Arja Blambangan: Kutha Nagari 1705-1764 (Bagiyan 3, pungkas)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 05 Maret 2025 08:21 WIB)
- Opini



ARJA BALAMBANGAN RING ALAS KEBRUKAN:
KUTHA-NAGARI BALAMBANGAN 1705-1764 (Bagiyan 3 pungkas)
Ditulis ring Hidayat Aji Ramawidi

Umpak Songo tinggalane Menak Jinggo?
Sakuwise mahami keterangan ring dhuwur, awake dhewek aju takon nyang memori  kolektif masyarakat, benertah Umpak Songo iku tinggalane Menak Jinggo?
Ring sebagiyane masarakat sakiki, ana cerita rakyat hang wis diyakini benere secara turun-temurun gok Situs Umpak Songo ring Muncar iku tinggalane Menak Jinggo. Cerita rakyat iki mungkin asale teka pemahaman teka inpormasi hang sithik teka jaman semana lan mung didhasaraken ring keterangan teka Mangkubhumi IX teka Solo (Surakarta).
Ring buku ‘Sejarah Kerajaan Blambangan’ Samsubur nulis dawa bab iki, sakat  halaman 199-208, dhasare teka keterangan Juru Kunci situs Umpak Songo hang aran Soimin (taun 1995) teka bapake aran Sanen (taun 1989) teka embahe aran Nadi Gedhe (1971). Nadi Gedhe iku wong tekan asale Bantul, Yogyakarta, hang kawitan manggon ring lokasi Umpak Songo.
Ring jamane Hindia Welanda, pasthine taun 1916, Nadi Gedhe ngalih teka Bantul ring Banyuwangi lan ulih bagiyan lahan rampasan teka pemerintah Hindia Welanda, arupa alas gung liwang-liwung ring dhaerah Muncar. Rikala alas mau dibabat, ring kana ditemokaken watu-watu gedhe hang akahe 49, hang ambi Nadi Gedhe aju dikelumpukaken ring sak panggonan. Sak liyane iku ana pecake benteng hang kandele 1 meter lan dawane pirangane kilo meter, ngelibengi lahan kira-kira 500 hektar. Ring taun 1973, papan panggonane ngelumpukake watu-watu gede iku mau digawekaken tembok melibeng, kanggo ngerumat. Taun 1982 sisa-sisa bata gede hang dhedhegan ditata dadi jogan kaya hang bisa dideleng sak iki. Dadi wujude situs hang ana sak iki iku asile tata-tata anyar ring taun 1982, dudu wujud aseline.
Samsubur ngaku gok ring taun 1972, Soimin nduduhi iyane keterangan tertulis hang isine nyebutaken gedigi;
“Bahwa yang memberi nama Umpak Sangha pada petilasan itu adalah Mangkubhumi IX dari Solo pada tahun 1928 M. kala berkunjung ke situ, katanya. Juga disebut bahwa Umpak Sangha adalah petilasan dari Kerajaan Blambangan pada masa raja Dedhaliputih, Jatasura, Sedhah Mirah, dan Minak Jinggo.”[9]
 
Teka penjelasan iku, wis kepara nyata gok ana peran teka Pangeran Mangkubhumi IX teka Solo hang ngewani aran Situs Umpak Songo. Uga Mangkubhumi IX hang ngomong gok Umpak Songo iku tinggalane Menak Jinggo.
Mangkubhumi iku minangka gelar kanggo Putra Mahkota Keraton Solo/Surakarta. Kathik gedigu, Mangkubhumi IX iyane putra Sunan Pakubuwana IX (1861-1893). Ring taun 1893 Pakubuwana IX mangkat aju Mangkubhumi IX naik tahta dadi Sunan Pakubuwana X. Mula iku aran aseline Mangkubhumi IX yaiku Raden Mas Sayyidin Malikul Kusno. Ring taun 1928 iyane teka ring Umpak Sanga.
Teka keterangan-keterangan iku, wong hang melek sejarah bisa gampang mahami kadhung Umpak Songo iku tinggalane Pangeran Danureja (1697-1736) lan uga dipanggoni putrane hang aran Prabu Danuningrat (1736-1763). Hang aran Prabu Danuningrat iku duwe gelar teka Bali yaiku Pangeran Menak Jingga. Sak wetara kanggo hang awam sejarah lan hing kenal ambi aran Pangeran Jingga alias Prabu Danuningrat (1736-1763) mula nganggep Situs Umpak Songo tinggalane Menak Jinggo, tokoh dongeng teka Serat Damarwulan hang dianggit ring Surakarta. Malah goresan ring watu hang ana ring Setinggil mula dianggep tilas tapak sikile Menak Jinggo.
 
[1]C. Lekkerkerker, De Indische Gids, Blambangan, hlm. 25.
[2]I Made Sudjana, Nagari Tawon Madu, hlm 2.
[3]Sri Margana, Ujung Timur Jawa, hlm 40.
[4]Winarsih, Babad Blambangan, hlm. 111 dan 283.
[5]Samsubur, Sejarah Kerajaan Blambangan, hlm. 202-203.
[6]J.K.J. De Jonge & van Deventer, Belanda di Bumi Blambangan, hlm. 6. Lihat pula Sri Margana, Ujung Timur Jawa, hlm. 62-63.
[7]Sedikit catatan mengenai 8 buah umpak besar yang ada di dekat makam di Gitik itu, menurut informasi asalnya dari Gumuk-gumuk di Muncar, jadi sudah bukan insitu.
[8]Suhalik, Sejarah Terbentuknya Pluralisme di Banyuwangi. Makalah, tidak diterbitkan.
[9]Samsubur, Sejarah Kerajaan Blambangan, hlm. 200.
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.