Wong Banyuwangi Kelangan Jatidhiri

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 29 Juni 2026 06:25 WIB)
- Opini



Ditulis ring Kang Usik

Wong Using Banyuwangi wis lawas kelangan jati dhirine. Ale ana ring taun 1970an, ambekaneya kutha kesuwure Banyuwangi iku julukane "kutha gedhang" tapi wong ya akeh kang sing kari paham. Taping kadhung "kutha lumbung" kesuwure sampik sak njabane kutha Banyuwangi, mergane ring taun 1957an asil panen parine, ambi pemerintah RI berase bisa dienggo mbantu wong negara manca kang kaeloman. Tepak taun iku saben desa sak Kabupaten Banyuwangi ring kutha lan ring desa mesthi ana lumbung makmur kanggo nyedhiyani wayah usum paceklik.    
    Semangsa taun 1970an Pemda Banyuwangi nggalakaken penghijauan, dalan desa ring pinggir-pinggire ditanduri uwit turi kanggo bahan kertas kang pabrike ring Tangkong Singotrunan Banyuwangi.
   Uwong-uwong ambi kerja bakti nandur uwite turi padha ngomong isarahe iki bakale anak putu nutu pari bakale mari wis iki.
   Wong tani bakale padha nandur pari kesit sarung buta tontonan. Kadhung disurasa omongane wong tuwek jaman kala semono iku saiki dadi kenyataan.
    Dadi saikine, wong tani asil panene pari wis sing ana kang digawa mulih nyang umahe langsung digawa nyang pabrik.
  Mulane diarani pari kesit lan sarung buta tontonan. Maksude, sarung: sekarung, buta: bobote, tontonan: pirangane ton.
   Kadhung bengen wong tani panenane ulih pirang agem? Sak agem = 25 ringgi. Pirang ancing? sak ancing = 12 ringgi. Ulih pirang welen? Sak welen = enem ringgi lan sak ringgi iku = limang bentel.
    Mergane pari saiki lan pari bengen wis beda jenise. Kadhung pari jamane taun 1970an sak pengingsor iku jenise ana jalange, pari jaman saiki jenise logrog.
   Aju jati diri kang ilang ring Kutha Banyuwangi sing mung pari bain malah kang langka iku Sapi Rambon Using, ale iku maskote wong Using. Ale iku budaya warisane para leluhur Belambangan kang saikine.
   Masalah sapi iki, dijajah ambi wong Bali lan Medura kang manggon ring Bumi Belambangan. Conto ring wilayah Kecamatan Wongsorejo wong Medura kapan dikumpulaken sapine magih wakeh. Miturut asile data sensus pertanian Kecamatan Wongsorejo saben desa jumlah hewan ternak sapi jenis bulu putih sekitar 25.000 sapi. Pantes ring pesisir alas Baluran wong angon sapi rambon Medura saben dinane sing kurang 75.000 sapi gedhe cilik. Aju jenise sapi Rambon Bali saiki nguwasani pasar hewan Desa Glagah, Desa Rogojampi, Desa Sumberayu Muncar kang saben pasaran sing kurang tekane sapi gedhe cilik 400 sapi Bali.
   Nong endi Sapi Rambon Using?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor