Uwoh Tin Merujuk Subur ring Banyuwangi
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Senin, 11 November 2019 04:52 WIB)
- Laporan
Uwoh-uwohan hang kerep disebut arane ring Al Qur'an yaiku Uwoh Tin, aran Latine Ficus carica. Uwoh Tin iki sing nganggu usum-usuman, angger dina bisa nguwoh lan sing ana wijine. Kasiyate aja takon, meh pirang-pirang penyakit bisa waras kadhung mangan uwoh Tin iki. Wujude uwoh Tin iki bunder kaya bawang, naming ukurane lebih gedhi. Setemene akeh jenise. Salah sijine kelire biru terong rada cemeng, sawentara njerone abang seger. Jare kadhung tambah cemeng, rasane tambah manis.
Uwoh Tin iki, temekaken merujuk subur ring Bumi Indonesia, kelebu ring Banyuwangi. Jare Moch. Lutfi hang nandur Uwoh Tin ring Jl. Istiqlal (Penataban) Banyuwangi, sing akeh wong hang duwe kawigaten nang tanduran iki. Naming iyane ngerti, kadhung uwoh Tin iki kerep disebut ring Al Qur'an. "Kadhung rika lan kancan-kancan rika kepingin weruh wujud lan rasane uwoh Tin iki, tekaa nang kebonanisun. Dhayoh-Dhayoh hang teka, ulih methik dhewek, aju ditimbang pira hang dikarepaken", ujare Lutfi hang uga njabat Cama Singojuruh iki,
Ngerumat uwoh Tin iku sing angel, malah rong ulan wis nguwoh. Marek iku, angger dina bisa dipethik uwohe hing kathik nganteni usum. Miturut riwayat, Abu Darda radhiallahu’anhu ngeriwayataken. Ngendikane Nabi Muhammad SAW: “Kadhung Sun omongaken ana uwoh-uwohan hang mudhun teka suwarga, yaiku uwoh Tin. Merga, uwoh-uwohan suwarga iku nana wijine. Panganen, merga bisa ngendeh wasir lan mampaate bisa ngilangaken lara boyok". (Kaya diomongaken ambi Ibnu Qayyim noring Zaadul Ma'aad)
Kadhung kepingin weruh maning mampaat liyane uwoh Tin iki, wis akeh dibahas ring pirang-pirang penelitian ilmiah. Bisa uga dichek ring Google, ana rentengan tulisan lan asil penelitiyan ilmiah hang mbahas Uwoh Tin. "Werane kebonan isun ana 1200 meter persegi lan ditanduri 250 uwit Tin, saben dino nguwohe sing tau mandeg. Kadhung pas preiyan rada rame hang teka, malah engko Sun edol ring Arabian Food Street Kampung Arab Lateng angger Kemis bengi", pungkase Lutfi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






