Banyuwangi, Suwuk Lan Panjeran Kiling

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 19 Desember 2024 11:33 WIB)
- Opini



Banyuwangi sakat bengen kesuwur minangka dhaerah hang uwong-uwonge parek ambi ilmu-ilmu hang sing katon mata. Saben ubahe lakune ana rapalan hang kusus diwaca. Arane suwuk.
   Padha-padha wong tukang nggawe kursi meja, hang siji ana wacanane, ana suwuke hang ndadekaken dagangane lebih garus.
   Lare cilik kadheman mung dikepros banyu bisa aron. Ana ceritane rombongan Banyuwangi hang milu Festival Tunas Bahasa Ibu ring Jakarta ring kawitan taun 2024. Ceritane Bu Okta, wong Balai Bahasa Jawa Timur hang mimpin rombongan teka Banyuwangi lan Medura, wis bingung ngadhepi salah siji lare hang kadheman. Aju larene sampek digawa nang kamar sakit, merga lemes awake lan panas, pungkasane diinpus.
    Serta dalune, larene ngomong gok iyane siyap arep milu pentas engkisuke. Bu Okta hing wanen merga sedurunge lare iki wis hing bisa paran-paran. Taping Bu Okta dibisiki guru hang ndhampingi teka Banyuwangi. "Hing paran-paran, larene marek tilpun embahe lan disuwuk."
   Cumpu engkisuke larene tampil apik, kaya hing tau ana paran-paran lan iyane akeh dielem wong-wong hang ndeleng.
   Cerita liyane ana teka Kang Purwadi hang duwe Rumah Budaya Osing (RBO) ring Kemiren.
   Wong Banyuwangi dhemen manjer kiling. Kiling bain perlu dirapali.
   Ana kiling hang dibangkeli wong sak ubengan kene ane Mbah Mangku wong Mondoluko.
   "Kiling iku dietokaken, disendhenaken bain, angin ilang." Taping saiki nong endi wujude kilinge nana hang weruh, jare Kang Purwadi.
   Urusane wong bengen, sarta ditalar nganggo kaidah ilmiyah, hing bisa. Taping buktine ana.
   "Udheng dikiblasaken aju angin teka iku logikane kelendi?" takone Kang Pur.
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf