Tabuhan Soren: Carane Lare Enom Singojuruh Ngenalaken Daerahe
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Senin, 23 Desember 2019 11:40 WIB)
- Laporan
Lare-Lare enom Singojuruh, duwe cara dhewek kanggo ngeramekaken daerah lan nguri-uri Kesenian Daerah. Sakat 10 ulan kepungkur angger dina Sabtu Soren dianakan acara "Tabuhan Soren Mapag Serngenge", yaiku tabuhan Angklung lan jogedan manggon ring RTH (Ruang Terbuka Hijau) Singojuruh. Kawitan acara iki digelar, wis bisa nyolong kawigatenane wong Singojuruh sak ubenge hang pance punjere Seniman lan Kesenian Banyuwangi.
"Kawitane acara iki ditujukaken kanggo madahi sekehe pesugian kesenian Banyuwangi hang diduweni Singojuruh. Uga ambi akahe seniman-seniman tradisional Banyuwangi hang manggon ring wilayah Kecamatan Singojuruh. Aran Pasinan, Kedungliwung, Semalang Lor, Lemahbang Kulon wis kesuwur sakat bengen panggon dumununge kesenian lan seniman tradisional Banyuwangi", jare Adlin Mustika Alam, sarjana Kerawitan aseli Pasinan, Singojuruh hang dadi penggerak Tabuhan Soren.
Angger Sabtu soren. wong-wong sak ubenge RTH Singojuruh, padha ambak-ambakan nekani panggonan iku sak perlu kepingin ndeleng Tabuhan Soren. Wong-wong seneng seru, ambi mapag surupe serengenge ring bucu kulon, iyane bisa ngemong anake ambi ndeleng kesenian mau. "Alhamdulillah, serta ana Tabuhan Soren iki, isun sing kangelan ngemong anak cilik wayah soren. Paran maning panggonan rame lan akeh wong dodolan", gedigu ujar salah sijine wong pasinan ambi ndulang anake hang magih cilik.
Singojuruh pancen dadi punjere kesenian lan seniman tradisional Banyuwangi, merga sak liyane Pasinan, bengen ana Dusun Genitiri (saiki milu Kecamatan Sempu) uga panggon lahire Gandrung Poniti. Kadhung dideleng teka umur lan kawitan dadi Gandrung, Poniti hang saiki manggon ring Dusun Tegalmoho, Desa Kemiri iki pancen lebih tuwek dibandhing ambi Gandrung Temu. Malah Gandrung Temu pancen ngakoni, kadhung iyane bengen tau belajar nyang Poniti. Jare Gandrung Poniti, Temu kegolong Gandrung penter, gampang apalan dan gelis nyandak kadhung diomongi.
"Gandrung Poniti pancen didadekaken "Icon" Tabuhan Soren, merga teka kanggo ngajeni lan ngumati ambi labuhe GandrungPoniti nang Kesenian Gandrung hang dadi "icone" Kabupaten Banyuwangi. Malah sabene ana kedadean hang nyenengaken, serta Gandrung Poniti tampil aju kabar iku nyebar nang endi-endi. Sabtu ngarepe, akeh Gandrung-Gandrung tuwek pada teka lan milu nembang jodegan. Ini sing direncanakaken, malah kaya padha 'reuni", gedigu ujare Adlin.
Merga tampile ajeg. Tabuhan Soren uga dadi jujugan ambi wong-wong sak ubenge Singojuruh. Malah rombongan lare sekolah lan teka sanggar-sanggar tari, nyelakaken teka nyang Tabuhan Soren sak perlu ndeleng pentase Gandrung Poniti. Panggonan iku uga dadi panggonan 'uji-coba' lare-lare sekolah hang milu belajar tari di sekolahe uga Sanggar.
Acara tabuhan Soren Iki murni kawigatene lalare Singojuruh kanggo wujudne ambi ngiri nguri kesenian e. Masio asil hang di duweni Heng sepiro taping semangate lalare kanggo njaga budaya seru gatine. Biaya kegiatan iku, teka penonton hang rumangsa seneng aju nyawer sak ikhlase. Lalare Singojuruh sing mikiri materi, naming hang penting seni lan kerukukann tetep disulungaken lan aja sampek ilang.
Jaman saiki wis digital kabeh, wis alih fungsi serba instan. Gotong royong wis mulai ilang. Budaya asing yowis mulai melbu , sebab Banyuwangi uwongnge sangat gampang nerima nang pengaruh njaba. Iki hang dadi bahaya kanggo generasi enom kadung sing bis njaga temenan lan milah milih budaya hang apik kanggo desa lan daerahe. Mulane iku, kanggo njaga lan nguri-uri mau lalare kumpul ambi tabuhan bareng. Ngisi gawe apik, timbangane nganggur nang umahe dhewek-dhewek. Bangur kumpul ambi balajar gendingan tabuhan lan belajar gawe karya hang unik kanggo generasi sak teruse.
"Alhamdulillah, saiki malah ana rombongan wisatawan hang kepingin nekani Tabuhan Soren. Lare-lare tambah semangat, paran maning para tamu teka njaba iki padha loman. "Saweran" hang dicawisi lare-lare isine rodok lumayan, masiya mung cukup tamba ngelak. Sampek saiki, dana anggaran kegiatan ajeg iki mung njagakan bantuan liyan. Pak Camat Moch Lutfi hang milu miwiti lan mujudaken Tabuhan Soren, camat Lutfi ugo Heng bosen bosen ngubrek-ngubrek lalare kanggo njogo identitas lan elektabilitas tabuhan Soren Iki. Muga-muga Camat penggantine duwe kawigaten hang padha", gedigu pengarepe Adlin sak kanca.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






