Wong Banyuwangi Lan Godhong Singkil
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 25 Juni 2026 06:27 WIB)
- Laporan
Paeling-iling kala jaman semono ring ngingsore taun wolung puluhan sak pengingsor ring kampunge wong Using ring pinggiran Kutha Banyuwangi.
Wong Using duwe rambanan hang saiki wis hing pati dienggo, ale godhong iki setemene kadhung wis diolah kelebu jangan hang didhemeni wong Using. Godhong singkil bisa dienggo jangan leroban lan uga bisa dienggo tamba sariawan. Gedigu ceritane Kang Usik, sesepuh ring Dukuh Talunjeruk, Desa Glagah.
"Sak engetisun hususe wong Using kadhung mari ngeletik (nggawe lenga keletik) utawane mari nggawe lenga kelapa, banyune mesthi dienggo kokohe jangan". Yaiku arane jangan Leroban, kang bahan bakune kang pasthi kudu ana yaiku pupuse singkil lan belondho.
Liya-liyane bisa ditambahi dhewek. Iki bahane:
• Pupuse singkil
• Pakis
• Ontonge gedhang saba
• Kokohe mesthi dicampuri belondho
Aju ragine:
• Kemiri
• Bawang abang
• Lobok
• Uyah
• Terasi
• Pupuse wadhung lan godhonge salam/manting
• Laos
Ana pisan, hang emeh padha ambi olahan Leroban, nganggo godhong singkil lan belondho, naming kanggo jamune wong sariawan, bahane yaiku:
• Pupuse singkil
• Pakis urang (godhonge abang, uwite merambat)
• Ontonge gedhang keluthuk
• Pupuse utawa kembange belimbing wuluh sithik bain
Carane diolah kaya olah jangan leroban, aju dipangan.
Dadi jaman kala semono wong desa nduweni hubungan sosial urip beberayan sadulurane iku kuwat lan kenthel temenan. Mangkane saben arep ngeletik iku selabar-selabar nyang tangga teparone.
Mesthi ngomong, "Dulur, Isun arep ngeletik, sapa kang arepe olah jangan leroban eman- eman belondhone timbang Sun buwang."
Mesthi bain kadhung wong desa ngeletik jaman bengen iku belondhone akeh kang padha njaluk.
Kadhang sampik ana kang andoh wadhahe sulung kerana wedi sing uman.
Merga saiki wis arang wong desa hang ngeletik dhewek, sasate entek wis, gemet pisan hang arane wong olah jangan leroban. Kari eman-eman.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.