Supercar Mampir nong Banyuwangi

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 18 Oktober 2019 09:59 WIB)
- Laporan



 

            Dina iki ring tanggal 17 Oktober Banyuwangi ketekan dayoh teka dulur-dulur hang nggawa montor-montor Supercar. Dulur-dulur hang kumpul ana ring Supercar “Brotherhood Club Indonesia”  iki nyeja mampir ring dalan-dalan kutha Banyuwangi. Montor-montor sport mewah merek Ferrari, Lamborgini, McLaren Mercedes, Lexus uga liyan-liyane Iki ngelencer  ring salah sijine kutha hang ana ring pucuk wetan tanah Jawa iki hang jare endah lan maning uwonge geromyoh ndhemenaken gediku jare ketua Brotherhood Club' Indonesia Jatim Rahmad Nurendra.

            Sakat isuk montor Supercar iki wis manggon ana ring Bandara Blimbingsari kanggo ngawiti keliling kutha Banyuwangi. Mangkat jam telu soren montor hang akehe ana 52 iki melaku teka Bandara Blimbingsari aju nuju nyang pesisir “Marina Boom” Banyuwangi. Masiya montore iki bisa ngebut melaku sampek 250 Km/jam naming merga melaku ana ring dalan umum montor-montor iki ya melaku edheng-edheng bain.

            Gadug ana ring “Marina Boom” kana wong-wong “Brotherhood Club Indonesia” iki sakperlu ngeculaken tukik (anake penyu) tandha iyane peduli nyang tanah Banyuwangi  lan peduli ring alam, ring dina dadine “Brotherhood Club Indonesia” hang kaping papat.

            Ansori hang dadi presiden Brotherhood Club Indonesia iki nduduhaken kadhung tujuwane kumpul-kumpul iki kanggo ngeraketaken seduluran lan bisa dadiya Club iki panggonan mbagi ring antarane lare nom-noman makene bisa tetep njaga ketentereman ring dina-dina hang anget ring hawane pulitik hang saiki iki kedadeyan.

            Sakteruse Kadafi salah sijine panitia dina dadine Brotherhood Club Indonesia hang asal kutha Banyuwangi ring pidatone ring Dialog hotel kepingin nduduhaken keendahane tanah Banyuwangi nyang wong-wong Club Supercar iki. Antarane bain iyane nduduhi panggonan-panggonan wisata hang apik hang bisa dituju wong-wong kadhung iyane bisa menyang nyang Banyuwangi maning liya dina. Pelengkung, Kawah Ijen, Pantai Boom lan Alas Purwa kelebu panggonan hang wis diduduhaken nyang dulur-dulur Club Supercar iki. Muga bain tekane Club Supercar iki ana manpaate kanggo tanah Belambangan iki, gediki Kadafi mungkasi pidatone.

            Kumpulan Supercar nganakaken kelenceran mubeng kutha ring Indonesia iki. Kelenceran iki ditutugaken lan dipungkasi ring Bali.

            Wayah jam papat soren montor-montor iki aju melebu nyang Hotel Dialoog Banyuwangi sakperlu ngepos lan ulih hiburan tamba kesel teka Lalare Orkestra Banyuwangi ring wayah mangan dalu. Engko isuke Supercar iki arep nerusaken lakune sakteruse nyang Bali. Mangkat teka Gilimanuk lan mandheg ana ring pantai Lovina Bali sakteruse melaku nyang Denpasar liwat Bedhugul.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wisata Banyuwangi

Editor: Antariksawan Jusuf