Kembang Ronce 2021, Kumpulan Cerita Cendhek Kaping Sanga

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 11 Juni 2022 04:59 WIB)
- Dari Redaksi



Kumpulan cerita cendhek hang nganggo basa Using, Kembang Ronce, iku wis kaya tradhisi, ajeg metu saben taun sakat taun 2013 sampek 2021.
   Kembang Ronce 2021 iki dikelumpukaken teka asile Lomba Nganggit Cerita Cendhek Basa Using 2021. Wis sangang taun nana mandhege naming mula hang taun 2021 iki rada kesandhet merga ana pageblug. Pengumumane bain dianakaken ring ulan Desember 2021 dadi terbite mula ngelebihi taune. Hang kudune taun 2021 malah mundur nang taun 2022.
Sangang taun lomba lan nerbitaken bukune, akeh pisan njumbulaken penulis anyar hang nduweni bakat apik lan kuwat.
Munggah mudhune jumlah peserta uga ana saben taun, nawi disebabaken pageblug hang durung uncal lan sekolah magih akeh dilaksanakaken kelawan njero kawat (daring), naming iku kabeh sing ngurangi semangat lan niyat hang kuwat teka Paguyuban Sengker Kuwung Belambangan saingga lomba lan nerbitaken buku kumpulan cerita cendhek asile lomba tetep bisa kelaksan saben taun.
Taun 2021 naskah hang ditampa panitiya kategori umum ana 34 naskah dene peserta lare sekolah ana 6 naskah, mulane kategori lare sekolah hang kawitan ana SD, SMP lan SMA lan sakat ring taun kepungkur didadekaken siji SMP lan SMA merga pesertane hing nyukupi kuota minimal peserta. Dene kategori SD sakat pirangane taun kepungkur wis sing ana hang miloni.
Iki kudu dadi wigatine para guru pengajar kabeh, merga kurange minat peserta hang miloni lomba iki nduduhaken gok lalare sekolah kurang akeh dhukungan nyang bab nguri-uri basa Using hang wis diwulangaken ring sekolah. Muga-muga taun ngarep lomba iki bisa akeh dipiloni lare sekolah maning.
Ana pisan pirangane uwong hang patheng lan ajeg saben taun miloni lomba, iku seru nggawe ati mongkog lan girang, merga tujuwane kabeh padha, dudu milu mung merga kepingin ulih hadhiyah pemenang naming tujuwan hang lebih gedhi yaiku milu nguri-uri basa dhaerahe makene sing musna kelindhes basa liyan hang lebih gedhi lan saya kuwat pengaruhe nyang generasi lalare nom-noman.
   Ana pirangane penulis hang wis dadi juwara ping kaping-kaping lan hing ulih maning milu Lomba, naming dikongkon nggawe kumpulan cerita sak buku dhewek. Hang wis kelaksan yaiku Ahmad Muzakky El Fayed (Lancing Tanggung), Ridzkiya Kalimatus Sholeha (Kembang Galengan).
Hang cerita cendheke kepilih ana ring Kumpulan Kembang Ronce 2021 iki bisa ulih bukune kelawan hing mbayar. Dene hang durung melebu arane naming kepingin nduwe bukune ya bisa tuku ring toko buku Timur Bersaudara elore Perliman.
   Nong ngingsor iki daptar isine:
Bab 1 Kategori UMUM:
1. Tobat (Urip Limartono Aris)
2. Tuku Welas (Nur Hidayah)
3. Ring Ndhuwur Langit Ana Langit (Lirix Al Harir)
4. Untung (Nur Hidayah)
5. Gerahana Ulan lCindy Erlita Putri)
6. Aranisun Walidah (Nur Aini)
7. Widodari Donya (Ida Nur Safitri)
8. Kemerincing Sikile Danyang Sayu Sarinah (Cindy Erlita Putri)
9. Ana Arane Ilang Ragane (Luthfi Syarfiyah)
10. Kalila (Awing Wahyono)
11. Pupuse Kembang Cicir ring Banyuwangi (Andisep Kurniawan)
12. Juru Kunci Makam (Urip Limartono Aris)
13. Sing Ana Sara (Siti Maesaroh)
14. Diumani Poh Kethowak (Mahawan)
15. Beling Kaca (Siti Maesaroh)
16. Mapag Mobyore Damar (Mahawan Cung)
17. Kesengsem Gandrung (Wowok Meirianto)
18. Langir (Andisep Kurniawan)
19. Kuliyah Mung Bandha Dongane Emak (Moh. Ainur Rohman)
20. Kopong (Cak Girin)
21. Sabuk Mangir (Joko Avica)
22. Onthel Warisan (Moh. Novi Yusuf)

Bab 2 Kategori SMP/SMA:
1. Belang Telon (Vidya Dzurotun Nafisa)
2. Dulit (M. Ghani Shaka)
3. Kepilis (Kezia Kalonika)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor