Si Buta Teka Belambangan

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Senin, 06 Januari 2020 09:59 WIB)
- Laporan



Masyia sing katon utawa ana alangan penyawange, naming sing ngurangi tekad Nur Hadi Windoyo (38 taun) terus majokaken donya pendhidhikan, utamane kanggo dulur-dulur hang nandang hang sing katon penyawange. Akeh hang wis asil diukir ambi lakine Indah Catur Cahyaningtyas (36 taun) iki. Saben dinane Nur Hadi Windoyo, utawa kerep diceluk Win iki, mulang ring Sekolah Luar Biasa (SLB) Bannyuwangi. Sak liyane iku, Win uga nduwe Komunitas Aura Lentera,  kanggo penyandang difabel hang kepingin sinau komputer lan musik. Merga teka rekadayane mau, Win diganjar Penghargaan Inspiratif teka Untag Banyuwangi ring bidang Penggerak Pendidikan.

Win hang munggah panggung dituntun rabine, sing bisa nyengidakaken rasa seneng lan mongkoge. Paran maning hang nyerahaken penghargaan mau wong nomer siji ring Banyuwangi, Bupati Abdulah Azwar Anas. Serta diweni waktu kanggo ngetokaken uneg-uneg sak mareke olih penghargaan, Win sakkal munggah podium aju berakaken tekade. "Iki Si Buta teka Belambangan, arep ngorag donya ambi prestasi", kontan bain tekade Win mau ndadekaken wong hang teka pada keplok. 

Lakon uripe Win pancen sing enak kaya hang disawang saiki, pait lan kecute dirasakaken sakat cilik. Win sakjane lair normal, wayah umur 7 taun lara nemen sampek abuh. Win mung sempat sekolah sampek Taman Kanak-Kanak, marek iku merga loro leren sekolah aju golet kayu lan dodolan kanggo mbantu wong tuweke. Umur 15 tahun, matane Win hang abuh dadi pecah aju sing bisa nyawang babar blas.

"Wayah umur 16, Isun kepingin sekolah husus kanggo wong hang sing bisa nyawang kaya isun. Pungkasane nemu SLB, aju belajar ring kono sampek lulus. Marek iku magih ana masalah, Isun sing bisa mbayar SPP, merga wong tuwek ya sing bisa mbantu. Isun mareki pengelola sekolah ambi nawakaken jasa latihan musik ekstra kurikuler sing kathik dibayar, naming Isun bebas sing mbayar SPP kanggo gantine. Umur sak mono, Win wis bisa urup dhewek kelawan ngandhelaken ulihe bisa musik", gedigu ceritane Indah.

Malah sing terima ngelatih ekstra kurikuler, Win uga kerep nerima tanggapan organ tunggal. Upah teka kabeh pegaweyane Win mau keneng dienggo urip lan ngontrak umah. "Saiki Mas Win sak liyane tetep mulang ring SLB, uga ngelayani pesenan Jingle Radio, ngamen ambi Komunitase lan nyewakaken sound system kanggo wong ewuh. Masiya gedigu, tekad nularaken ilmu hang diduweni, utamane kanggo penyadang difabel sing keneng dipenggak", gedigu ceritane Indah hang diparingi momongan siji aran Muhammad Gilang Surya olihe umah-umah ambi Win.

Kanggone Win, nulung uwong liya iku duduk kerana sekaken. Iku hang terus dijaga sampek saiki, tapi kelendi carane nguwataken hang ditulung mau bisa urip dhewek (mandiri), sohing kathik ngerep-arep welase utawa bantuan wong liya. "Mangkane, Isun lan Mas Win terus ngurubi tekade kanca-kancane difabel lan terus nyuwarakaken hak-hak politik kaum difabel, merga kerep sing direken lan disepelekaken ambi pemerintah hang kudune duwe kawigaten hang padha kaya menungsa normal liyane", gedigu pungkas ceritane Indah.

 

Keterangan Potrek: Jepretane Pak Cik

 

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kompas.co.id

Editor: Antariksawan Jusuf