Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 05 Mei 2024 07:51 WIB)

(Cerita Cendhek) Wiring lan Welut


"Lik, Wiring wis melebu kombonge tah?" takone emake Alim ndeleng anake nyepakaken palesan lan ampen hang wis dikelabang dadi siji.
   Wiring iku aran pitike Alim hang dirawati sakat kuthuk ulihe diwani pamane hang urip ring desa tepak teka kapanane. Wekase pamane makene lare lanang ajar tanggung jawab. Kadhung wis gedhi bisa diedol. Pamane ya ngajari makene Alim bisa golet picis dhewek. Saiki pitike wis lancur lan mula wulune werna cemeng ana werna kuning semu emas.
   Iki malem minggu. Mangkane Alim nyulungi ngelebokaken Wiring nong kombonge nong mburi umahe. Iyane ubret nyiyapaken keperluan ndudule.
   Saben malam Minggu marek isak Alim sak kancaan lare lima paceke ndudul welut nong mburine selepan pari hang ana uwangane. Banyune hing patiya gedhi mangkane akeh celot-celotan endhut ring kiwa tengene. Ring kono akeh elenge welut. Kadhang Jurik Dhengkol kancane Alim hang milu golet welut, nggawa arit. Tepak peteng akeh welut hang metu teka elenge sakperlu golet pangan. Jurik dhemen mbacoki welut ambi arite.
   Alim dhemene ndudul, kadhung lare-lare lancing hang gedhi-gedhi lebih dhemen nyetrum. Kanggone Alim nyetrum hing ana usaha hang katon. Lan nyetrum mateni anak-anake iwak cilik-cilik hang uga bisa dadi panganane welut. Masiya hing kerasa, nyetrum mung nyenengaken sedhilut. Kadhang mula akeh ulihe, bisa sak timba. Aju rame-rame welute digoreng, dipangan rame-rame.
   Taping hang sak timba liyane, akeh anake welut lan iwak hang matek keneng setrum, uga akeh hang matek merga ring dina-dina engkisuke hing bisa golet pangan.
   Dalu iku marek sembayang isak nong langgar, lare enem, Alim, Gelundung, Irik Tompel, Kacung Cemeng,  Kacung Putih, lan Jurik Dhengkol hang pawakane paling gedhi, mangkat melaku nggawa ampen pancing lan jajang sak meter dienggo ngelebokaken pancing nong elenge welut. Hing lali saben lare nggawa beras telung genggem hang arep diliwet dienggo mangan welute, wis diwadhahi pelastik nong esake dhewek-dhewek. Biyasahe, olahe nong pondhok parek umahe Kacung Putih, dadi panci, uyah lan liyane kari nyilih dijuwut teka umahe.
    Ulan andhung-andhung, muga bain welute hing isin keneng sunare ulan.
   Teka panggonane, lare-lare wis mencar golet eleng dhewek-dhewek. Nana hang nganggo sandhal merga celot-celotan iku kadhung nganggo sandhal bisa kecelep temenan.
   Wis ulih sepuluh menit, durung ana lare hang mberak ulih. Nong endi bain endane welute iki? batine Alim. Endane tepak raina ana wong marek nyetrum? Hing biyasahe, welut hing ana katon.
   Kira-kira wis ulih sak jam, durung ana welut hang diangkat. Alim ngomong: "Lare, kayane welute hing ana. Kelendi enake, mulih bain tah? Weteng wis elom."
   Pungkasane kabeh setuju mulih. "Aju mangan paran kene engko?" takone Irik Tompel.
   "Iwake urusanisun wis," jare Jurik Dhengkol. "Cung keloron, engko milu Isun ya?" Kacung Putih lan Kacung Cemeng manthuk, hing ngomong paran-paran. "Alim, Gelundung ambi Irik ngeliwet bain ring pondhok ambi golet godhong," jare Jurik.
   Sedurunge gadug pondhokan, lalare mencar. Irik Tompel, Gelundung lan Alim meliguk nengen nong pondhok nyiyapaken liwetan. Dene Jurik Dhengkol, Kacung Cemeng lan Kacung Putih ngiwa. Teka adohan katon ring boyoke Jurik Dhengkol arit nyengkelit.
   Hing sepira suwi, Jurik lan Kacung keloron wis nggawa pitik, wis dibeleh lan rijig kari nggoreng.
   "Hing ana welut, disiluri pitik, ya wenak bengi iki," abane Irik Tompel.
   Pitik aju dipeceli lan digoreng. Sega liwet wis mateng. Lalare hing serantan mangan liwetan ambi pitik goreng.
   "Isun endhase ya? Makene bisa mangan uteke, makene saya pinter Isun," abane Jurik.
   Marek madhang, lalare padha lungguh semendhe welangketen. Pitike wenak.
   Aju Alim takon, "Ulih endi pitik mauka?"
   Jurik semaur, "Wis tah aja kathik takon. Pokoke windhul yara?"
   Batine Alim wis rada hing enak.
   "Ihlasena wis Wiring, Lim. Iyane nyelametaken kene jak enem bengi iki."
   "Najis Rika iki Rik," saure Alim.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor