Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 07 April 2024 08:53 WIB)

(Cerita Cendhek) Bonel Lebaran


Bik Rohayah sakat rantag wis nong pawon kaya biyasahe. Cithakan kelemben, adonane wis cemepak sakat mau. Weleke bengahan uleng-ulengan nong pawon kaya ambune godhong pandhan kanggone Bik Rohayah. Polae kesuk anak lanange hang megawe ning Surabaya arep mulih lebaran. Kapanane wis ngomong liwat tilpun tanggane gok iyane buru bisa mulih pas dina lebaran. Nganteni juragane mulih sulung.
   Thulik siji-sijine teka ruwahe lakine hang nomer loro, Man Juned, wis ulih rong taun iki golet penguripan ring kutha gedhi. Larene mula hing pati akeh omonge taping seregep lan hing milih-milih pegaweyan. Sakjege ditinggal apake sakat cilik, iyane wis kulina urip susah. Dadi hing maido kadhung tekade dienggo golet pegaweyan ya gedhi.
   Kekarepane hing neka-neka. Kelendi pokoke bisa nguripi emake. Mbesuk kadhung iyane wis rada mapan uripe, emake arep diejak urip nong kutha miloni iyane. Saiki durung kepikiran umah-umah dhewek. Mung siji hang dipikiraken: uripe emake.
   Mula kadhung dipikir, urip ring desa iku ayem. Kadhung mung dienggo mangan sedina-dina, mesthi ana. Emake hing tau sampek telat madhang. Beras ulihe ngasag bain wis bisa dienggo madhang saben dinane. Lemah ring desa mula bener-bener bisa nguripi wong hang manggon. Lemah tinggalan bapake thulik mula hing patiya wera. Sakliyane dipanggoni, kelawan anane umah tikel, lemahe ring mburi cukup dienggo kancane sega. Ana godhong lembayung, bayem, lobok, ranti bisa dipethik saben dina. Sega ambi kuluban bain wis cukup kanggone Bik Rohayah. Bengen ana wite belencong hang ngelantar pareke tegok lan manisah. Taping wit belenconge ditegor merga kerep dipanggoni ula. Paran maning nguwohe mung setahun sepisan. Hing keneng dicageraken kanggo kuluban saben dinane.
    Sakat setahun kepungkur anak lanange ngirim picis liwat tanggane hang duwe rekening bank. Hing akeh taping wis bisa ditukokaken beras, uyah, kecap lan kerupuk. Bayem erine, ayem atine Bik Rohayah. Mangkane ring dina pungkasan puwasa, kelemben dhemenane thulik wis cemepak.
  Masiya dhayohe hing pati ana, Bik Rohayah nggawe kelemben rada akeh. Hang sak toples dideleh meja dienggo para tamu. Hang siji, nong toples Eropa ana kelemben husus dienggo anake.
    Marek Isyak, Bik Rohayah arep ngebes damare. Engkisuk lebaran. Suwarane sepeker masjid lamat-lamat wis nyiyaraken takbir.
   Mara-mara, ana suwarane lawang dithothok. "Maaak. Kula Maaak."
    Atine Bik Rohayah kemesud. Iku suwarane anak lanange. Jare ngomonge buru engkisuk teka lare iku. Damar wurung dikebes. Bik Rohayah setengah mbelayu arep mbukak lawang ngarep.
   Anak lanange ngambung tangane ambi mesesegen. "Sepuntene nggih Mak," abane anake.
   Bik Rohayah seru girange atine. Iluhe deredesan ndeleng anak siji-sijine katon seger.
   "Wis dalu, saiki turuwa sulung," jare Bik Rohayah. "Nawi kesel awake."
   "Nggih, Mak," jare anake ambi mbukak tase. "Niki damel Emak. Bonel kalih tapih bathik."
   "Dheh....milu lebaran Emake iki," Bik Rohayah munyik.
   Anake aju melebu kamare ndeleh tase. Marek sembahyang aju turu.
   Engkisuke, Bik Rohayah tangi subuhan.
   "Lik....gancang subuhan. Aju sembayang Id nong endi? Emake hing milu wis" Nana jawaban.
   Bik Rohayah aju nothok kamar anake.      
   Nong endi lare iki? Endane subuh wis mangkat melaku arepe sembayang Id?" Bik Rohayah saya kemesud, etase hing ana pisan. Endane sembayang Id nggawa tas? Ana bain lare iki, batine Bik Rohayah.
   "Liiik," abane Bik Rohayah nyeluki anake.
Mbukak lawang, Magih rada peteng. "Liiik."
   Tanggane hang aran Emuk, rungu mareki Bik Rohayah.
   "Nggoleti sapa Bik?"
   "Thulik ya Muk. Nubengi teka nggawakaken bonel lebaran."
    "Eh...Bik. Thulik wis hing ana telung ulan kepungkur nong kosane. Ngimpi tah Rika?"
   "Muk, aja nggacah. Larene nubengi teka."
   Bik Rohayah melebu umahe ditututi tanggane.
   Serngenge wis rada nguntup. Emuk ngerasa Bik Rohayah wis uwah pikire ditinggal anake.
   Emuk mbukak lawang kamare Thulik. "Kau...kasure magih wutuh, Bik."
   "Kari cengkal lare iki. Delengen nong ndhuwur meja, endane bonel ambi tapih melaku dhewek?"
  Emuk mareki meja hang ana tapih batik ambi bonel. Anyar. Magih ana pelastike. Magih mambu tukuk.
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor