Tetanen Pari Cara Wong Using (Bagiyan 1 teka 3)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 21 Februari 2024 06:51 WIB)
- Laporan



Tetanen Pari Cara Wong Using (1 teka 3)

Wis umum kebutuhan menungsa iku akeh maceme. Kebutuhan iku sakat teka sandhang, pangan, papan lan kebutuhan liyane. Mungguha wong urip, kebutuhan hang pasthi iku salah sijine yaiku pangan. Ring Indonesia, panganan utamane yaiku sega (pari). Indonesia kejuluk negara Agraris mergane sumber penguripan hang paling utama teka tetanen.

Hasil tetanen hang paling gedhe ring Indonesia wis umum yaiku pari. Mangkane Indonesia dadi salah sijine lumbung pari ring donya. Kelendi tata carane nandur pari mesthine kudu diweruhi, aja mung ngertine kadhung wis dadi beras utawa sega. Sedurunge jaman maju kaya saiki, tata carane tetanen pari magih nganggo cara tradhisional. Mungguha wong Using, tata carane nandur pari iku akeh macem carane. Sakat nyiyapaken lemah sawah, nyiyapaken winihe sampik engko wayah panen iku akeh hang kudu dilakoni ambi wong tani.

Ring tulisan iki, arep Sun jelasaken istilah-istilah tetanen pari carane wong Using. Sakat teka kawitan sampik pungkasan nggampung.

1. Nyiyapaken Lemah Kedhokan

Sedurunge pari ditandur, mesthine kedhokane kudu disiyapaken sulung. Urutan-urutane yaiku:
a.      Mecah Galengan/Ngepluk Galengan yaiku mbecikaken galengan hang bocor. Galengan hang bocor kerana galengane wis mbeledhog utawa dibolongi geruyu dipacul kanggo njuwut geruyune. Aju galengan hang mari dipacul diurug maning.

b.     Nambaki, yaiku nganyari galengan hang mari dipecah. Galengan hang mari dipecah mau dipopok nganggo endhut makene wutuh lan anyar. Sing ana galengan hang bocor maning. Iki dilakoni makene kadhung wayah nyingkal kedhokan cukup banyune lan sing bocor.

c.      Nyingkal, ngolah lemah sawah makene embuk lan gembur. Jaman bengen kejen singkal magih ditarik ambi kebo utawa sapi. Naming saiki wis ana singkal mesin utawa traktor.

d.     Ngelowed, ngalusaken/ngajuraken lemah singkalan hang magih arupa kampalan lan kari-karine dami makene alus lan dadi endhut temenanan.

e.      Ngeratan/Neter, ngeratakaken lemah endhut sawah hang mari dilowed makene rata lan gampang ditanduri.

f.       Ngeremponi, ngilangaken lan mbuwang romot hang kemambang ring ndhuwur sawah ratan. Sarate ngeremponi iki banyune kudu kembung makene romote bisa kemambang.

g.     Arag-arag, arag-arag emeh padha ambi ngeremponi, naming sing nganggo teter hang ditarik sapi utawa kebo. Arag-arag iki biyasahe ngango sirap hang disurung bain nganggo tangan. Tujuwane makene romot hang sing katut bangete ngeremponi bisa dijuwut lan dibuwang lan lemah kedhokane bener-bener rijig lan rata, siyap ditanduri pari.

Ring antarane wektu nyingkal ambi ngelowed iki lemah sawah digeningaken Mbalong ambi nganteni winih pari siyap ditandur. Polae bengen sakmarine nggampung, mesthine ndhedher winih pari dhewek, sing kaya saiki wis ana wong adol winih pari siyap tandur. (Ana sambungane)

(Satria Pujangga)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor