Pahlawan Teka Kalipuro, KH. Moh. Hasan Abdullah

Wahyu Rizki Kurnaini (dipublikasikan pada Rabu, 28 Februari 2024 08:53 WIB)
- Tokoh



KH. Moh. Hasan Abdullah salah siji pejuwang ring tanah Belambangan hang manggon ana ring Kalipuro. Iyane pengasuh Pondok Pesantren Umbul Sari Kalipuro.

Miturut cerita, KH. Moh. Hasan Abdullah kang kejuluk Kiyai Hasan lair tanggal 6 Dzulkoidah 1287 H (1871 M) hang nduweni aran aseli Mustahal bin KH. Abdullah. Iyane anak nomer papat teka rolas seduluran. Kiyai Hasan duwe apak kang aran KH. Abdullah.

Kiyai Hasan urip gedhe ana ring pesantren. Pirangane pesantren wis diambahi sakat teka Pesantren kang ana ring Banyuwangi, Jembrana Bali, Sidoarjo, Surabaya, lan kang pungkasan Bangkalan Madura. Kerana KH. Abdullah bapake Kiyai Hasan wis saya tuwek, iyane ngarepakan Kiyai Hasan mulih nyang Banyuwangi kanggo nerusaken pondhok pesantren kang diampu.

Tambah taun saya akeh santri kang mondhok ring Pesantren Kiyai Hasan. Sekala iku, Kiyai Hasan ngedegaken bangunan pondhok pesantren kang lebih gedhi timbang pesantren kang wis ana. Panggonane rada mengalor teka panggonan kang mula. Hang gedhene kira-kira sak hektar.

Pondhok pesantren kang anyar iku diuweni aran Pondok Pesantren Umbul Sari. Kerana panggonane kang diubengi banyu mili teka sumber kang ana ring Umbul Gedor Gombengsari kang dibangun taun 1924.

Ring taun 1924, Kiyai Hasan uga umah-umah ngerabi wong wadon aran Sukarsih binti Asral lan nduwe keturunan kang akehe ana wolu.

Ring taun-taun iku, kahanane Indonesia magih dijajah Landa uga bangsa Jepang. Akeh perjuwangane Kiyai Hasan ring kala iku. Ngawiti ngamanaken sisa-sisa Tentara Jepang kang nyerekal ring Gunung Gumitir. Kiyai Hasan lan KH. As’ad teka Asembagus uga milu ngatasi Tentara-tentara Jepang iku mau.

Surabaya ring ulan Oktober-Nopember 1945, ketekan Tentara Sekutu kang ngganteni Tentara Jepang uga njajah negara iki maning. Perang gedhe-gedhean sing keneng dialesi. TKR/BKR nyerang Tentara Sekutu direwangi ambi para Santri Kiyai Hasan teka Hizbullah/Sabilillah kang nganggo senjata arupa jajang kang lincip pucuke utawa kejuluk bambu runcing.

Ring tanggal 22 Juli 1947 jam 04.00 WIB Walanda mudhun ngidek pesisir bumi Belambangan. Sekala iku, Letnan R. Suhardi ambi anggotane mara nyang pondhok pesantrene Kiyai Hasan kanggo jaluk pitudhuh lan barokahe. Kerana TNI pimpinan Letnan Hardi lan satus uwong masarakat Kalipuro siyap nyerang Pos Landa kang ana ring dhaerah Es-san Mojosari Kluncing lan dhaerah Banyuwangi. Taping, rencana iku mau luput, kerana Letnan Naslam (Komando Pemadam Listrik) ketangkep Tentara Landa.

Ring wayah kisuke, 98 uwong ditangkep Tentara Landa lan disel nyang penjarane Welanda yaiku RAP Inggrisan.

Kiyai Hasan kang dianggep dadi tokoh pemberontak  ambi tentara Welanda terus-terusan digoleti nyang endi panggone. Kiyai Hasan kang dipercaya duwe keistimewaan bisa ana ring rong panggonan ring wektu kang padha, nggawe tentara Landa uga kapusan.

Paran maning dhung Batalion 510 Macan Putih ngalami kahanan kang ruwed ring kadohan, Kiyai Hasan bisa teka mbantu nyelametaken. Iku sing sepisan pindho, naming kerep dilakoni.

Ring tanggal 27 September 1947 Kiyai Hasan ketangkep tepak hutbah Jumat ring Masjid Roudlotussalam Kalipuro. Iyane dilebokaken nyang penjara Landa bareng ambi uwong 98 mau. Ring kono Kyai Hasan disiksa lan dipulasara.

Ana kedadeyan kang nggawe heran Tentara Welanda, ulihe Kiyai Hasan ana ring jero sel. Keseringen kunci penjara bisa coplok dhewek. Teka kedadeyan iku, uwong-uwong percaya dhung iku kelakuwane Kiyai Hasan.

Setaun sak mareke kedadeyan iku, ring taun 1948 Sekutu mbalekaken kedaulatan ring negara iki. Semono uga Kyai Hasan lan 98 uwong kang dipenjara mauka dieculaken.

Sak pungkase Sekutu mbalekaken kedaulatan Indonesia, Bupati Banyuwangi ring kala iku Bapak Oesman nganjuraken Kiyai Hasan mulai dakwah agama nyang endi-endi.

Tambah dina tambah taun Kiyai Hasan wis mangkat kurang kesehatane. Iyane mung bisa nganakaken pengajian umum ring pondhokane. Saben dina Rabu isuk, muslimin kang ana ring Kalipuro lan sekitare ngadhiri pengajian iku.

Tanggal 14 Juni 1971 Kiyai Hasan ninggal donya. Iyane dikubur ring tengene pondhok pesantren. Lan ring tanggal 2 Januari 1997 Presiden Republik Indonesia netepaken Kiyai Hasan kelebu Pahlawan Laskar Hisbullah taun 1945. Kanggo mengeti jasa Kiyai Hasan ring makame dipasang tandha Bambu Runcing.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Keluarga KH. Moh. Hasan Abdullah

Editor: Hani Z. Noor