Banyualit, Pelabuhan Internasional lan Benteng Belambangan (Bagian 2 teka 3)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 25 Februari 2025 07:26 WIB)
- Opini
-46451.jpg)
Banyualit, Pelabuhan Internasional lan Benteng Belambangan (Bagiyan 2 teka 3)
Dianggit ring Mas Aji Wirabumi
Pembangunan Benteng Lan Loji VOC di Banyualit
Sakteruse, jare Babad Tawangalun VOC-Landa hing gelem kelangan wektu maning kanggo ngukuhaken kekuwasaane ring Belambangan kelawan mbangun Benteng lan Loji kanggo kantor pemerintahane. C. Lekkerkerker ngutip Babad Wilis bab mbangune Benteng Landa ring pinggir pesisir. Banyualit mula ring pinggir pesisir. Rakyat hang dadi jajahane hang dikongkon mbangun bentenge.
Winarsih njelasaken gok 50 uwong saben dina megawe kanggo mbangun loji lan benteng VOC ring Banyualit. Letnan E. Blanke ulih perintah teka Gubernure kadhung ana pendhudhuk hang mbalela dikongkon mateni bain.
Kolera ring Banyualit
Dene ring Babad Wilis, diceritakaken sak mareke perang, akeh mayit hang digeningaken bain, hing dikubur. Kahanan ini ndadekaken njumbule wabah kolera ring Belambangan hang ngantem akeh wong. Paran maning sak liyane Kolera ana pisan malaria. Saya suwi kahanane medeni para pelaut teka negeri liyane lan hing ana hang gelem mampir makene hing ketularan. Dikabaraken gok teka akehe 3.000 pasukan Kompeni lan kanca-kancane, mung kari 30 sisane hang urip. Malah jare C. Lekkerkerker Letnan E. Blanke dhewek matek ring ulan Juni 1767 merga keneng wabah iku. Aju kepemimpinane diganti ambi wakile yaiku Alperes Adrianus van Rijke lan manggon ring Loji Banyualit. Mula bener keterangan teka C. Lekkerkerker gok pungkasane benteng iku dipindhah rada menjero ring Kutha Lateng (Lateng Rogojampi) hang kahanane lebih sehat.
Banyualit ring Jamane Pangeran Agung Wilis
Banyualit disebut maning ring bagiyan Perang Wilis 1767-1768. Tepak iku, 29 September 1767 utawa enem ulan sakuwise dipanggoni Landa, Pangeran Agung Wilis balik teka Bunutin-Bali lan nyandhar ring Grajagan. Mangsa iku jare Babad Wilis wong-wong Medura lan pribumi Belambangan magih durung marek mbangun Loji lan Benteng ring Banyualit.
I Made Sudjana ngomong gok tepak iku VOC ring Banyualit hing weruh gok Pangeran Agung Wilis wis balik nong Belambangan. Kahanan iki dimanpaataken ambi Wilis kanggo ngelumpukaken pengikute lan tuku senjata teka Inggris, musuhe Landa. Tepak ulan Februari 1768, jare C. Lekkerkerker wong hang milu Wilis wis ana 6.000.
Kelawan pasukan semono iku, miturut Babad Tawangalun, Dalem Puger Mas Surawijaya ngusulaken gancang nyerang Benteng VOC ring Banyualit. Naming Pangeran Agung Wilis hing nyetujoni penemune anake iku, iyane kepinginan nggawe perlawanan kelawan cara meneng-menengan sulung, ngajak rakyate mogok megawe. Merga iku Gezaghebber Coop a Groen wis merintahaken nang Van Rijke, kanggo nangkep Pangeran Agung Wilis.
Sri Margana ngomong gok Van Rijke nolak perintah iki merga prajurit VOC di Belambangan mung kari 30 wong lan wong-wong iku lempuh kadhung dikongkon melaku teka Banyualit nyang Kutha. Ring Benteng iki, akehe 50 prajurit Eropa magih dirawat ring kamar sakit. Van Rijke negesaken, kadhung cara kasar hang dienggo, kudune VOC nambah jumlah prajurite ring Belambangan. Taping penjalukane iku hing bisa diiyani merga kekuwatan Kompeni ring Pucuk Wetan Jawa magih lempe.
Ekspedisi Militer ke-II VOC Gadug Banyualit
Tanggal 20 Oktober 1767, Gubernur Johanes Vos njaluk idin nyang Batavia kanggo ngirim Ekspedisi Militer ke-II nyang Balambangan. Rencanane 1.000 wong Laskar Madura arep dikirim nang Banyualit. Serta wis diwani idin, ring Januari 1768, Panembahan Cakra Adiningrat V melakokaken pasukane nang pelabuhan Koanyar nyang Banyualit lan dipimpin ambi Senapati Sirnantaka.
Nalika nggadug ring Panarukan, bala bantuwan teka Madura iku rungu bab pageblug hang ana ring Banyualit. Pungkasane, iyane kabeh keweden lan mbelayu. Sri Margana nyebutaken gok wong hang tetep menyang nong Banyualit tanggal 6, 8, lan 10 Januari 1768 kari 300 wong hang ngancani Senapati Sirnantaka teka 1.000 wong asale.
Telung dina sak uwise (13 Januari 1768), Senapati Sirnantaka ngundang Pangeran Agung Wilis hang tepak kadheman teka ning benteng Banyualit. Jare Sri Margana, Pangeran Agung Wilis semaya rong dina maning arep teka lan nggawa rong ewu sampek telung ewu wong. Naming tepak dinane teka, Pangeran Agung Wilis cumpu durung aron, dadi wurung teka. Jare C. Lekkerkerker, akhire van Rijke lan pirangange wonge hang arep kecaruk Pangeran Agung Wilis ring Purine.
Jare Sri Margana, engkisuke Van Rijke lan Skipper Pieterz (kapten kapal) melaku nyang kutha bareng ambi prajurit Medura. Ring desa Kobro, iyane kecaruk Mas Anom lan Mas Weka hang ngomong gok Pangeran Agung Wilis magih kadheman mangkane hing bisa menyang nong Banyualit.
Van Rijke aju lapor nyang Gezaghebber Coop a Groen tanggal 27 Pebruari lan 2 Maret 1768 gok Pangeran Agung Wilis nduduhaken sipat seduluran lan iyane arep balik nyang Banyualit ring tanggal 3 Pebruari.
(Ana Sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Mas Aji Wirabumi
Editor: Hani Z. Noor