Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 30 Juli 2023 08:27 WIB)

(Cerita Cendhek): Emong, anggitane Silvy Aznam


EMONG
Dianggit nyang Silvy Aznam

Isuk-isuk Amira nyandhak kelambi hang arep dienggo mangkat kuliyah. Buru marek adus, pupuran sak
cukupe, mula larene hing patiya dhemen berahi dandan hang emeh kaya wong hang buru ditaboki
pipine, abang mberanang. Alise ya digeningaken njelarit hing kathik polesan liyane.
Hing kaya biyasahe, tilpune muni isuk-isuk. Aran “Apak” katon nong layare. Ana paran kari wayah mene
digi apak nilpun. Anjrahe tilpune nganteni Amira mulih kuliyah mareki samarwulu.
“Beng...,” abane suwarane apak kaya ana hang kesandhet nong gorokane.
“Nggih Pak, enten napa?”
   Mara-mara kaya ana geludhug tepak bedhug endheng, apake ngomong gok iyane hing bisa maning
ngirimi picis mvergane picis panenan kelapane ditilep kancane hang nggawa kelapane nong Jawa Tengah.
   Mulihe, ditakoni picise, alasane macem-macem. Ruwet hing kakaruwan. Ale kancane iku saben-saben ya nggawa asil panenane apak. Wong hang paceke dipercaya apak ngadol panenan, ya kelapa ya jagung sakanane.
    Amira bisa mbayangaken, panenan kelapa hang hing sepira akeh iku mung dadi siji-sijine celengane apak kanggo ngirim picis kanggo nyangga urip anak wadone nong kutha liyan. Lare wadon ayu iku
mbayangaken raine apake hang bingung ngadhepi kahanan sara gedigu. Hing ngirim picis, anake wadon kuliyah nong kutha liya, dikirim, golet teka endi silihan. Lan Amira weruh apake hing dhemen silih-silih
picis. Masiya kepepet, iyane milih wetenge elom timbang nyilih picis.
   Amira rungu suwarane apake, atine kaya diiris-iris. Tapi ya kelendi maning? Kuliyahe hang wis kari sithik, kudu diterusaken.
“Hing paran-paran wis Pak. Isun nak nggolet pegaweyan dienggo mbayar kos ambi SPP.”

* * *

    Emong, gedigu abane atine Amira. Iyane sing gelem pasrah gedigu bain. Mangkane paran bain iyane kudu gelem ngelakoni. Saiki dadi tukang dodolan sepidhah montor iyane gelem bain, masiya kuliyahe
jurusan nggawe program komputer. Pokoke olih picis, bisa mbayar kontrakan lan SPP. Sing kerasa, saiki wis melaku limang ulan ulihe iyane golet picis dhewek. Iyane bisa ngerasakaken abote golet picis. Gedigu abete, lalare liyane kari enak bisane mung nadhong nyang wong tuweke.
    Emane, kanca-kanca kos-e akeh hang milu mbantu. Ana hang pesen sega bungkus dienggo rapat panitia nong kampus. Kadhang ya pesen jajan. Kabeh ana dalane, batine Amira. Masiya atine seru mbedhedhege kadhung ngenget-enget kancane apake hang nggawa melayu picis panenan. Hing olih nyacat wong liya, hing olih nggerundeng. Kadhung ihlas, kabeh kudu dilakoni kelawan ati hang jembar.
Sakat Amira bisa nggolet picis dhewek, iyane tambah bisa ngerasakaken abote dadi wong tuwek hang nambeli butuhe anake saben ulan. Masiya gedigu, ana bain omongan nyanyil hang sampek nong
kupinge Amira. Wong hang sing ngarti apuwa gok iyane sampek mulih bengi.
“Mir...kari dalu, megawe nong cafe tah,” takone salah siji kancane.

“Using. Paran bain Hun candhak wis. Nulungi wong dodolan sepidhah montor, ngadolaken dagangane kanca. Paran bain pokoke halal lan kuliyahisun bisa marek.”
   Ana pisan kanca-kanca hang takon apuwa Amira hing tau maning gesah lan silaturahim. Salah siji kanca rakete hang aran Ayu, ya ngerasa Amira megawe kaya kiling, hing ana mandhege. Paceke keloron gesah gerecakan, cerita hang mbenu-mbenu sampek gemuyu ketheng lali kahanan. Taping saiki hing bisa maning. Masiya atine keranta-ranta, kabeh kudu diadhepi. Emong, iyane hing gelem nyerah nyang
kahanan iki. Kabeh wis ana tulise, Gusti Pengeran ngewani dalan kelawan usahane umate dhewek-dhewek. Pengeran hang weruh dalan hang paling apik dienggo iyane, gedigu batine Amira. Lan iyane wis
nduweni tekad hing gelem nggawe susahe wong tuwek.
   Kaya nyetrum, atine wong tuweke kayane bisa ngerasakaken paran hang dadi pikire anake. Mara-mara
ana suwara tilpun teka wong tuweke.
“Mir….seger tah? Aja kari nggenteng golet picis ya. Dongakaken bain ulan iki Apake bisa panenan lan bisa ngirim nyang Sira, masiya sithik. Apak ambi Emake yara kepikiran hing bisa ngirimi Sira Beng.”
“Hing paran-paran Pak. Isun wis ana hang dienggo mbayar kontrakan. SPP ya hun cicil sithik-sithik nong celengan. Apak ambi Emak hing kathik kakehan mikiri wis. Njaluk dongane bain, Isun bisa nerusaken
kuliyah iki.”
   Amira kudu njaga atine wong tuweke. Hing olih sithik-sithika wong tuweke kerungu gok iyane tambah gering, gok iyane kerep mulih bengi. Amira kudu bisa nggedhekaken atine wong tuweke. Masiya atine magih keranta-ranta.
    Sak uwise nutup tilpun, buru iluhe deredesan, mikiraken nasibe. Taping iyane ya magih percaya Pengeran Maha Adil, hing gelem ngewani ujian hang makhluke hing bisa nyangga. Isun kuwat lan bisa
ngadhepi paran bain, gedigu batine Amira.
   Ambekane ngelakoni kuliyah kudu mbayar dhewek, mangan kudu nggolet dhewek, kontrakan kudu nemblongi dhewek.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf