Bubare Majapahit, Ngadege Belambangan (Bagian 2, pungkas)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 10 Juli 2024 07:48 WIB)
- Opini



Bubare Majapahit, Ngadege Balambangan (Bagiyan 2, pungkas)

Ring njerone pemberontakan taun 1400 S/1478 M hang dilakoni Bhre Mataram (Dyah Wijayakarana), Bhre Pamwatan (Dyah Wijayakusuma), lan  Bhre Kertabhumi(Dyah Ranawijaya) ndadekaken gugure Baginda Prabu Sri Singhawikramawardhana Dyah Suraprabhawa iku, naming anake raja hang sakbenere calon dadi raja Majapahit selamet kerana melayu ngetan. Saktemene sapa sih arane anake raja iku?

Nong njerone Babad Sembar ditemokaken; “Wenten carita babad ing uni panedhak, Pangeran Bang Wetan Majapahit Kawitane, putera Bra Wijayeku Lembu Mirudha ikang wawangi rusake Majalengka (Majapahit), ngetan laku-laku tan ketang ring Pringgabaya (Surabaya) dhadhawakan manjing alas munggah ardi tkeng wana Blangbangan. …tulya anedheng Hyang Agung, arabi drebe putra anurunaken tedhak tumdhak aji ngawawa Jawa Wetan.”

Sapa satemene  Lembu Mirudha hang mlaku ngetan sampek nggadug ring Blangbangan iki? Ring njerone Babad Sembar yane ditulis nduweni anak lanang, yaiku “Putra lanang ikang asepuh… paparab Emas Sembar ring Blangbangan.” Artine iku Bapake Mas Sembar/Menak Sembar hang ana ring Blangbangan.

Blangbangan ring Negarakretagama taun 1359 M kasebut Balumbungan. Sakat tahun 1352 M ana ring Babad Dalem lan Suluk Balumbung. Kadipaten Balumbungan wis dipimpin keluwarga Kepakisan keturunan trah Sira Dalem Sri Bima Chili Kepakisan. Kala ana kedadeyan pemberontakan ring Majapahit lan ketekan Pangeran Lembu Mirudha, anake Brawijaya tahun 1478 M hang dadi Adipati Balumbungan yaiku Adipati IV, Menak Sopal (1461-1479). Ring Suluk Balumbung kasebut Mas Sembar putune Maharaja hang dadi mantu lan Patih Adipati Balumbungan. Menak Sopal. Aran Menak Sopal iku aran Raja Balambangan hang kawitan kasebut ring Babad Notodiningratan.

Kala Majapahit bubar tahun 1478 iku, Kabeh kerajaan hang bengen dikuwasai mulai wani ngadeg dhewek lan hing ngakoni kuwasane Bhattara i Keling; Bhre Mataram Dyah Wijayakarana, Bhre Pamwatan Dyah Wijayakusuma, lan Raja Daha Bhre Kertabhumi Dyah Ranawijaya.Dikawiti teka Demak, terus Gelgel-Bali, terus dipiloni Madura lan Balumbunan. Dhaerah-dhaerah liyane uga wani ngucapaken ngadeg dhewek-dhewek. Malah hing ngakoni kerajaan Daha lan Sultan Trenggana teka Demak uga ngerasa duwe hak waris teka kerajaan Majapahit hang saiki dipimpin raja Daha Dyah Ranawijaya terus duwe karep ngerebut. Demak nyerang ring taun 1524 lan tahun 1527 saingga bisa nyekel hang dikarepaken uga ngahiri riwayat kerajaan Daha hang ndadekaken rajane melayu nyang Panarukan.

Taun 1479 M Adipati Menak Sopal mudhun pangkat dadi Pandhita, lan mantune hang aran Mas Sembar hang dadi gantine lan merdhekakaken kadipaten iku dadi Kerajaan Balambangan. Mas Sembar mbangun kutha anyar yaiku kutha Bara atau Kutha Sembara hang saiki dadi Semboro ring Kabupaten Jember. Mas Sembar uga milu acara gelar para penguwasa Balumbungan sak durunge yaiku nyandhang gelar Menak, dadi Menak Sembar. Kerana iku mangkane Menak Sembar dadi raja Balambangan hang kawitan uga pantes didadekaken urutan raja paling dhuwur ring wit silsilah leluhur raja-raja Balambangan miturut Babad Sembar lan Babad Wilis.

Saiki wis nemokaken jawaban sapa raja Balambangan hang kawitan. Ngadege kerajaan Balambangan iku tahun 1479 aran Rajane Menak Sembar putune raja Brawijaya hang pusat kerajaane ana ring kutha Semboro Jember.

 

PUNGKASAN

Petang sampik limang abad kala Landa jaya njajah tanah Jawa, sejarahe diuwah nganggo judul Devide et impera. Landa nggedhek-nggedhekaken cerita Pasunda Bubat lan Paregrek. Kadhung Pasunda Bubat dipilih dienggo ngedu Pajajaran (suku Sunda) ambi Majapahit (suku Jawa). Mangkane cerita Paregrek dipilih dienggo ngedu Majapahit (suku Jawa) ambi Balambangan (suku Osing) ring cerita kesenian Wayang Krucil lan Serat Damarwulan.

Pintere Landa ngedu cerita iku mau uga ngedu liwat Agama. Kadhung dideleng teka ring sejarahe sebab-sebab bubare Kerajaan Majapahit (Hindu-Budha) tahun 1478 M hang disebut ambi golongane Landa kerana serangan Sultan Fatah teka Kerajaan Demak (Islam). Ring cerita iku dilebokaken ngedu golongane Agama. Akibate Hindu-Budha (lan Kejawen) hang mung sitik nyalahaken lan mbangkeli Islam hang golongane paling akeh. Ahire ndadekaken kabeh hing rukun. Dhonge pendhudhuk pribumi wis hing rukun lan sing bisa dadi siji Landa gampang nyerange lan pribumi sing bisa ngelawan Landa sak lawase.

Kadhung dideleng teka urutan sejarah ndhuwur iku, katon lucu lan katon seru ngaclake, endi ana tawih Kerajaan Balambangan hang buru ana tahun 1479 bisa milu perang ngelawan Majapahit hang wis bubar setahun sak durunge Balambangan ana. Majapahit bubar (1478). Uwis lah magih akeh cerita-cerita sejarah hang seliweran kadhung digathukaken cerita utawa dongeng mesthi bain luput kabeh. Masiya iku bangsa iki bangsa hang sabar. Masiya Landa wis mulih nyang negarane rika lan isun magih ihlas lan dhemen ngelestarekaken adu-aduan iki.

Penulis: Aji Ramawidi

Sumber:

1.      Pararaton

2.      Negarakretagama

3.      Prasasti Pamintihan

4.      Prasasti Waringin Pitu

5.      Suluk Balumbung

6.      Babad Sembar

7.      Babad Dalem

8.      Babad Notodiningratan

9.      Suma Oriental.

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Poto: Suhaili Yalin

Editor: Hani Z. Noor