
Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Rabu, 30 Oktober 2019 06:06 WIB)
Welas Sing Merujuk
Welas Sing Merujuk
Hing kurang wulang wuruk
Nora kurang kudang suwuk
Wis ensuguhi sega sak ithuk, banyu sak muk
Lan sak penjalukira sampek keladuk
Cumpu welasira hing gelem merujuk
Mung kari ayang-ayangira masiya sing tau sun jaluk
Seru akase ilang, sak suwene sega ngentas dadi cengkaruk
Engetana tah wayah-wayah kawitan
Sun undhuh welasira kaya jajang ring kebonan
Wayah hing ana ulan, wayah perei udan
Wayah jajang dadi angklung sak wilahan
Kepingine sun tabuh keloronan
Makene bisa tempalan
Dudu caruk diedu badhut rebut-rebutan
Nggoleti gendhing sulung-sulungan
Nawi isun hing nggadug sampik engkisuk
Kadhung serngenge hing bisa maning kecaruk
Sun mintaseraya ombak balik nggawa kuwuk
Hang werna cemeng kaya disaput luthuk
Hang nyimpen suwaranisun segruk-segruk
Aja ana maning seguk-seguk
Aja ana maning suwaranira celak-celuk
Isun nawi wis teka pucuk, wis nggadug puthuk
Wis nana engkisuk
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.