Ater-ater Kanggo Cathetan Basa Using R. Binata

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 12 September 2023 09:22 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Ana pirangane manuskrip hang diwani judhul: Daptar Ucap-ucap Banyuwangi (Woordenlisjt Banjoewangi) hang ditulis ring bungase taun 1920-an. Hang siji disusun ring R. Soedira, njuwut teka ucap-ucap hang ana ring disertasine Dr. W.J. de Stoppelaar hang judhule Balambangansch Adatrecht (1927). Cathetane R. Soedira wis diuwot saben dina ring belambangan.com. Setemene ana 10 jilid manuskrip taping serta diemati, pirangane jilid isine padha, mung bedane ditulis tangan lan diketik. Pirangane manuskrip hang ditulis tangan malah setemene padha taping dinomeri beda. Dadi setemene mung ana petang jilid.

   Sijine maning R. Binata (kadhang iyane nyebut arane dhewek R. Winata). Antarane taun 1929-1932 iyane nyathet ucap-ucap Banyuwangi hang ditemokaken ring kamus basa Kawi-Bali karangane Dr. Herman Neubronner van der Tuuk, ahli basa hang nggawe petang jilid Kawi-Balineesch Woordenbook. Ucap-ucap iku ditakokaken artine nang wong-wong tuwek hang bisa dipercaya.

   Sedurunge taun semono, istilah Using durung ana. Basa Using magih disebut Jawa dialek Banyuwangi. Lontar-lontar hang ana ring Banyuwangi ditulis nganggo aksara Carakan utawa aksara Arab pegon. Naming basa Using lan wong Using wis mula ditengeri ana bedane ambi Jawa.

   Bupati Haryo Notodiningrat, hang nulis lontar kawitan nganggo aksara Latin taun 1915, wis ndeleng kahanan iku. “Seperene, basa lan wateke wong Banyuwangi beda ambi wong Jawa Timur utawa Jawa Tengah, yaiku nduwe basa dhewek, uga wateke kaya cara kuna, taping agamane wis Islam.” Ring bukune Babad Notodiningratan, iyane nyathet ana 440 ucap basa Using hang artine beda ambi basa Jawa. Iyane nulis bareng wong Landa hang manggon ring Tamansari, Licin, T. Ottolander hang taun 1923 nggawa rombongan gandrung Nyang Bandung.

   Semono uga wong Landa liyane, C. Lekkerkerker nulis gok wong Using (de Oesingers) nduwe sipat, basa  lan adat hang beda ambi wong Jawa liyane. Bedane umpamane hang katon, sebagiyan wong Using hing kenal ambi basa krama (besiki), utamane wong-wong hang manggon ring pegunungan.

   Apuwa R. Binata perlu nyathet basa Using? Basa Using iki akeh hang nyeliwah artine teka basa Jawa lugu, masiya kadhung digathukaken akeh hang memper. Umume magih nganggo cara kawi (Jawa kuna).

   Hang nggawe R. Binata priatin: “Saya suwi merga akeh wong teka nagari (dhaerah) liya, basane saya rusak, merga campur adhuk.” Jare Binata, wong Banyuwangi iku wateke dhemen niru. Kadhung ana barang anyar, cepet niru. Contone, penganggo, masiya hing pantes, merga dhemen, ya tetep nganggo bain. “Digi iki pisan kedaden nong  basa lan liya-liyane.”

   Umpama, wong Banyuwangi dhemen nganggo celana dawa lan kethu, dene hang nganggo kain mung kari wong-wong desa hang serawungane kurang. “Bisa pisan, saya suwi saya uwah babar pisan kaya dene basane.”

   Jare Binata, basane wong Banyuwangi  katon beda. Wanda (suku kata-red) ana hang didawakaken, disingkat lan diantepaken utawa dienthengaken. Wong teka nagari (dhaerah) liya sara anggone bisa nirokaken, lebih sering mung dadi guyu.

   Dadi ring cathetane, Binata nulis gok iyane nerangaken percakapan hang gampang lan hing nganggo suwara hang didawakaken merga sara nulise.

Umpama:

Iku lumrah diunekaken ikau.

Iki lumrah diunekaken ikai.

Abang diunekaken abyang.

Uga liya-liyane. Uni k diunekaken ring gorokan; wataq dadi watek, pitiq dadi pitik, epeq-epeq dadi epek-epek, apek, buthek lan liya-liyane.

Hang ana ring cathetane iki, ucap-ucap hang nyeliwah teka basa Jawa lugu, hang dienggo ring omong-omongan saben dinane. Basa hang diterangaken iki dijuwut teka kamus Kawi-Bali.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf