Tan Tjin Djin, Arsitek Bangunan Keraton Macan Putih (3))

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 02 Maret 2026 06:07 WIB)
- Opini



Ditulis ring Kang Ujik

Kanggo nerusaken ulihe mupakatan antarane raja lan punggawa iku, raja ngongkon wong loro teka golongan brahmana. Kawitane ngelakokaken perentah, Tan Tjin Djin diajak melaku-melaku ring pesisir. Para Brahmana iku ngempet-ngempet aja sampek perentahe raja iku bisa diweruhi Tan Tjin Djin. Serta suwi ulihe keliling ring pesisir, para Brahmana iku sing tega arep ngelakokaken perentahe. Serta katon kepikirane, Tan Tjin Djin mungel,
“He…. Sira keloron iki yara dikongkon mateni Isun. Age lakonana wis. Aja susah-susah Sira keloron ulihe ngelakoni perentahe raja. Isun ngerti paran hang diperentahaken ring Rika keloron. Isun sing duwe salah lan dosa. Iki alamate kadhung kerajaan Mengwi lan Belambangan sing bakalan suwi, sedhela engkas ambruk.”
   Rungu ucapane Tan Tjin Djin hang kaya gedigu iku mau, wong loro hang dikongkon mateni iku kaya sing duwe belung. Awake ngelipruk, ngelesod ring ngarepe Tan Tjin Djin ambi njaluk sepura.   
   Wong loro iku nyampekaken paran hang diucapaken Tan Tjin Djin iku bener. Taping sing kira bisa dilakokaken kerana Tan Tjin Djin uwong bener setuhune, sing duwe salah ning keraton Mengwi. Kerana sing wani mateni, wong loro iku diperentah supaya balik ring istana Mengwi lan nyampekaken kadhung Tan Tjin Djin wis dipateni. Taping Brahmana jak loron iku sing wani balik nyang keraton Mengwi.   
   Sebab kadhung nyimpen bathang iku suwi-suwi ketemon lan sing wurung Brahmana keloron iku diukum mati pisan kerana ngapusi raja.
   Mula, Brahmana keloron iku sepakat milu Tan Tjin Djin embuh ring endi jujug lakune. Kerana meksa pungkasane Tan Tjin Djin ngajak wong loro iku balik menyang Belambangan.
    Ketelonan melaku ring ndhuwure ayar (segara?) nuju gunung Sembulungan hang ana ring Muncar saiki. Gadug gunung pinggir pesisir iku uwong jak telon iku melecut (ngilang/muksa). Cathetan ndhuwur iku keneng dienggo ancer-ancer kadhung kawitane wong Cina melebu Belambangan mbarengi adege Keraton Macan Putih yaiku sekira tahun 1667 M. 40 sampek 50 tahun sak marine kedadeyan iku, Belambangan akeh ditekani Bangsa Cina. Kerameyan iku ana ring kampung Banyualit, Kadaleman, Lateng lan Kesatriyan. Banyualit anane ring pinggir pesisir, dadi kepabeane negari Belambangan lan wis ana sahbandare. Merga Banyualit dadi panggonan jujugan perahu dagang teka endi-endi. Negari Belambangan ngewajibaken kabeh perahu dagang hang melebu Banyualit kudu mbayar pajek. Perahu-perahu teka Betawi hang arep tuku budhak ning Bali, mandheg sulung ring Banyualit.
   Sewijine dina, ana perahu Slup Betawi, ngangkut para budhak lanang-wadon, tuwek-enom, gedhi lan cilik kira-kira akehe 60 sampek 70 uwong.
   Kabeh padha dirante wesi sakat teka sikil sampek gulune, dikuwatiraken para budhak iku ucul utawa ngamuk. Nalika gadug ring pareke gunung Sembulungan, perahu slup Betawi iku mandheg sing bisa maju ya sing bisa mundur. Taping pikire pegawe perahu iku kaya wis melaku sak ulan lawase.
   Sampek hang aran bontotan uwis emeh entek. Para pegawe perahu kuwatir para budhak padha mati ring geladhag. Ring antarane para budhak iku ana salah siji budhak hang penganggone sing kaya liyane. Potongane kaya kesatriya.

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor