Anggitane: Urip Limartono Aris
(Minggu, 26 September 2021 10:50 WIB)

Arep Dadi Apak


Serngenge raina iku tepak panas kementhang. Dalan-dalan ring kampungan panggonan pegaweyane Saipul katon garing. Lebu mubal-mubal keneng angine sepidhah montor hang liwat. Ring bucu dalan kampung iku, katon umah hang buru dibangun, magih katon mung pondhasine. Wangune umah iku duwene wong sugih ring kampung kana. Ndeleng pondhasine bain katon wera, paran maning dhung wis dadi umah. Kamare ana lima, ana cedhinge dhewek-dhewek.

Umah hang dibangun iku let rong kampung ambi umahe Mujaki. Saipul hang magih manggon ring umahe Mujaki, budhal mulih megawe milu Man Dorik hang nunggang sepidhah montor. Paran maning umahe Man Dorik magih sak kelupekan ambi umahe Mujaki.

“Sira sing usah bingung nunggang paran megawene Pul, engko budhal mulih bareng isun. Isun sepidhah montoran dhewek. Lan angger budhal mulih  megawe isun mesthi liwat dalan ngarep umahira, dadi menisan suncangking Sira,” jare Man Dorik rikala nawani pegaweyan Saipul telung ulan kepungkur.

“Enggih Man, Kula nak nyegat teng ngarepan,” jawab Saipul.

Teka wong lima hang megawe, katon Saipul ngudheg luluh ambi keringete deredesan ngeresep ring kaose. Saipul wis telung ulan iki milu megawe Man Dorik dadi kuli bangunan. Masiya mung dadi kuli bangunan, Saipul persasat laki hang tanggung jawab nyang rabine. Saben dinane Saipul sing tau lali nguweni picis belanja nyang Onah. Iyane milih keloman dhewek timbang rabine hang elom. Paran maning sing kari suwi, iyane wis arep dadi apak. Seru pathenge Saipul golet picis dienggo bandha lairan anak hang kawitan.

“Pul ... luluhe aja pati encer yah, tambahana semen sithik maning. Sira iki megawe aja pati mata walangen bain tah. Paran hang dipikir?” abane Man Dorik ambi masang bata.

“Enggih Man,” Saipul semaur sing kathik nulih nyang Man Dorik.

Sing kariya suwi, Saipul nggawa timba loro isi luluh dideleh ring sisihe Man Dorik. Ambi nyeka keringete, Saipul takon nyang Man Dorik. “Man.. upah megawe iki kan magih Sabtu ngarep. Kadhung rabinisun ujug-ujug ngelairaken, Isun njaluk tulung nyilih picis Rika sulung yah, Man. Awit, jare bidhane wis bukaan siji, kari ngitung dina bain”.

“Iya.. gampang iku Pul. Masa Isun arep meneng bain ndileng anak buah butuh picis,” jare Man Dorik ambi ngudheg luluh ring timba.

Kerungu jawabe Man Dorik, Saipul rada lega atine. Iyane sing kari bingung maning golet silihan picis kanggo nyiyapaken lairane anake hang kawitan.

Sedurunge, pegaweyane Saipul rada morat-marit. Iyane terus mikiraken nyang endi golet picis kanggo bandha lairan anake. Mangka upah megawene magih enem dina maning. Iku bain durung tamtu nyukupi kanggo bandha lairan. Pungkasane Saipul megawe ambi mata walangen terus mikiraken golet silihan picis.

“Pul...” jare Man Dorik dhonge lautan raina ambi mangan. “Sira aja ngerasa hing enak ambi Isun. Isun iki kanca mertuwanira sakat enom ring proyek bangunan. Wis kaya dulur dhewek. Kadhung Sira butuh paran bain, aja isin-isin. Kadhung ana, Hun mesthi nulung,” jare Man Dorik.

“Enggih Man. Kula diejak medamel pun kesuwun. Kula mboten kepingin nyerintungi malih. Serehne kepepet, kepeksa Kula mungel niku wau,” saure Saipul ambi rada isin-isin.

“Iya wis, hing paran-paran. Kapan-kapan, kadhung ana butuhe, Sira aja isin ngomong ambi Isun,” janji Man Dorik.

* * *

Soren iku warung-warung ring dalanan umahe Mujaki wis padha tata-tata. Ana hang ngetap meja kanggo mangan langganane, ana uga hang buru mbecikaken terope. Merga ngarepaken Magrib, warung-warung iku wis padha bukak. Hang aran panganan paran bain, ana ring kana. Mula ring dalanan iku dihususaken kanggo wong adol panganan, istilahe pasar kuliner. Digu iku programe camat kana kanggo ngurangi wong-wong adol panganan sak dalan-dalan, sak kecamatan. Jarene geningena katon rijig wilayah kecamatane. Wong dodol panganan sing pating telecekan ring dalan-dalan, dadi didadekaken siji ring dalan ngarepe umahe Mujaki. Paran maning dalan ring ngarepe umahe Mujaki iku kesuwur dalan mati. Anane warung-warung ring terotoar, dalan iku dadi tambah rumang.

Wangune Onah buru mari adus. Rambute magih katon kelumus. Iyane katon seger, masiya wetenge katon mbedhis. Bobotane wis sangang ulan, wis wayahe lairan. Kari nganteni dina bain jare bu bidhan.

“Nah... lakinira wis teka tah?” takon Rohayah nyang Onah.

“Durung Mak,” jawab Onah ambi lungguh nyang teritisan umahe.

Rohayah ana ring jero kamar. Iyane magih ubed nyeka hang lanang nganggo banyu anget. Wangune Mujaki magih bain takon perkara suwarane manuk Gagak mabengi. Magih ana rasa wedi nyang atine. Paran maning wis telung ulan iki iyane mathang-mathang ring pelanca. Larane sing aron-aron.

“Dhik ... Rika sing kerungu kabar wong mati tah teka lospeker langgar?” takon Mujaki.

“Sapa hang mati Kang.. sing ana wong mati. Rika iki magih bain mikir suwarane manuk Gagak mabengi!” jare Rohayah.

“Ya jare wong tuwek-tuwek bengen, kadhung ana suwarane manuk Gagak, iku pirasat engkesuk ana wong mati. Isun wedi Dhik, paran maning Isun saiki kadheman sing aron-aron,” akune Mujaki.

“Sing usah mikir hang sing-sing, tiwas engko kepikiran, drop ... larane sangsaya banget. Hang penting saiki mikir hang apik-apik bain. Pasrah nyang Pengeran.. urip lan pati iku hang ngatur Pengeran, Rika lan Isun iki mung ngelakoni bain. Hang penting Rika lan Isun wis ihtiyar,” jawab Rohayah.

 Ambi ngelambeni Mujaki, Rohayah kerungu suwarane Saipul melebu ring umah. Wangune Saipul buru bain mulih teka pegaweyane diteraken Man Dorik. Ring mburine Onah ngetutaken ambi nyekeli wetenge hang katon rada nggelandhot.

“Kampah riyin, Man!” ucap Onah ring Man Dorik.

“Kesuwun wis, Nah. Kapan-kapan bain Isun nak ndileng apakira,” jawab Man Dorik sing kathik mudhun teka sepidhah montore.

Sing sepira suwe, Mansur nututi melebu umah. Wangune iyane buru mulih main tembung ambi kancan-kancane. Kaose diselempangaken ring pundhake, keringete katon magih mili ring dhadhane.

“Sur ... delengen tah keringete. Aja endak melebu cedhing sulung, ngisisa sulung geningena asat keringete. Maning kari kothor kabeh awake yah, main tembung ring endi Sira Lik?” takon emake ambi nggawa cembung isi banyu pecake nyeka hang lanang.

“Ring kebonane Man Pa'i, elore kuburan ika yah Mak. Mula rada belethok, mau gerigis,” jare Mansur.

* * *

Ring kamare, Saipul cerita ambi rabine gok iyane wis ulih silihan picis dienggo bandha lairan. Mangkane Saipul njaluk Onah sing usah mikir jeru ngenani bandha lairan.

“Dhik, Rika sing usah mikir maning masalah bandha lairan, Isun wis ulih silihan. Muga-muga cukup dienggo bandha lairan anakisun lan rika iki,” jare Saipul nyang rabine.

“Nyilih nyang sapa Rika Kang, aja nyilih picis bunga ya Kang. Engko tah kaya Mbok Sulik, kebelelet utang bang minggon sampek adol umah. Mangka umah iku asile tuku ambi ruwahe lakine. Saiki Mbok Sulik milu anake hang megawene magih serabutan,” jare Onah.

“Using Dhik, aja kuwatir, iki dudu picis bunga. Isun nyilih nyang Man Dorik. Engko bangsule ngangsur seminggu sepisan. Saben bayaran, engkok dipotong sithik ambi Man Dorik,” jare Saipul.

“Alhamdulillah Kang, magih ana dalan, masiya kudu nyilih sulung. Man Dorik iku mula kancane apak sakat bengen. Wonge apikan, sing mentala-an nyang wong liya hang butuh pitulungan. Mangka wonge apik, taping sampek saiki ya sing rabi. Endane sing ana wong wadon kang kepincut tah Kang,” takon Onah.

“Nawi durung ketemu jodhone Dhik,” jare Saipul ambi metu nggawa andhuk nuju cedhing.

Durung sampek Saipul metu kamare, mara-mara Onah meringis-meringis nyekeli wetenge.

“Mak ... Mak ... apuwa Onah Mak. Katon kelaran wetenge yah,” Saipul berak-berak nyeluki Rohayah hang magih ring sumur.

Kerungu Saipul berak-berak, Rohayah gancang-gancang melayu nyang kamare anake. “Ana paran Pul.. Apuwa Onah?” Rohayah takon.

“Sing ngerti Mak,” jare Saipul ambi nduding Onah hang kelaran ring pelanca nyekeli wetenge.

“Paran hang Sira rasakaken, Nah?" takon Rohayah gupuh. “Kadhung gedigu, ayo wis nyang bidhan bain”.

Sing kathik pamitan ambi Mujaki, ketelon gancang melaku nuju ring umahe bidhan Ami. Ring ngarepan umah, Rohayah pesen nyang Mansur kadhung iyane ambi Onah lan Saipul arep nyang bidhan Ami.  

Onah katon melaku edheng-edheng ambi dituntun lakine. Rohayah nyulungi nyang umahe bidhan Ami. Ambi cincing-cincing tapihe, iyane rada ambi melayu. Iyane wedi kadhung bidhan Ami sing ana nyang umahe.

Wonten menapa Mbak Rohayah... Onah sampun keraos tah?” takone bidhan Ami weruh Rohayah keberet-beret nyang umahe ambi nyincing tapihe.

“Enggih bu bidhan, niki larene melampah meriki kalih lakine,” jare Rohayah ambi kongos-kongos.

Wong telu, bidhan Ami, Rohayah ambi Onah katon ring njero kamar periksa. Bidhan Ami katon mitek-mitek wetenge Onah, terus ndeleng dalane bayi. “Iki wis mulai lemes Mbak Rohayah, tapi tasih bukaan loro. Wis gak suwe maneh iki Mbak Onah. Ben ra repot, ngenteni kene wae,” jare bidhan Ami.

Onah katon bingung. Iyane sing gelem nganteni ring umahe bidhan. Iyane tetap njaluk mulih bain. “Isun nganteni ring umah bain Mak,” jare Onah nyang emake.

Pungkasane ambi ngerasakaken lara, Onah melaku edheng-edheng ambi Saipul lan emake. Ketelon mulih nyang umahe nurut terotoar. Sing weruha, ring umahe wis ana tamu, dulur hang buru bain pindhah ring Sidoarjo.

“Yee... wis suwi tah,” jare Rohayah.

“Buru bain melebu. Jare Mansur, Rika ambi Onah lan Saipul nyang bidhan. Wis arep lairan tah Onah?” takon Mbok Tik.

Rohayah melebu lungguh ring kerusi ambi Mbok Tik. Onah diteraken Saipul melebu ring kamare. Buru bain wong loro hang nyang ruang tamu padha nyeritakaken kahanan keluwargane dhewek-dhewek, mara-mara Saipul ngagetaken mberak teka kamare.

“Mak... Onah, Mak,” jare Saipul.

Rohayah gancang-gancang melebu kamare Onah. Ring ndhuwur pelanca katon Onah lungguh ngogrok. Pelancane kepus ambi banyu ketuban hang wis mbelambang sak pelanca. Gancang-gancang Rohayah ngajak Onah balik maning ring umahe bidhan Ami. Mbok Tik hang ring ruang tamu ditinggal.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor