Banyualit, Pelabuhan Internasional lan Benteng Belambangan (Bagian 3 pungkas)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 26 Februari 2025 07:41 WIB)
- Opini



Banyualit, Pelabuhan Internasional lan Benteng Belambangan (Bagiyan 3 pungkas)

Dianggit ring Mas Aji Wirabumi

Perang Banyualit

Gedigu kahanan sak suwene ulan Januari 1768. Nalika iku pasukan bantuwan teka Lumajang hang dipimpin Kapten Wipperman wis nggadug ring Banyualit. Sakteruse merga sampek tanggal 3 Pebruari 1768 Pangeran Agung Wilis durung ngadhep, pasukan VOC arep diedhunaken kanggo nyerang ibukota Arja Balambangan (ring desa Blambangan, Muncar) tanggal 18 Pebruari 1768.
   Serangan kepisan wis kewaca ring Pangeran Agung Wilis lan iyane weruh sepira kekuwatan pasukan Landa. Marek iku dibales ambi pihak Belambangan, sedurunge tanggal 2 Maret 1768, pasukan Balambangan hang nurut Babad Tawangalun dipimpin ambi putra Pangeran Agung Wilis hang aran Dalem Puger Mas Surawijaya iku pungkasane nyerang Banyualit. Ring Babad Notodiningratan disebutaken gok pasukan Pangeran Agung Wilis asale teka macem-macem etnis kayata: Bugis, Bali, Mandar, Melayu, China.
   Sri Margana ngomong gok Pangeran Agung Wilis lan pasukane nyeren VOC kelawan mepeti kabeh dalan hang nuju nyang Banyualit lan ndadekaken Landa mung bisa umek ring bentenge dhewek. Keterangan teka C. Lekkerkerker, ya ngomong gok Van Rijke wis dikepung ring bentenge ring Banyualit. Pasukan Wilis asil lan bisa mateni 35 serdadu VOC-Landa lan Medura ring perang iku. Kapten Maurer lan Letnan Wipperman uga njekathang ring njero benteng Banyualit merga wabah sak suwene pengepungan. Dene atusan Laskar Medura hang lempiriten melayu lan balik nang nagarine. Sing duwe daya merga dikepung suwi lan hing weruh kapan bantuwan bisa teka.
   Jare cathetan harian Dagregister tanggal 21 Mei 1768, pungkasane bantuwan Landa teka hang dipimpin langsung ambi Gezaghebber J.E.C. a Groen ring Banyualit. Aju dadi perang gedhe. Cerita iki ana ring Suluk Balumbung  gok tepak pasukan Belambangan sedhenge ngepung benteng Banyualit, cumpu ditembaki teka segara ring pasukan bantuwan Landa. Aju hing ana pilihan liyane mundur.
   Pasukan VOC-Landa sandhar ring Banyualit lan mbebasaken kanca-kancane. Aju tanggal 13 Mei 1768, benteng Banyualit diancuraken dhewek ambi VOC, merga dianggep hing sehat. Jare Sri Margana, Landa aju mindhahaken bentenge nong Kutha (Lateng) hang dianggep lebih sehat.

Pangeran Agung Wilis Ketangkep ring Banyualit

Sakteruse Gezaghebber J.E.C. a Groen nggempur Ulu Pangpang lan Arja Belambangan. Sepuluh dina suwene sakkal Kutha Arja Balambangan takluk, 28 Mei 1768. Kekuwatan Pangeran Agung Wilis saya lempe. Bangete gedigu Mas Weka laku hianat lan mbelani VOC-Landa maning. Meneng-meneng iyane ninggalaken kubu pertahanan Pangeran Agung Wilis lan ngewarahi Van Rijke.
   J.K.J. De Jonge mung nyebut gok proses ketangkepe Wilis merga bantuwane Mas Weka. Dene ring Cerita Tutur Suluk Balumbung disebutaken sak kelerepan gok kala iku Desa Belimbing dikepung teka dharat lan segara, atusan Jagabela lan pejuwang rakyat Belambangan nemoni pesthine. Perang suwine sedina sewengi. Mung merga laku licik kompeni Pangeran Agung Wilis ketangkep, lan bareng ambi  Mas Setradi digawa ring pengadilan ring Surabaya.

Jare Sri Margana, Mas Weka hang ngatur rencana nangkep Pangeran Agung Wilis. Merga hianate Weka pungkasane Pangeran Agung Wilis ambi anake Mas Setradi lan pirangane wong Wadwa Agung liyane ring Blimbing (kulone Banyualit). Desa Blimbing iku saiki dadi dusun, desa lan kecamatan Blimbingsari.

Penutup

Banyualit, pelabuhan internasional Kerajaan Belambangan hang melaku nalikane dibukake Macanputih minangka ibukota Belambangan taun 1655, sampek Belambangan dikalahaken ring VOC Landa 23 Maret 1767 lan dikalahaken total  28 Mei 1768.
   Pungkase Kerajaan Belambangan uga pungkase sejarah pelabuhan Banyualit merga pimpinan VOC-Landa ring Belambangan wis nggotong kantore ring pelabuhan Ulu Pangpang Muncar sampek taun 1774. Sakteruse pindhah maning nyang Kutha Banyuwangi kelawan pelabuhan anyare, Boom.
   Saiki kene magih bisa ngenget-enget kabeh sejarah Blimbingsari kelawan nggoleti pecak-pecak panggonan sejarah hang ana. (1) Daerah Bentengan magih bisa dideleng ring Dusun Pacemengan, Desa lan Kecamatan Blimbingsari.  Toponim hang mbuktekaken pecake ana benteng ring kono. (2) Petilasan Agung Wilis ring Sukojati. (3) Makam Patih Gringsing lan Buyut Dengdeng ring Blimbingsari. (4) RTH Blimbingsari, lan liya-liyane. Aja lali mampir ring Pantai Blimbingsari utawa Pantai Banyualit utawa Toyaalit, hang saiki kesuwur ring panganan Iwak Bakare.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Mas Aji Wirabumi

Editor: Hani Z. Noor