To Palawan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 07 Mei 2026 07:54 WIB)
- Esai
Ditulis ring Iskak Basuki
Serta wis gedhi isun weruh dhewek tulisan lengkape: Taman Makam Pahlawan "Wisma Raga Satria". Umume gok nyebut dicendhekaken: makam pahlawan utawa TMP. Ana hang mung: pahlawan. Jaman magih cilik, wong-wong gok ngomong lebih entheng: palawan. Sing ana 'h'-ne.
Saben rungu palawan, ati langsung mengkeret. Wedi. Soale hang digesahaken mesthi hang aneh-aneh. Hang nguntup ning angen-angen mesthi kuburan. Masa gambare pahlawan.
Perasanisun palawan iku kuburan gedhi, tenget. Ana patunge gedhi rupa tangan ngacung ngangkat bambu runcing. Perasanisun maning, ring awal taun 70-an iku panggone wadoh. Rekene wis pinggirane kutha, pinggir hang kidul. Pinggirane hang lor waktu iku pabrik kertas (PKBR). Iku wis ndesa. Melaku-melaku, digonceng sepidhah pancat, merene iki rasane wis wadoh.
Tosene bengi-bengi, seliyane adoh, peteng lan sunut. Sadheng-sadheng lampune neon hang dawa. Biyasah tumon hang kejep-kejep. Lurunge magih elek, gok udan lejek. Durung kari rapet umah lan menungsa kaya saiki. Durung akeh kendharaan pisan.
Terminal Lateng iku durung ana. Terminale bis bengen ana ring wetane tegal (Taman Blambangan), gok ngarani 'stanplat'.
Kadhung wong hang dhasare mula getap taker tuwek ya wediyan. Kaya tangga Porong, wetane umahisun saiki. Celukane To, aseline teka kutha, biyasah ring papan rame lan padhang, pindhah ngetutaken rabine manggon ring desa. Seru getape. Megawene kepeksa adol bakso.
Merga terus garus lan akeh langganane, seperene tetep dilakoni. Kelilinge diuwot sepidhah montor. Saben soren mangkat ngetan nyang Boyolangu, ngeliwati kuburan Klendah Guru, arane.
Mulihe akeh dalune. Masa wani dhewek. Mesthi nganteni barengan. Repote sing mesthi ana. Tosene pas malem jemuah, nyaruki udan pisan. Cumpleng. Kadhung wis gedigu iyane wani ngupahi uwong kon ngiring mulih.
Langganane padha paham gok To iki getap. Biyasah digudha, diosroh, diweden-wedeni. Tapi To mula sing muringan. Dhemen guyon iya.
Magih buyek ana beritane Sumanto ika ana bain hang nyeluki iyane Sumanto, bakso Sumanto.
Hang guyone kejolok ya lare hang ngawal mulih ting gadug tengahe kuburan aju ditinggal muter balik ngetan maning. Kelendi kagete 'Sumanto'? Padha kejoloke. To iku munggone yara terusa, ngebuta makene gelis ngeliwati kuburan. Iki using. Milu balik pisan.
Serang gupuhe taker nggelimpang sepidhah sak rombonge. Untunge wis entek-entekan. To agage ngadeg aju melayu keciran.
Emaaakk.....!!! Sepidhah sak rombonge ditinggal nong kuburan. Mulihe nganteni dipapag dulure. Ana mbenune pena, To.
Magih awale dodol bengen jare mari-mari sara. Durung duwe sepidhah dadiya elek-elekan. Mikul, coh. Ya abot temenan, coh. Idere nang Concrong, dalane teka Porong ngidul iku munggah.
Aran Concrong iki kampunge nyelempit, ulih kidul kulone Porong. Lurunge buntu, sing ana butulane, munggane sepi, umah arang-arang. Nawi enget, Concrong iki kampunge Wirjo, wong hang bengen mara-mara ngamuk mbacuki sak ketemune uwong. Mari ulih likuran nyawa, iyane kendhat ring jurang kidul kono.
To embuh enget embuh sing nyang iku. Adate paling bengi mari isak wis mulih gok dodol. Sing wani mulih keliwat bengi. Lurunge setemene sing ngeliwati kuburan, marine kampungan mung sawah-sawahan.
Tapi lakone urip sing mesthi cocog nyang karep. Bengi iku hang kari nukoni baksone uwonge rada nyungkani. To mandheg meneng, sing wani takon wis mari tah? Karepe jembunge arep dikorahi, aju mulih. To mung nganteni nong ngarepan umahe wong iku taker sak uwen-uwen. Suwi-suwu kaya arep udan. Ambi To ahire dikenthing-kenthingi, ting ya sing ana metu. Kalingana wonge kesirep nong ngarepe tipine. Emak! Abete kewaregen mari ngantem penthol gedhi, penthol cilik taker imbuh-imbuh.
To pungkasane kasep mulih. Kedalon. Banyu teka langit mangkat cicir dadiya sing kari deres. To ulih silihan mantel teka langganan liyane. Ambi mikul, To sing leren-leren gemeremeng, nyalahaken wong mauka hang kesuwen, ya nyalahaken awake dhewek apuwa dadi uwong kari wediyan? Wis weruh wediyan apuwa ngerabi lare desa? Wis entek tah wadonan ring kutha? Endhase munyeng. Ngangen-ngangen dalane mulih, serang wedine ditemoni cuba, atine mengkeret dadi cilik sak penthole baksone. Selak tambah wengi ya kudu dilakoni.
Gadug sawah-sawahan, sing ana umah ya wis sing ana wong liwat. Udane kemerosok saya gedhi. Atine saya cilik sak penthole hang sewuan. Perasane. Malem paran iki kok kari gedigi? Hang krosak-krosek sakat mau ring mburi iku paran endane? Dienggo mandheg milu mandheg, dienggo melaku muni maning kaya nututi.
Yaiku ulihe uwong kadhung kejuluk wediyan. Pikire mesthi hang sing-sing. Alihe hang krosak krosek iku unine mantele hang ngelewer, dienggo melaku ngesreg-ngesreg nyang rombonge hang dipikul.
Ditambahi kaget katon ana putih-putih, obah-obah, ring pinggire dalan hang arep diliwati. Raine kerasa pucet, dheg-dhegane saya cepet sampek ahire To sing kuwat mikul, sing kuwat njangkah, sing enget paran-paran..... To ngelipruk, semaput! Ale putih-putih hang didakwa cuba iku gelangse, pecake wadhahe mes, cemanthol nang turus; karuwan obah-obah diterak udan campur angin.
Kari sekaken pena, To. Abot-abote mikul tanggung jawab. Mati-matian nggoletaken napkahe anak lan anake mertuwa. Serta kepileng rada suwi To ditemokaken lan ditulungi tanggane hang liwat kono arep nyambang sawahe.
Abot temenan perjuwangane. Kanggonisun, pena iki ya pejuwang, palawan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.