Tetanen Pari Cara Wong Using (Bagian 2 teka 3)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 22 Februari 2024 08:25 WIB)
- Laporan



Tetanen Cara Wong Using (Bagiyan 2 teka 3)

Wis umum kebutuhan menungsa iku akeh maceme. Kebutuhan iku sakat teka sandhang, pangan, papan lan kebutuhan liyane. Mungguhe wong urip, kebutuhan hang pasti iku salah sijine yaiku pangan. Ring Indonesia, panganan utamane yaiku sega (pari). Indonesia kejuluk negara Agraris mergane sumber penguripan hang paling utama teka tetanen.

Hasil tetanen hang paling gedhe ring Indonesia wis umum yaiku pari. Mangkane Indonesia dadi salah sijine lumbung pari ring donya. Kelendi tata carane nandur pari mesthine kudu diweruhi, aja mung ngartine kadhung wis dadi beras utawa sega. Sedurunge jaman maju kaya saiki, tata carane tetanen pari magih nganggo cara tradhisional. Mungguha wong Using, tata carane nandur pari iku akeh macem carane. Sakat nyiyapaken lemah sawah, nyiyapaken winihe sampik engko wayah panen iku akeh hang kudu dilakoni ambi wong tani.

Ring tulisan iki, arep Sun jelasaken istilah-istilah tetanen pari carane wong Using. Sakat teka kawitan sampik pungkasan nggampung. (Bagiyan 1 wis njelentrehaken Nyiyapaken Lemah).

2. Nyiapaken Winih Pari

Sakdurunge sawah bisa ditanduri pari, mesthine ya kudu ana winih hang arep ditandur ring sawah. Nyiyapaken winih iki antarane:

1.     Ngurit, ndhedher winih pari ring uritan. Uritan yaiku sawah sak kedhokan hang mari diratan lan diaragi kanggo nyembur gabah hang arep dienggo nggawe winih pari.

2.     Ndhaut, mbedhol winih pari hang wis siyap ditandur. Winih pari hang siyap didhaut kira-kira umur 20 dina.

    Pitungan akehe winih pari ring dhautan yaiku:

1.     Sak Tempah, winih pari hang akehe  rong (2) ketheman tangan.

2.     Sak Werekis, winih pari hang akehe lima sampek wolung (5-8) tempah.

3.     Sak Pikul, winih pari hang akehe rong (2) werekis.

Sakliyane iku ana istilah umure winih pari yaiku:

a.      Ndhengkul siji, winih pari hang wis metu erose siji kira-kira umur 25 dina.

b.     Ndhengkul loro, winih pari hang wis metu erose loro kira-kira umure lebih teka 30 dina.

3. Wayah Tandur

Kadhung lemah kedhokan wis siyap, winih pari wayahe ditandur. Tandur yaiku nancebaken winih pari ring kedhokan. Carane tandur iki ana pirang macem:

a.     Jiwir, winih pari hang ditancebaken angger bolongane sithik kanggo ngirit winih parine.

b.     Suwel, winih pari hang ditancebaken angger bolongane rada akeh makene mbisuk anakan parine akeh.

c.      Sipatan, carane nandur pari nganggo sipat. Tandur sipatan iki tujuwane makene pari hang ditandur bisa kenceng lan rata.

d.     Sulam/Nyulami, nambeli wit pari hang mati sakmarine tandur kira-kira umur limang dina nganggo lebihane winih pari hang durung ditandur. Biyasahe pari hang mati iki merga kuthung utawa dipangan kul. Kadhung umur pari wis Gemundha, sulame dijuwutaken teka pari hang akeh anakane.

Sakmarine tandur, tanduran pari kudu terus dirumat makene apik hasile. Paran hang dilakoni ngerumat pari sakmarine tandur yaiku:

a.     Matun, ngerijigi suket-suket hang ngganggu ring tanduran pari kayatah gundha, weweyan, genjer, semanggi, ciwawut lan suket liyane hang merujuk ring antarane wit pari. Biyasahe matun iki dilakoni ping pindho yaiku tepak wayah gemundha ambi tepak wayah ngarepaken melecuti.

b.     Rabas Galeng, ngerijigi suket-suket hang ana ring galengan makene katon rijig lan sing dadi panggonan urip hama pari. Biyasahe rabas galeng iki bareng ambi matun.

c.      Ngemes, nyemburaken emes (pupuk) makene lemah kedhokan dadi subur lan uwit pari bisa sehat lan emu-lemu akeh anakane.

d.     Nyemprot, mateni hama tanduran hang ngganggu uripe pari kayatah walang sangit, wereng, sundep, kul kuning (keong mas) lan liya-liyane.

e.      Ngeleb, mbanyoni lemah kedhokan hang wis mangkat asat. Ngeleb iki biyasahe dilakoni tepak arepe matun ambi tepak pari wis wayah misi (ngisi). Pari wayah misi butuh banyu makene seger lan pari bisa misi sampurna.

4. Aran-aran umure pari:

Tandur, pari hang buru mari tandur umure antarane 0-5 dina.

Gemundha, umur pari kira-kira 25-30 dina. Diarani gemundha mergane ring sela-selane pari iku banget-bangete merujuk gundha.

Meteng, umur pari kira-kira 50-60 dina. Ring uwite pari wis katon calon uwohe pari.

Melecuti, umure pari antarane 65-70 dina uwohe pari/gabah wis mangkat mecungul teka uwite. Naming gabah iki magih rupa kulit durung ana isine.

Misi/Ngisi, umur pari antarane 80-85 dina, gabah hang kopong wis mangkat ana isine beras. Ring wayah misi iki wujud berase magih durung padhet.

Bangcuk, umure pari antarane 90-100 dina, gabahe wis isi sampurna. Wujud berase wis padhet sampurna nganteni tuwek temenan sampik wayah nggampung.

Kuning, pari umur 110 dina lebih, pari wis siyap digampung.

(Ana sambungane).

 

(Satria Pujangga)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor