Kik Zakian, Wong Sakti Teka Andong, Tamansuruh

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 05 Oktober 2023 06:28 WIB)
- Tokoh



Kadhung rika tepak menganan nong sak ubengane Jopuro, ngetan sampek ketemu dusun Andong desa Tamansuruh, Glagah, takona, nong endi panggone sasak watu? Mesthi diduduhaken ring desa Andong, munggah sithik ngeliwati banyu Saba hang miline sampek ring Kali Bagong, ring kutha Banyuwangi.
   Ring banyu Saba iku watu-watu gedhi selengkrahan, salah sijine ana hang ndhuwure rata, jare iku bengen panggonane Kik Zakian sembahyang.
   Kik Zakian iki wong marek hang ilmune dhuwur. Kadhung dikira-kira uripe ring bungase taun 1800an, merga kaitung mbah buyut ring Man Ino, tukang basanan teka Jopuro. Jare Man Ino, kakike bain, taun 1900 sabane ring setasiyun sepur hang ana ring Karangrejo (wetane Hotel Slamet saiki). Mesthine buyute, Kik Zakian, iku sedurunge taun 1900an.
   Ceritane, Kik Zakian iki kadhung nyang sawah nggawa sapine mesthi ngeliwati watu hang mejugrug parek uwangan.
   Sewijine dina, sapine mau melaku lan nyenggol watu gedhi iku mau. Kik Zakian sakkal kepingin nugel watu iku mau makene sing kesenggol sapine maning. Watune ditugel teka ndhuwur mengingsor lan pecahane iku mau diturokaken dadi sasak hang wutuh seperene. Sigaran watune alus kaya digergaji taping nana hang weruh kapan nugele. Mara-mara engkisuke wis tugel lan tugelane dadi sasak watu. Seperene sasak watune magih dienggo liwatan wong hang arep nang kedhokan utawa mudhun teka kana.
   Tau pisan tepak ana wong ason-ason sampek nong pareke kedhokane. Kidang hang diuber-uber asu iki mau kecelep nong kedhokane Kik Zakian, hing bisa ngangkat sikile. Ambi Kik Zakian, kidange mau diangkat lan diwarahi kongkon melayu ngulonaken. Kidange manut omongane Kik Zakian.
   Serta njumbul wong hang ason-ason, ambi Kik Zakian diwarah kidange melayu ngetan.
   Selawase sampek nemoni pesthine, Kik Zakian iki hing tau umah-umah. Wonge dhemen muyab.
   Sampek tuweke, tepak kadheman ditakoni ponakane arane Iyah, kahanan awake.
   Ambi merguyuh, Kik Zakian ngomong: "Yah...Yah."
"Napa, Wak?"
"Dulurira kelumpukena kon merene kabeh. Isun iki nawi sing gadug wih."
"Napuwa, Wak?"
"Dipijet ngingsor melayu mendhuwur. Dipijet ndhuwur, mudhun maning."
"Wis madhang tah Wak?"
"Dhuh, diombeni balik maning ya Yah. Langit katon endhep."
"Kepundi rasane awake Wak?"
"Durung niliki."
Marek ngomong iku, ditinggal menggos iyane sampek umur. Dadi iki temenan hang diarani muyab sampek sakdawane umure.

Keterangan poto: Kiwa, watu panggonane sembahyang ring banyu Saba. Tengen dhuwur, watu hang ditugel lan dienggo sasak.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor