Basa Using Aja Mung Dienggo Celathu

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 06 Mei 2021 06:26 WIB)
- Opini



Banyuwangi lan Belambangan wis sakat atusan taun kepungkur kawentar dadi panggonane karya sastra. Karya sastrane iku nduweni ciri husus yaiku karya-karyane nduweni sifat kerakyatan, hing ana latar keraton. "Tempat asal-usul prototipe jenis ini hendaklah kita cari di Banyuwangi yang pada abad ke-17 dan bahkan sampai abad ke-18 merupakan bagian dari Blambangan, kerajaan Jawa-Hindu terakhir di ujung timur Pulau Jawa, tetapi cerita-ceritanya telah dikenal jauh sebelumnya. Isi cerita-cerita itu dipahatkan pada relief-relief di candi-candi dari jaman Majapahit," gedigu jare sarjana Landa P.J. Zoetmulder ring bukune Kalangwan, sastra Jawa Kuno selayang pandang.
   Zoetmulder ngewani tuladha karya sastra iku yaiku Sudamala lan Sritanjung. Mesthine ya akeh pisan karya liyane sampek disebut-sebut ciri husus iku mau.
   Naskah Sudamala lan Sritanjung iki mula urut-urutan, Sritanjung hang dipercaya dadi asal-usule Banyuwangi (malah ana hang percaya gok sumure mambu wangi saben tanggal-tanggal tertentu) iku minangka cerita sambungane Sudamala.
   Prof. Dr. R.M. Ng. Poerbatjaraka ring bukune Kapustakan Djawi nggolongaken naskah loro iki naskah hang kelebu kidung hang nganggo basa Jawa kuno Tengahan.
   Merga nganggo basa Jawa kuno Tengahan naskah iku hing bisa dingarteni ambi wong Using saiki kadhung hing ditransliterasi lan dialih basa nyang basa Using. Naskah-naskah iku ditulis nganggo aksara carakan (hanacaraka) lan arab pegon (arab nyeliwah).
   Kanggonisun, naskah iku dudu karya sastra Using merga hing ditulis nganggo basa Using. Karya basa Using kudune nganggo basa hang bisa dingarteni wong Using (istilah wong Using buru ana taun 1920an, yaiku sebutan wong-wong njaban nong penduduk Banyuwangi sisane kerajaan Belambangan bengen).
   Sakuwise wong Landa kelairan Bukittinggi Sumatera, van Ophuijsen, ngenalaken aksara Latin minangka cara anyar nulis basa ring India-Landa (Indonesia durung ana), sastrawan Banyuwangi kaya dadi wong wuta aksara lan mandheg nulis.
   Ale karya-karya arupa puisi hang anonim dadi gendhing-gendhing wis nyulungi kondisi puisi jaman semono. Jaman sedurunge penyair Chairil Anwar lan angkatan 1945, puisi Indonesia iku umume arupa pantun, soneta hang kepuket ring aturan rima. Puisi teka Banyuwangi wis bebas. Wacanen Padha Nonton utawa Seblang Lokenta. Masiya magih ana pisan karya sastra lisan liyane kayata basanan, sanepan, wangsalan lan batekan.
   Jarehun, karya sastra tulis hang kawitan iku dicathet ring wong Landa hang manggon ring Tamansari Licin yaiku T. Ottolander. Tepak iyane nggawa rombongan gandrung kawitan metu teka Banyuwangi nang Bandung ring iwuh kongrese Java Instituut taun 1921. Ring makalah kanggo keterangane, Ottolander nulis pirangane gendhing gandrung kayata Tjengkir Gading, Oekir Kawin, Salatoen, Giro Bali, Goenoeng Sari, Lebak-Lebak lan liyane. Jare ana 97 gendhing gandrung hang dicathet. Mula dudu karyane taping iyane mung nyathet karya sastra Using.
   Aju sakat 1946 lan seteruse, akeh-akehe sastra Using urip ring gendhing. Sak jege tahun 1970-an keitung durung ana selusin karya prosa basa Using. Hang kecathet Pereng Puthuk Giri (2005), Nawi BKL Inah (2013), Niti Negari Bala Abangan (2015), Agul-Agul Belambangan (2016). Novel hang pungkasan iki karyane Moh. Syaiful hang menang hadhiyah Rancage taun 2017 ngalahaken karya basa Jawa liyane.
   Dadi kelendi? Mayo generasi enom diakehi nulis karya sastra utamane prosa makene langit sastra Banyuwangi saya rumang. Basa Using hing mung dienggo celathuan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Diskusi RRI Pro4 Apresiasi Budaya, 4 Mei 2021

Editor: Antariksawan Jusuf