilih-pilih nyang hang ngundang. Kelawan cara gedigu, organisasi tetep dadi wadhahe kanca-kanca hang werna macem, sanggar uga bisa ngibur sapa bain”, gedigu dalihe Taufik

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf