Bubare Majapahit lan Ngadege Belambangan (Bagiyan 1 teka 2)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 09 Juli 2024 08:37 WIB)
- Opini



Bubare Majapahit lan Ngadege Belambangan

Ditulis ring Hidayat Aji Ramawidi

Akeh tulisan hang wis mbahas anane ahir riwayat Kerajaan Balambangan, naming durung ana hang weruh kapan pasthine kerajaan ring pucuk wetan tanah Jawa iku ngadeg, sapa hang ngedegaken, lan ring endi panggonan kawitane kang sak benere. Ring tulisan iki, penulis kepingin nyuguhi rika teka sumber-sumber hang ana ring; Pararaton, Negarakertagama, Prasasti Pamintihan, Prasasti Waringinpitu, Suluk Balumbung, Babad Sembar, Babad Dalem, Babad Notodiningratan, lan Suma Oriental.

Ngomongaken Balambangan sing bisa ninggalaken Majapahit, kerana ring jaman sakmono Majapahit kerajaan paling gedhi lan paling kuwasa ring Nusantara. Mesthi bain nguwasani lan ngatur dhaerah-dhaerah hang ana ring tanah Jawa, lan kadhung ngomongaken Majapahit hang pasthi sumber-sumbere sejarah ana ring Pararaton, Negarakertagama, lan prasasti-prasasti, hing bisa ditinggalaken gedigu thok. Hang nomer siji metani kapan Majapahit iku bubar, apuwa sebabe bubar, lan ana hang selamet tah ring jaman sakmono?

Pararaton njelasaken “meledhose gunung ring minggu kuningan, ring tahun saka ‘Welut Wiku Anahut Wulan’ (1372 S 1450 M). Baginda Prabu (Dyah Kertawijaya) ninggal ring tahun saka ‘Bahni Parwata Kayeku’ (1372 S/1451 M), aran resmi candhine Kertawijayapura. (Sakteruse) Bhre Pamwatan uga tau manggon ring Keling lan Kahuripan munggah pangkat julukane abiseka Sri Rajasawardhana. Sang Sinagara (Sri Rajasawardhana) ninggal lan diserahaken ring Sepang ring tahun saka 1375/1453 M. Suwene telung tahun (1453-1456 M) nana rajaneAju Bhre Wengker dadi raja diceluki Abiseka Baginda Hyang Purwawisesa ring taun saka ‘Brahmana Saptaguna Anahut Wulan’ 1378 S/1456 M. Terus ana kedadeyan gunung meledhos ring minggu landhep taun saka ‘Pat Ula Telung Wit’ 1384 S/1462 M. Baginda Hyang Purwawisesa sampek umur lan dikubur ring jerone Puri ring tahun Saka ‘Brahmana Naga Agni Citangcu’ 1388 S/1466 M. (Sak teruse) Bhre Pandansalas hang manggon ring Tumapel diangkat dadi raja ring tahun saka ‘Brahmana Naga Kaya Tunggal’ 1388 S/1466 M. Kala sang prabu (Bhre Pandansalas) buru diangkat suwene rong tahun, terus ninggalaken keraton para putera sang Sinagara (Sri Rajasawardhana), yaiku; Bhre Koripan, Bhre Mataram, Bhre Pamwatan, lan hang kemunjilan Bhre Kertabhumi. Sang Prabu (Bhre Pandansalas) magih pamane. Baginda Prabu (Bhre Pandansalas) ninggal ring kedhaton  ring  tahun Saka ‘Cunya Nora Yuganing Wong’ 1400 S/1478 M. sak teruse ana gunung meledhos ring dina minggu watugunung taun saka ‘Kaya Ambara Sagara Iku’ 1403 S/1481 M.”

Ndhuwur iku mau kutipan teka ring Pararaton dadi pitudhuh kanggo rika sapa raja Majapahit hang ninggal donya ring tahun 1400 S/1478 M. Yaiku bekase Bhre Pandanalas hang arane ditulis nong njerone Prasasti Pamintihan tahun 1359 S/1473 M. Raja iku magih cilik diarani Dyah Suraprabhawalan kala diangkat tahta dadi raja kejuluk Sri Singhawikramawardhana lan duwe julukan abiseka Sri Giripati Prasuta Bhupati Ketubhuta Sakala Janardhana Nindyaparakrama Digwijaya Janggala Kadiri Yawabhumi Ekdipa. Makene gampang diarani bain Sri Singhawikramawardhana Dyah Suraprabhawa (kuwasa; 1388 S/1466 M - 1400 S/1478 M).

Taun 1400 Saka kanggo para raja Jawa madak tahun hang ngawur kerana saben 100 tahun sepisan wis dipercaya dadi tahun ilange kuwasane raja. Lan ring tahun 1400 Saka iku diengeti taun ilange utawa bubare Majapahit.

Negara gedhi kaya Majapahit bisa bubar lan ilang dudu kerana diserang musuh teka njaba, naming kerana ana penghianat hang ana ring njero. Ring Pararaton disebutaken “kala sang prabu (Bhre Pandansalas) buru dadi raja suwene rong tahun, terus ninggalaken keraton kabeh anake Sang Sinagara (Sri Rajasawardhana), yaiku; Bhre Koripan, Bhre Mataram, Bhre Pamwatan, lan hang kemunjilan Bhre Kertabhumi.” Jak papat iku metu teka keraton lan ngedegaken pasukan ring njabane keraton, aju nyerang lan ngerebut kuwasa teka pamane, ahire nggawe “Baginda Prabu (Bhre Pandansalas) ninggal donyring kedhaton tahun Saka ‘Cunya Nora Yuganing Wong’ (1400 S/1478 M).”Baginda Prabu Sri Singhawikramawardhana Dyah Suraprabhawa iki hang ana ring Babad Tanah Jawa kejuluk Prabu Brawijaya.

Ring njerone perang pemberontakan iku dudu mung Baginda Prabu Sri Singhawikramawardhana Dyah Suraprabhawa hang gugur ring Kedhaton, naming pemimpin pemberontak iku uga katut gugur, yaiku Bhre Koripan hang ring Prasasti Waringinpitu tahun 1447 kejuluk arane Wijaya Parakrama Dyah Samarawijaya, uga dikutip teka ring Pararaton ndhuwur iku mau yaiku keturunane Sri Rajasawardhana/Sang Sinagara. Sak marine iku adhik-adhike; Bhre Mataram (Dyah Wijayakarana), Bhre Pamwatan (Dyah Wijayakusuma), lan Bhre Kertabhumi (Dyah Ranawijaya) ngedegaken kerajaan anyar ring Keling. Sak teruse wong-wong iku mau dadi raja gentenan hang kejuluk Sri Maharaja Bhattara Keling. Bhre Mataram Dyah Wijayakarana dadi raja hang kawitan (1478-1476 M), sak teruse Bhre Pamwatan Dyah Wijayakusuma dadi raja mung sedhilut mung pirangane ulan sak teruse diganti hang kemunjilan Bhre KertabhumiDyah Ranawijaya (1476-1527 M). Naming hing merintah teka Keling yaiku teka Daha. Bhre Kertabhumi Dyah Ranawijaya iku hang kasebut ambi Tomme Pires ring Suma Oriental kajuluk Batara Vojyaya.

(Ana sambungane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Aji Ramawidi

Editor: Hani Z. Noor