Tamansari Juwara 1 Desa Digital ring ADWI sak Indonesia

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 08 Desember 2021 07:20 WIB)
- Laporan



Desa Tamansari, Licin, Banyuwangi dadi juwara 1 kategori Desa Digital ring Anugerah Desa Wisata Indonesia (ADWI) hang dianakaken ring Kementrian Pariwisata dan Ekonomi Kreatif dina Selasa sore.
   "Selamat kanggone desa Tamansari hang wis dadi juwara 1 Desa Digital ADWI 2021 lan sekaligus ulih sertipikat Desa Berkelanjutan," jare Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata M. Yanuar Bramuda nang belambangan.com nganggo basa Indonesia.
   Jare kang Bram, menange Tamansari ring kategori Desa Digital iki bisa dadi conto, benchmarking, hing mung kanggo desa-desa hang ana ring Banyuwangi taping uga desa-desa liya sak Indonesia hang kerep nganakaken studi banding lan ndeleng langsung kelendi desa Tamansari merujuk dadi desa wisata terbaik sak Indonesia.
   "Setemene (penghargaan) iki dadi pucuke pirangane penghargaan hang wis dimenangaken ring desa Tamansari sedurunge. Umpamane Juwara 1 penghargaan Trisakti Award 2021 teka Ibu Megawati."
   Jare kang Bram, mengarepe donya kelenceran (wisata) hang dikembangaken yaiku wisata berbasis desa. "Kelendi carane wisatawan hing mung ndeleng endahe alam kaya Pulau Merah utawa Ijen, naming wong-wong iku ya nginep lan njelajahi kesugihan hang ana ring desa kono lan bisa ndeleng kelendi desa iku mekar sekabehane, ya alame, wisata, UMKM, homestay, dadi wong-wong iku bisa ulih experience.
  ADWI 2021 nduwe pitung kategori hang diwani penghargaan.
1. Daya Tarik Wisata
2. Desa Digital
3. Homestay
4. Toilet
5. CHSE (penerapan protokol kesehatan berbasis Cleanliness (Kebersihan), Health (Kesehatan), Safety (Keamanan) dan Environment Sustainability (Kelestarian Lingkungan).
6. Konten Kreatif
7. Suvenir

Muga-muga mengarepe Banyuwangi bisa menang ring kategori liyane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor