Anggitane: Nur Holipah
(Sabtu, 11 Januari 2020 12:22 WIB)

(Anang Ajin) Mulih Selawase


Ring pucuke tilpun, seru ciute atine Mak Tik semasa rungu suwarane Adon ngewartakaken gok Anang warang sampek sing arep madhang. Merga sak warang-warange Anang, masiya sega sak puluk magih gelem dipangan. Golet tambane paceke pijet ning Mbah Jumanah, ngombe jamu, utawa digeningaken sedina rongdina bisa waras. Warange merga umure wis ‘akeh’. Wis tuwek.  Sipat warang, Anang nggegupuh hang seger mergane dhemen celak-celuk hang wis singana. Dirungokaken seru nyekaeni.

Mak Tik maksa gok Anang kudu digawa merene, ngalor nyang Giri.

“Ning kidul isun sing bisa saben dina weruh Apak, Mak. Sing bisa kecal-kecul pisan, pegawean bisa dhedhegan morat-marit. Dhung ning kene yara isun bisa nyambi, masiya ambi olah-olah pesenane uwong. Sedilut nginguk-sedilut nginguk bisa. Kadhung Apak sing arep madhang digu, isun saya kepikiran ring kene...” Ucape Mak Tik, keranta-ranta.

 “Isun emong! Kelendi jare uwong (tangga)?” Adon semaur, nulak.

“Dadi repot jare uwong, ndika niki Mak! Apak niku sakit, emak niki gandhengane...” Jawabe Mak Tik, serangne wis kudu-kudu mapag Anang digawa ngalor.

“Yong ning kene ana adhik-adhik ira...” Ucape Adon, magih sing aweh. Rungu gedigu, Anang ya nulak. Merga sekaken nang anak-anake, gulakane saya ngeruwedi.

***

Dina Jemuah mari maghrib, montore Jonupik disewa kanggone mapag Anang. Mari bandel-bandelan, Adon wis sepakat gok Anang tirah merene. Adon ya milu pisan, dheweke wis pamitan nyang Adon Harisah sing milu matun sulung.

Rupane Anang katon acum, diterak kulite hang kisut. Longong, matane jelkong. Wis gering, saya katon gering. Dicemak awake kerasa panas. Sambatane angger boyoke jare lara. Anang dipanggonaken ring kamar ngarep, umahe Mak Tik. Cendhela digeningaken ngemblang. Anang jemujung sing gelem diselimuti. Dienggoni kaos kaki, diuthak maning. Bantalan rada dhuwur, kiwa tengen didhang-dhangi guling. Kadhung biasae ngombe nggelogok dhewek, iki leren didulangaken nganggo sendhok. Anang wis sing kelar nggegem gelas, nyalinga gedigu, njejegaken awake leren ditahan makene sing rubuh.

Taping Anang wis gelem madhang, akehe sepuluk rong puluk. Paran penjaluke, age-age Mak Tik nggoletaken. Kaya arep kukusan sawi ambi godogan energen. Dudu arep hang nyeremuh.

Lambene mingkem rapet, sampe rada garing. Sepisan-pisan denguh kala ngingser awake. Merga sambat gok boyoke nemen larane. Anang wis sing pati bisa nenger sapa putune. Ditekani, ya mung nulih sak tulihan terus temungkul maning, utawane manthuk terusane ambi njaluk sepura ring lisane hang wis sing pati keca.

Ulih telung dina, Anang digawa periksa. Acake makene weruh paran setemene penyakite Anang iki. Gadug ring dhokter Claudia ring Gentengan kana, Anang dijaluk kon nggawa nyang Rumah Sakit bain. Serta digawa nyang Rumah Sakit, Anang diperiksa nawi tah ana darah rendah utawa penyakit hang kaya ana ring jaman saiki, akeh maceme. Temakena kabeh normal. Mula Anang sing tau duwe riwayat penyakit paran-paran. Anang terus diweni obat nggo nyuda panas awake, lan rasa linu ring boyoke makene rada aron.

Obat hang diuweni dhokter alon-alon diombekaken, mulane Anang rada enak turune. Sing kaya kawitan teka, saben bengi magih ndrini-ndrini.

***

Genep ulih seminggu, lisane Anang saya ngelantur.

“Kendhalinisun iki meh pedhot wis...” Alon lan idhing ucape wis sing pati keca. Mak Tik ambi ndulang bubur, kerasa semendhal atine. Obat hang diuweni dhokter wis entek. Karepe nak digawa maning, kanggone periksa.

“Ngomong paran sih Apak iki..” Saure Mak-isun.

“Adus, isun arep adus...” Ucape Anang maning.

“Pak, wau pun siram. Panas-panas ngeten siram mboten apik...” Alasane Mak Tik. Panas cemiklak ring njaba.

“Banyune entek dienggo Dik umbah-umbah Kang Ajin...” Abane Adon, menging.

“Kudu adus isun... Celukna Ali.. Mulih. Ayo mulih...” Ucape Anang terus-terusan njaluk mulih. Ambegane Anang ngangsur-ngangsur.

“Nginum Pak?” Mak isun nawani. Anang manthuk. Awake Anang dilungguhaken, boyoke teka mburi dicekeli. Arep diselehaken maning awake, Anang kelaran.

“Aduuuuh...” Awake gemeter, cangkeme terus mingkem rapet. Matane cengeng sing ubah. Tangane nggegem kaku.

“Pak, Apak....” Mak Tik nyeluki Anang. Merga kaya sing sadhar, taping melek. Iluhe Mak Tik mbrebes.

“Dhik, juwutena Qur’an Dhik...” abane Mak Tik nyang Mak-isun. Tangane Anang sun cekeli makene sing nggegem kaku.

“Nang, Anang...?” Celukisun ambi lungguh ring tengene.

“Hang anter Tik, ngajekna Anange. Engko tah yara dhemen..” Setemene isun paham, Mak Tik nggedekaken atine. Sing bisa muni wanter ulihisun ngaji merga diterak banyu mata hang tebluk ngepusi pipi. Ciyut temenan atinisun, nulih Anang.

“Ali... Wis teka Ali? Mulih... Mulih bain...!” Anang balik sadhar, magih ngomong njaluk mulih.

“Ali ning dalan Pak... Enggih, wangsul...” Ujare Mak Tik ngapusi.

Bangete tengah dina, ngarepaken wayahe wong Jumatan, Mak Tik balik nyeluk Jonupik kanggo ngeteraken Anang mulih ngidul. Cak Ali ditilpun sing gage semaur. Anang wis sing kanti nganteni.

***

Anang wis gadug. Gadug Bades, bangete wong magih khotbah ana ring masjid. Sak mudhune wong Jumatan kabeh padha mara nyang umahe Anang. Umah cilik dadi supek merga ebek wong teka ngewartakaken. Anang ana ring kamar magih dingajikaken Yaa-Siin. Mak Tik, Mak-isun, Cak Ali lan Cak At wis lungguh mubengi awake Anang.

Sing sepira suwi, Anang dipapag. Wis wayahe kanggo mulih. Singana hang sing ngerasa kelangan, kabeh padha tangisan.#

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Cerita tau diuwot ring Majalah Lontar (Balai Bahasa Jawa Timur) edisi 15 (Juli-Desember 2018)

Editor: Hasan Sentot