Urube Geni Jatidhiri
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 14 Mei 2024 07:57 WIB)
- Opini
Urube Geni Jatidhiri
Ditulis ring Hasan Basri
Kabeh weruh kadhung jaman iki melayune wis adoh lan terus melayu nerak paran bain kang nyerintungi lakune. Sing keneng dipungkiri jaman kang diarani globalisasi iki dikuwasani ambi polah laku konsumerisme kang dadi terusane kapitalisme. Polah laku konsumerisme iki nerak paran bain, embuh kang turu embuh kang njegog kabeh keneng serimpung. Awasenatah ring lurung, ring tukuk ring tipi kabeh ubeg kelawan semangat lan nilai-nilai konsumerisme. Polah laku konsumerisme iki sing mung ngumbah lan ngelir laku urip sedina-dina, naming uga ngumbah laku pikir lan imajinasi.
Pirang-pirangane abad donya ungkreg diidek-idek disingkal dipaculi ambi kang arane kolonialisme lan kapitaslisme. Ring endi-endi ditancebaken plang modernisasi. Mula paran bain ring ngarepe kang sing cocog ambi kang diarani modheren diterak lan dicamah dielok-elokaken. Kang diarani modheren iku mung kang melebu nong pikir. Kang sing melebu nong pikir kudu ditabrak. Mula spiritualitas iku mung dadi obyek olah pikir. Kerana spiritualitas mung dadi obyek pikir, sing getun kadhung sepiritualitase wong saiki iku garing, mung ana ring pikir lan buku. Spiritualitas sing dirasa-rasakaken, sing disurasa ring njero ati. Semono uga ambi jare kang diarane tradhisional. Akeh-akehe kang mambu-mambu tradhisional ya sing melebu nong pikir. Mula, kaya upacara adat, seni tradhisi lan sepiturute mung diwaca lan disinauni nganggo cara olah pikir. Pungkasane, upacara adat lan seni tradhisi mung dadi objek pariwisata. Upacara adat lan seni tradhisi diuri-uri kelawan semanget lan tujuwan nekakaken picis. Dhasar kapitalis, ya gedigu iku. Mikire mung picis. Acake parekana upacara adat lan seni tradhisi iku kelawan lebih ngeregani kabeh isine, utamane isi kang sing melebu nong akal yaiku isi sepirituale. Pantesane bain sapa kang gelem gedigu ya bisa ngedhuk jeru lan lebih bisa ngerasakaken lan weruh kelendi budayane dhewek.
Naming kita kabeh hususe wong Banyuwangi mupakat gok urube geni jatidhiri sing kira mati. Sing umik diuthik, sing gumbing dibanting. Sing ketunu dipanasi, sing kepus diudani.
Merjuwangaken jatidhiri mula sing entheng sanggane. Ngelawan hegemoni, ngelawan penindhesan akibate antarane yaiku kesane mencil, sing modheren, kolot lan sepiturute, utawa dikesanaken lan dicap masarakat kang sing realistis ngadhepi jaman.
Modhernisasi lan konsumerisme wis nyata ngeroti rasa agule generasi lan rasa agule bangsa. Akibate sampek saiki kita kabeh sing bisa mberejag cul teka cara pikir barat. Malah mamang lan wedi nyampekaken asil olah pikir kang orisinil, kang has pribumi. Maksude olah pikir kang rijig teka pengaruhe teori-teori lan isme-isme teka negara manca. Contone gedigi, nalika kita ndeleng kesenian Singa Barong Kemiren, ya delengen kesenian mau kelawan cara nyawang kang nganggep kesenian mau mula kesenian kang merujuk ring Banyuwangi kang duwe latar sejarah lan sosial dhewek kang dadi potensi lan kekuwatan sosial dhewek. Kadhung nyinauni Barong Kemiren nganggo cara sawang kemodherenan, engko Barong posisine dadi kesenian kang kudu dimodherenaken, polae tradhisional, sing jangkep teaterikale lan sepiturute. Dudu perkara ulih uwah tah sing. Paran bain uwah. Kadhung sing uwah iku padha bain ambi nerak koderat, anti budaya.
Ngadhepi jaman kang kaya iki, pantes diarani patriotisme kadhung wani nyuguhaken jatidhiri lan rasa sagah kang bisa njenggirataken maning kerenteg ngabudibangsa kang sejati, embuh iku ring ranah wacana, ranah teoritik uga ranah laku sedina-dina.
(Hasan Basri) 26 November 2008
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Buku Enam Mata Tentang Banyuwangi
Editor: Antariksawan Jusuf