Upacara Adat Pethik Pari

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Kamis, 24 Oktober 2019 09:48 WIB)
- Laporan



Wilayah Banyuwangi pancen kesuwur dadi dhaerah pertanian, ambi asile uga dikenal sampek njaba negara. Wayah jaman Presiden Soekarno, beras Banyuwangi tau dikirim kanggo mbantu kelaparan ring Nepal. Sak liyane asil lan kesuburan, tradisi hang ngelingkupi tetani mau uga macem-macem. Kaya ring Dusun Sumber Rejeki, Desa Sumber Asri, Kecamatan Purwoharjo, ana tradhisi adat pethik pari. Kaya desa liyane, ring puterane wayah tetanduran mau pancen diubengi tradhisi-tradhisi adat kanggo ndonga nyang Hang Kuwasa makene tandurane selamet, sing keneng ama sampek panen. Uga ana tradhisi sukuran kanggo ngucap kesuwun nyang Hang Maha Kuwasa, merga diparingi panenan akeh lan luput teka ama penyakit.

Naming saiki tradhisi adat mau, sithik-sithik mulai ilang. Paran maning piranti tetanen hang asale teka tenaga menungsa lan kewan, mulai disiluri ambi mesin. Sithik akeh iki uga nggeser nyang penemune masyarakat tetanen, bab rasa waspada lan syukur nyang anane kekuwatan njabane nalare menungsa. Yatimin, salah sijine lare enom ring Dusun Sumber Rejeki mau ngaku prihatin nyang kahanan pungkasan, alae miturut iyane akeh nilai budaya luhur hang perlu dilestarekaken ring tradhisi Pethik Pari.

“Maknane adat Pethik Pari iku ngandung nilai hang apik kadhung diungkapaken lan dijelentrehaken, kanggo saiki uga wong waktu mengarep. Noring adat Pethik Pari diajaraken menungsa iku kudu urip rukun, padha ngajeni siji lan sijine, uga njaga hubungan menungsa ambi alam, serta menungsa ambi Gusti Allah," gedigu ujare Yatimin ring ujar ater-ater acara hang arep digelar Jemuah, 25 Oktober 2019.

Saikine Yatimin nempuh kuliah Strata 2 (S-2) ring Institut Seni Indonesia (ISI) Surakarta, S1 ne bengen teka Sekolah Tinggi Karawitan Wilwatikta (STKW) Surabaya. Yatimin iki masiya lair lan gedhe ring lingkungan Jawa Kulon (Purwoharjo), temekaken seru pasehe kadhung gendhing Using. Laik-laik lan ucap-ucape pas seru, mangkane sakat kuliah ring STKW Surabaya wis kerep tampil ngisi acara. Uga penter nggesek bahola, ngendhang ya bisa, persasat akeh hang dibisane nabuh alat musik Banyuwangian.

“Pethik Pari iki sun gawe dadi karya tari (pertunjukan), naming sing arep ngurangi kesakralan lan khidmae upacara mau. Sak liyane para tani hang duwe sawah, uga isun ngajak kanca-kanca panjak enom. Kanca waktu kuliah ring STKW asal Banyuwangi, kanggo mujudaken nuansa kebanyuwangenan noring njerone adat Pethik Pari mau. Mangkane judul karya iki Sun sebut Pamethuk Pari, merga gabungan upacara adat ambi tabuh-tabuhan Banyuwangian," jare Yatimin njelasaken.

Masiya dadi karya garapan, naming panggonan pentas mau tetep dianakaken ring sawahan. Ambi ana angklung paglak, lan alat-alat tabuhan has Banyuwangi. Karepe Yatimin, mengarepe tradhisi Pethik Pari iki dadi agenda pariwisata hang bisa digelar saben taun. “Isun wis ngomong nang Dinas terkait ring Banyuwangi, uga anggota DPRD Banyuwangi hang kebeneran asale sak desa. Muga mengarep tradhisi iki bisa dadi ngurubi tekad para tani makene terus megawe patheng lan njaga lestarikan alam Banyuwangi," pungkase Yatimin.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf