Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 28 April 2024 08:06 WIB)

(Cerita Cendhek) Nambeli Ati Hang Sesehan


Serngenge wis kemulan nong kulon, raina wis siluran ambi dalu. Imik wis dandan sakat mau kaya hing serantan nganteni travel hang arep nggawa iyane balik nong tanah kelairan. Tanah hang sing bisa dilalekaken masiya iyane wis nyobak hing ngereken.
   Limang taun kepungkur rasane magih kaya sore. Sakat sir-sirane ketemon melaku ambi wong turis nong Boom, ilang impene Imik arep umah-umah, arep mbangun umah cilik nong tengah kebonan. Kiwa tengene umah arep ditanduri sembarang godhong-godhongan rambanan hang keneng dienggo jangan saben dinane. Ana kolam hang cukup dienggo ngerawati iwak. Nong pinggir kolame dhirik ana kandhang pitik hang bisa ngendhog saben dina sampek keneng diedol. Ring sandhinge ana gedhogan dienggo sapi lan wedhus ettawa hang susune bisa diperes dienggo ngombeni anak-anake makene seger. Pokoke kebutuhan saben dinane cukup. Imik hing ngersula. Urip nong desa ring Banyuwangi kaya urip ring suwarga. Sembarang kalir hang arep dipangan wis cemepak. Soren-soren bisa lamat-lamat rungu suwarane angklung mekungkung ditabuh lalare hang latihan ring bale desa. Kabeh ilang muspra sakat kedadeyan ring Boom iku.
   "Dhik, mung semono bain tah welasrika?" Imik ndhedhes sir-sirane hang megawe ring homestay.
   Ngakune kapanane mung urusan pegaweyane, iyane ngateraken turis Landa iku. Taping wong megawe hing sampek ambung-ambungan gedigu nong Boom. Atine Imik kaya diobong wangwa. Taping iyane nyacak ngomong apik-apikan nawi tah Tutik hang pikire kebelinger bisa dadi lan engete nong semayane arep dadi emake anak-anake Imik.
   "Hang Hun jaluk Rika jujur lan gelem nambeli ati hang wis sesehan iki, Dhik."
  "Kang, sepurane. Nawi iki wis dadi tulise uripisun. Engkesuk Isun arep mangkat nang Landa."
   "Wis hing enget tah impene awak dhewek duwe umah nang kebonan?"
   "Wis Kang, aja diundhat-undhat maning. Hun anggep lakune uripe awak dhewek iki wis ana tulise. Isun mung kari miloni lan ngelakoni."
   Engkisuke Tutik melaku ambi wong Landa iku nang Bali sak perlu milu balik nyang Maastricht, kutha ring pinggir kidul ring tepis wiringe Landa, Belgia lan Jerman, hang dadi asale wong Landa iku. Imik ya milu melaku taping ngulonaken. Sewang-sewangan. Iyane golet pegaweyan nang Surabaya ambi ngelalekaken tanah kelairane hang nyimpen kenangan apik ambi Tutik. Iyane hing gelem maning liwat dalan-dalan hang tau diliwati bareng ambi Tutik, saiki mung kari pecake. Embuh kesambet setan paran Tutik iku sampek tega ninggalaken iyane, batine Imik.
   Taping sore emake titip omongan nong tanggane ngongkon Imik mulih. Masiya dikuwat-kuwataken hing mulih limang taun iki, naming Imik hing bisa nampik kekarepane emake. Emake weruh gok anak lanange kepingin ngelalekaken kuthane lan hing gelem mulih. Naming minangka emak, ya kepingin weruh raine anake saiki.
   Imik ngalah. Mangkane iyane sakkal golet karcis travel. Enake nunggang travel Surabaya-Banyuwangi iki hing kathik nunggang paran-paran maning. Penumpang diparani nong alamat lan diateraken sampek alamat umahe. Kadhung nunggang sepur utawa bis leren nunggang kendharaan liyane nang terminal tah setasiyun. Durung teka Banyuwangi golet maning.
    Mari mapag Imik, montor travele mangkat maning mampir njuwut penumpang liya ring endi-endi sedurunge hang pungkasan ring bandara. Montore melebu parkiran lan nganteni.
   Hing suwi penumpange njumbul dikancani supire. Imik sak kelerepan ndeleng kaya kenal ambi wong wadon iki. Carane melaku, lembeyan tangane, lan raine: Tutik!
    Getihe Imik mara-mara kaya banyu gemulak. Endane temenan Tutik? Ana paran nong kene? Maning dhewekan hing ambi wong Landa iku? Endane mulih dhewek teka Landa?
   Taping Imik ya ngedhemaken pikire, iya kadhung iya, kadhung using?
   Imik lungguhe nong mburi merga pesen karcise rada kasep. Sedheng Tutik nong mburine supir. Imik meneng bain, capile saya didelesepaken nutupi raine. "Enake entinggal turu bain wih," batine Imik.
   Montor melaku maning sampek mandheg ring warung madhang Probolinggo. Siji-siji penumpang mudhun. Kelendi enake iki? Tepak istirahat mangan, wektune rada akeh. Tutik diparani tah sing ya? Diejak gesah tah sing ya? Enakan Tutik sing weruh karuwane wis, batine Imik. Taping iyane ya kepingin weruh cerita sak benere.
   Imik antarane sing serantan ambi njaga supaya hing dadi rame ring panggonan iku.
   Serta mari njuwut rawon hang daginge mung loro akehan kokohe, Imik njuwut kerupuk.
   Kanggo masthekaken, tepak wis parek, Imik ndeleng toh, gawan lair ring derijine Tutik, hing gedhi, bunder cilik nong penudinge. Temenan Tutik hing salah maning.
   Imik marek, lungguh nong kursi ngarepe, sak meja. Rada mberak, Tutik nyeluk, "Kaaaaaang."
   "Sttt... aja berak-berak," Imik njaga makene iyane sing kemisinen.
   Tutik balik lungguh. Taping iluhe wis cicir. Gancang iyane njuwut tisu ring ndhuwur meja.
   Mari kabeh wis bisa nguwasani kahanan, Tutik buru cerita. Mula hing gampang urip ring negara manca, kadhung hing nduwe kanca. Atine kaya suwung. Iyane mung kuwat rong taun umah-umah ambi wong Landa iku. Sak uwise iku iyane mulih taping hing gelem njujug Banyuwangi. Iyane golet pegaweyan dhewek ring Surabaya. Seperene iyane tetep hing tau mulih. Arep mulih isin merga, bengen ika iyane hing ngerungokaken omongane wong-wong. Taping sore iku atine kaya diceluk-celuk kongkon mulih dina iki.
   "Rika kelendi Kang?" abane Tutik. "Wis kecaruk wong liya tah?"
    Tutik hing weruh, kanggone ati hang sesehan mari ditinggal bakalan, hing gampang arep golet wong liya lan nemokaken gandholane ati silurane.
   "Munggane atinisun iki digawe teka paran? Hing gampang, Dhik," jare Imik rada nahan emosine.
   Cumpu supire travel wis ngabragi penumpange kongkon gancang melebu montor maning.
   "Engko bain wis diterusaken gesahe."
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf