Arja Blambangan: Kutha Nagari 1705-1764 (Bagiyan 1 teka 3)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 03 Maret 2025 08:33 WIB)
- Opini



ARDJA BALAMBANGAN RING ALAS KEBRUKAN:
KUTHA-NAGARI BALAMBANGAN (1705-1764)
Ditulis ring Hidayat Aji Ramawidi
 
Kedaden utawa sing, ngalihe Ibukota Republik Indonesia ring Kalimantan iku tema hang apik dienggo gesah ahir-ahir iki. Ana hang pro lan kontra iku wis biyasah, pokok hang menang kudu tetep Bangsa Indonesia.
   Ring sejarahe Kerajaan Balambangan, ngalihe Kuthanagari tau kedadeyan ping kaping-kaping. Rikala kerajaan iki diedegaken ambi Mas Sembar ring taun 1478, Kuthanagari-ne ana ring Semboro hang saiki kelebu Kabupaten Jember. Aju ping pira maning ngalih, yaiku ring Tepasana (Lumajang), Puger, Kedhawung, Macanputih, Wijenan, Kebrukan (Ardja Balambangan), lan Lateng.
   Rong panggonan hang disebut pungkasan, sampek seperene magih dadi perdebatan ring antarane para sejarawan. Setemene aran iku rong panggonan tah mung siji.
   Cerita iki dikawiti nalika Pangeran Mas Purba bisa ngerebut tahta teka tangane pamane dhewek hang aran Pangeran Pati I Mas Macanpura ring taun 1697. Pangeran Mas Purba nganggep Istana Macanputih wis ilang wibawane merga tau dipanggoni musuh. Mula iku Pangeran Mas Purba hang kala iku wis dadi raja anyar lan nganggo gelar Prabu Danureja, merintahaken kanggo nggoleti papan panggonan anyar hang pantes dadi Kuthanagari Balambangan mbisuke.
   Sakwetara iku, iyane manggon ring Puri Wijenan antarane taun 1697-1705.
Ngabehi Sutanaga, ngewani penemu gok Kuthanagari anyar iku dibangun ring wilayahe yaiku ring Wana Kebrukan, hang lebih parek nong pantai sebelah wetan, dadi lebih gampang menyang-mulih teka segara Supitan Balambangan, hang dadi dalan ekonomi donya kala iku. Mula iku, kaya hang disebutaken ring Babad Tawangalun, wayah pemerintahane Prabu Danureja, Kerajaan Balambangan dadi negeri hang makmur lan gemah ripah loh jinawi. Dadi, Sejarah kerajaan Balambangan sing mung diisi ambi perang bain, tapi uga pembangunan lan kesejahteraan rakyate.
“…kacapa Pangéran Danuraja kawarnaha kutha nenggih Wijénan ing laminira wolung warsa ing laminé nulya ngalih kutha sira babad Wana Kebrukan ing watara laminipun nulya dados kang negara, karta karti kang negara. Murah kang sarwa tinumbas saha wowohan sesaminé tetaneman sedaya gesang murah kang sarwa cinipta tan ana kiranganipun sagungé wong sanegara.”


Analisis Panggonan Pastine Alas Kebrukan


   Tepak nyebut aran Alas Kebrukan, ana pitakonan; ring endi papan panggonan pastine Istana Kebrukan iku, taun pira dibangun, lan sakat kapan dipanggoni? Mula iku, ayo digoleti!
   Kawitan ayo diitung sulung taun ngadege Kuthanagari ring Alas Kebrukan iku. Ring Babad Tawangalun mau wis disebutaken Prabu Danureja madeg ratu ring Wijenan suwene 8 taun, yaiku teka taun 1697-1705. Sakat umure 15 taun sampe umur 23 taun. Perkara nong endi papan panggonan pasthine Alas Kebrukan, pirangane sejarawan duwe penemu dhewek-dhewek.

Jare C.Lekkerkerker (1923) ring buku ‘De Indische Gids’, Alas Kebrukan iku ana ring Lateng, hang parek ambi Ulu Pangpang. Delengen kutipane teka buku iku mau;
“…membuat Kuta baru dalam hutan Kebrukan di Lateng dekat Ulu Pangpang, di teluk Pangpangbaai. Barangkali Arja Blambangan sisa-sisa dari tembok Veener Kuta panjangnya 1.800 meter dan lebar 1.000 meter, sisa-sisa reruntuhan Kuta Lateng (Lihat Korm, Inleideing II, 412).”[1]
 
   Penemu iki disokong ambi I Made Sudjana ring buku ‘Nagari Tawon Madu’[2] lan ambi Sri Margana ring buku ‘Ujung Timur Jawa’.[3] Naming nyatane, Dusun Lateng saiki ana ring Desa Gladag Kecamatan Rogojampi, adoh-adohan teka Ulu Pangpang hang ana ring Teluk Pangpang Kecamatan Muncar.
   Keterangan hang beda iki aju dibantah ambi keterangan liya teka Winarsih P.Arifin (1995) ring bukune ‘Babad Blambangan’. Masiya Winarsih sing teges nyebut ring endi papan panggone Alas Kebrukan, tapi Winarsih nyebut aran raja hang madeg ring sak wetarane Lateng iku Dewa Kabakaba. Delengen kutipane teka buku iku mau;
“Gusti Ngurah Ketut ditempatkan di Blambangan... Setelah dua tahun di Lemahbang, dia diberi julukan Gusti Ngurah Ketut Dewa oleh rakyat setempat dan desanya selanjutnya dinamakan Lemahbangdewo. Gusti Ngurah Ketut ditempatkan di Blambangan dengan 40 orang, yaitu di desa Kedaleman.”[4]

(Ana sambungane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Hidayat Aji Ramawidi

Editor: Antariksawan Jusuf