
Anggitane: Urip Limartono Aris
(Minggu, 02 Juli 2023 08:28 WIB)
(Cerita Cendhek) Kalung Kanggo Putu
Soren iki, sing kaya biyasahe. Udan kemerecek sing mari-mari sakat isuk, taping ya sing deres-deres. Mangka mendhung katon rata, masiya sing peteng temenanan. Jare wong-wong, udan hang kaya digu biyasahe awet. Sing marek-marek.
Masiya sing deres, kahanan kaya digu nggarahi uwong sungkan metu. Hawane dherem, masiya sing pati seru. Hang enak digawa turu. Tapi kadhung turu terus, sing ana rejeki hang bisa diluru.
Beda maning Onah ambi Saipul. Adhem-adhem, iyane keloron gesah ring pelanca ngarep umahe. Ring sisihe, bayine Onah turu ngeleker ring njerone kojong. Ambi gesah keloron, sing lali Onah nyepakaken gedhang goreng kayu lan kopi cemeng kanggo Saipul.
Laki rabi iku katon sumeringah sakjege duwe momongan. Naming magih ana hang dadi pikirane Onah. Mung iyane magih durung bisa cerita nong lakine.
“Katone Rika ana hang dipikir Dhik? Ana paran, nawi Isun bisa nguwani dalan,” jare Saipul nong rabine ambi njuwut lumur isi kopi cemeng.
Ditakoni digu, pungkasane Onah nyeritakaken hang dipikir. Iyane mikir apuwa emak lan apake Saipul sing gelem ndeleng putune. Sampek emeh umur seminggu, emak apake Saipul sing njumbul-njumbul.
“Endane emak ambi apak iku sing dhemen ambi putune iki Kang. Gok sampek seperene sing gelem mara merene,” jare Onah rada ngati-ati, wedi kadhung lakine kesinggung.
Pitakone Onah, temakaken wis dikira ambi Saipul. Merga sakdurunge Saipul uga duwe pitakonan kaya gedigu. Iyane sampek muring nong apak lan emake. Iyane sungkan ambi mertuwane hang tau nggesahaken perkara iku.
Ambi mangan gedhang goreng kayu, Saipul njelenterehaken apuwa emak lan apake magih durung bisa ndeleng putune.
“Emak ambi apak iku setemene kepingin weruh putune hang ayu iki. Iyane wis giderangen kepingin mara merene, naming ana hang magih ngganjel ring pikirane emak lan apak,” jare Saipul ngawiti ceritane.
“Paran hang ngganjel Kang. Isun duwe salah tah nong emak lan apak, sampek ana hang ngganjel ring atine emak lan apak?” pitakone Onah maning.
“Masa perkara iku,” jare Saipul.
Ambi ngecap gedhang goreng hang magih rada panas, Saipul nyeritakaken gok sore iyane mara nyang emak lan apake. Iyane muring-muring kerana emak lan apake sing gelem mara ndeleng putune.
Durung mari Saipul cerita, teka kadohan katon emak lan apake Saipul teka ambi nggawa gawan gedhang sak curung, lucu sak tingkes, lan bungkusan cilik. Keloron mandheg ring ngarepan umahe Saipul. Weruh emak lan apake teka, Saipul gupuh nyander nulungi nggawa gedhang hang katon abot.
“Paran bain hang Rika gawa iki, Mak?” jare Saipul ambi nggotong gedhange.
“Isuk mau apakira diuwani gedhang ambi Man Serad. Mateng uwit iku Lik. Enak dhung digoreng udan-udan digi,” jare emake Saipul ambi marek nong anake Saipul hang ana ring njero kojong.
Weruh putune hang ayu, emake Saipul katon bungah. Kaya sing serantan, jabang bayi wadon iku dijuwut teka kojonge lan digendhong. Mangka larene magih enak turu ngeleker. Mesthi bain larene kaget, sakkal melek matane lan lambene hang ciyut iku cemuwer. Weruh putune nangis, emake Saipul sangsaya gemes lan dikerekep ring dhadhane.
“Mak... amening Mak. Larene gelagepen sing bisa ambegan iku,” Saipul melung nong emake. Apake Saipul ambi Onah uga melung nong emake Saipul. Iyane kabeh sing tega kerungu tangise anake Saipul hang anter.
Kerungu wong ketelon melung-melung, emake Saipul buru sadhar dhung iyane wis meluk bayi hang buru pirang dina lair seru rapete. Taping ya sing bisa nyalahaken emake Saipul, iyane seru girange ndeleng putune wadon hang ayu lan imut-imut iku.
Temakaken sing emake Saipul bain hang katon gemes ndeleng anake Saipul hang ayu iku. Apake Saipul hang sing patiya akeh omong, uga gemes lan kepingin nggendhong. Mung iyane magih wedi dhung nggendhong bayi hang buru lair. Iyane mung bisa ngudang larene, ambi sithik-sithik ngguthit pipine hang katon gembil.
Ndeleng emak lan apake Saipul seru senenge ndeleng putune, Onah lega. Iyane uga seneng dhung emak lan apake Saipul bungah ndeleng anake hang ayu iku.
Sing kerasa adan Magerib ring langgar etan umahe Saipul lamat-lamat kerungu. Damar ring dalanan katon barak. Warung-warung ring terotowar dalan wis padha bukak. Laron-laron uga kemeriyek ngerubung damar ring dalan-dalan, pertandha dhung gerimis wis mandheg.
Saipul agage melebu cedhing lan njuwut wuduk arep berangkat nong langgar. Iyane pamitan nong emak lan apake.
“Apak lan Emak aja mulih sulung. Antenana Isun mulih teka langgar,” jare Saipul sakdurunge berangkat nong langgar ambi adhike Onah.
* * *
Ring dalan ngarepan umahe Saipul katon wong-wong hang padha mulih teka langgar. Lanang wadon melaku iring-iringan ambi ndeleng-ndeleng warung-warung hang wis padha bukak dhasaran. Lare cilik-cilik uga katon pelayonan teka langgar. Ana hang magih ngganggo sarung, uga ana hang sarunge wis diselempangaken ring pundhake.
Saipul hang ngganggo sarung kothak-kothak cemeng, katon melaku bareng ambi adhike Onah. Iyane katon gesah ambi Man Bandi, nggesahaken rabine hang buru bain lairan.
“Pul.. Rika saiki wis dadi apak. Hang patheng maning megawene. Anakrika wadon, jare uwong-uwong, anak wadon iku akeh bandhane,” jare Man Bandi ambi melaku mulih.
Saipul mung bisa mesam-mesem bain kerungu paran hang digesahaken Man Bandi. Ambi nyelempangaken sajadahe, Saipul ngampiraken Man Bandi. Sing kerasa iyane wis gadug ring ngarepan umah.
“Mampir sulung Man,”
“Iya wis... kesuwun Pul. Salam bain nong apakira. Muga-muga gancang aron,” Man Bandi nyaut ambi nerusaken melakune ngulonaken.
Ring ngarepan lawang umahe, Saipul uluk salam ambi ngengekaken lawang umahe. Ring njero katon emake Saipul masang kalung cilik ring gulune putune hang digendhong ambi Onah. Peraupane Onah katon sumringah. Iyane katon lega dhung emake Saipul sing ana lara ati nong iyane. Nyatane emake Saipul seru dhemene nong putune, Sari, sampek-sampek ngoberaken tuku kalung kanggo Sari.
Ndeleng kaya digu, Saipul uga terenyuh. Iyane wis salah dhung ngira emak lan apake sing dhemen ambi Onah, sampek sing gelem njumbul kala Onah lairan. Sing kerasa Saipul mberebes mili ndeleng peraupane emake kang katon dhemen seru nong Sari.
Sari uga katon munyik-munyik, kaya-kaya ngerti dhung diuwani kalung ambi adone. Matane hang pelolang-pelolong kaya wis bisa mbedakaken siji-sijine uwong. Mangka durung selapan.
“Terima ya Don.. muga-muga gangsar rejekine,” jare Onah mbasakaken anake nong emake Saipul.
“Mak... kadhung sing ana sing usah nganak-nganakaken digi Mak. Cumpu engkisuk sing ana hang dipangan,” jare Saipul.
“Using Pul... Emak ambi Apak soren ulih rejeki. Sapine paca dituku ambi Man Huri. Apak ulih setengah bagiyan asil teka Man Serad. Kadhung mung dienggo tuku kalunge endhuk magih lebih akeh. Sing usah kuwatir sing mangan. Maning Man Serad tuku embeng loro dirawataken Apak maning,” saute apake Saipul.
Wong papat nerusaken gesah ambi nyemil gorengan lan wedang kopi. Apake Saipul nggesahaken ana tanah ring pareke umahe hang arep diadol. Tanah iku duwene Haji Ali. Wong hang sugih ring desane apake Saipul. Tanahe wis digawe pirangane kapling ambi Haji Ali. Ditawakaken antarane selawe juta sampek petangpuluh juta sak kaplinge.
“Kadhung hang pinggir lurung sak kaplinge ditawakaken petangpuluh juta. Taping hang rada menjero mung selawe juta. Kadhung Sira ana picis, enak tuku hang ring njero bain Pul. Dalan melebune wera, kira-kira petang meter,” jare apake Saipul.
Kerungu cerita kaya gedigu Saipul ambi Onah ya kepingin seru duwe simpenan tanah. Masiya durung bisa mbangun, hang penting wis duwe lemah. Naming saiki iyane magih durung duwe picis sakmono akehe. Iyane sithik-sithik magih terus nyelengi kanggo mujudaken kepingine duwe tanah. Iyane ambi Onah kepingin seru urip dhewek, sing ngampung terus ring umahe wong tuwek. Geningena pecah pikirane. (**)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.