Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 04 Juni 2023 08:53 WIB)

(Cerita Cendhek) Adus Geni


Jaman semono, ana dhayoh teka Malang, wong Jawa. Nalika anake hang duwe umah pamit nyang emake, “Mak, Isun arep adus nyang BANYU”, dhayohe  mau emeh njenggirat tangi, taping sing wani takon, hang takon mung pikire, ”Kejaba adus banyu anatah wong adus nyang geni?"

Iku ceritane Anang, nalika isun magih cilik, buru sunat. Aduse ning banyu, akeh sumbere. Banyune kening, iwak cokol katon ning leng, pinggire watu. Paran maning kang adus ciblungan, lare-lare wadon hang magih kencur, kembenan sarung.

Lare-lare cilik kaya isun, dicelathu merga milu bilas ning sumber wadon. Adus ning sumber lanang, digebros bapak-bapak, diarani tukang ngetuhi sumber. Umur kaya isun jaman semono, diarani lare sak repotan: kethu sing ana ukure, kelambi sing ana ukure lan sarung sing ana ukure. Jare  Anang  “Diajak selametan, lungguh sila, katon magih cilik. Diuweni  ithuk-ithukan, wis katon gedhi.”

Anang ngambung rambutisun, ambi merentah bilas nyang cedhing. “Lare iku wis sunat, aja ulih adus nyang sumber wadon. Rambute mambu keramas.” Emake sing bisa njawab. Bapake mung nggerundeng. Merga bapak sing ngongkon adus nyang sumber, paran maning nyang sumber wadon.

“Isun mung ngongkon nyang banyu nyang kedhung ceburan.”

 Wong loro iku mau, bapak lan emak  beda pikire perkara adus. Emake ngongkon adus nyang banyu, bapak ngongkon adus nyang cedhing. Karo-karo duwe alasan dhewek-dhewek. Bapak urusan kesehatan, emak urusan mbayar ledheng.

Kali Elo, jaman semono, magih kaya desa, akeh watune gedhi-gedhi. Akeh kedhunge. Ning pinggire banyu, akeh wit-witan lan jajang-jajangan. Kerasa iyup lan adhem. Nalika perang kemerdhekaan , dienggo perlindhungan TKR lan laskar perjuangan. Magih enome, Anang kelebu laskar perjuangan. Ceritane perkara Kali Elo lan Luhkanten, anang duwe cerita dhewek.

"Jaman perang Bayu, Luhkanten iku panggonane wong wadon Bali. Hang lanang dadi laskar ogoh-ogoh, mbantu Pangeran Jagapati. Laskar Bali iku sing ana balik, gugur kabeh ning Perang Puputan.  Wong-wong wadone hang diceluk Luh, padha kanti, nganteni sampek pati. Aran Luh Kanti, dadi Luh Kanten, merga dadi panggonan lan dusun.

Bapak ambi emak kurang akeh gesahe, beda ambi ruwahe anang. Taping perkara basa. Bapak lan emak pinter basanan lan wangsalan.  Bapak seru sing dhemene nyang basa Jawa. Emak seru sengite. Gusti Allah ngatur cerita liya. Embok hang kuliah ning Malang, didhemeni lare Malang, lare Jawa, dadi nyang jodhone.

Bapake kang teka ngelamar bengen, nalika iku isun magih cilik buru sunat, pamit nyang anang ambi emak, “Adus nyang banyu,“ hang aran bapak wong  Malang iku bingung.

Apa ana wong adus nang geni?”

“Ana,” jare Anang ning jerone ati. “Nabi Ibrahim.”

Emak, hang seru sengite nang basa Jawa kulonan, dhemen nggudha mantune nang isun. “Lemari-lemantun, kari-kantun, mari-mantun, iwak teri-iwak tetun, pari-pantun, suri-sutun.“

Nalika isun lulus SMP,  kakang ipe, milu-milu mikir perkaranisun. Karepe emak, terus nyang SMA, aju golet pegaweyan. Jare bapak sak karepe larene. Kakang ipe ambi embok ngarep gok isun nerusaken nyang SNAKMA ning Malang.

Bapak, emak lan isun dhewek, sing pati paham aran SNAKMA. Aju kakang ipe, hang teka Malang iku, njelasaken.

"Kok potensi Banyuwangi, seru kuwate.”

“Buktine? “ jare bapak takon.

 "Ning Banyuwangi, sing duwe musim.”

Takona wong using nyang desa, ”Musim paran saiki?”

Jawabane cekak “Ning Banyuwangi sing ana usum, saben dina panen.”

"Taping kahanan ning desa adat Kemiren, ana hang kurang diopeni.”

“Paran ?” jare bapak.

“Sapi rambon, turunan banteng teka alas Purwa. Perlu ana ahli hang dhemen lan bisa nangani,”

“Sapa hang bisa?” jare emak.

“Lulusan SNAKMA, Sekolah Peternakan Menengah Atas.”

Teka omongan iku, kabeh padha ngerti karepe kakang ipe. Isun dikongkon nerusaken Sekolah Peternakan ning Malang. Kos, bisa nyang umahe emboke, hang duwe umah kos-kosan. Parek kampus, sing sampek mesakat, perkara biyaya utawa perkara tunjungan.

Lulusan SNAKMA, gampang golet pegaweyan, sukur gelem dadi mantri ning lapangan.

Bapak lan emak, seru karepe lan seru cocoge. Isun dijaluk gelem nerusakan nang SNAKMA, ning Malang. Isun uga, ya dhemen lan karep, urip ning Malang, hawane adhem, larene ayem-ayem, perawane tembem-tembem.

“Siji maning,“ jare kakang ipe hang lare Malang iku. “Ning Banyuwangi hang aran kewan, sing ana hang duwe anak. Ning Malang, sekabehe kewan mesthi duwe arane anak.”

 "Kok bisa gedigu?” jare emak.

“Kabeh duwe arane anak, hang gedhi kaya kebo lan hang cilik kaya iwak.

Isun, bapak lan emak, hang aseline wong Using, asal Kemiren, turunane Buyut Cili, mung bisa ndelongop ngerungokaken.

“Ning Jawa, anake kebo iku arane gudel, anake sapi pedhet, anake wedhus iku cempe, anake kucing cemeng, anake kethek Sira, lek anake Bapak Kowe.”

“Kuwalik,” jare mak. “Anake kethek iku kowe, anake bapak iku sira.”

Ning Banyuwangi, kewan kang duwe aran anak mung iwak bandeng, yaiku nener, aju benur, anake urang, mung kerana aclake mantri Perikanan.

“Insya Allah, ning Malang, Sira tetep adus nyang banyu, sing sampek adus nyang geni.”

Perkara adus bain dadi perkara. Wong Using ngarani kali iku banyu. Aja didadekaken Perang  Bangkat. Merga embok anak penggarep lan kakang ipe teka Malang iku kemunjilan, merga mantu, wong Jawa, bapak lali perang  bangkat, taping anang tahu ngilingaken.

Banyu adus, mangkat ning kali.

Mantu bagus, perang bangkat lali.

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Hasnan Singodimayan

Editor: Hani Z. Noor