Anggitane: Wahyu Rizki Kurnaini
(Minggu, 03 Maret 2024 06:53 WIB)
(Cerita Cendhek) Mi Ayam Cekeker
Sing kerasa wis 8 taun isun laki rabi. Buru diparingi, mandheg telung ulan saiki. Awak kerasa lesuh, mangan sing arep. Jare uwong iki kang diarani nyidham.
“Dhik, Rika arep panganan paran, nawi Isun bisa nggoletaken," takone Kang Saleh lakinisun hang cemeng manis.
“Kaya sing ana hang arep Isun nyang panganan-panganan iki, Kang,” semaurisun ambi temungkul.
“Biyasahe Rika dhemen nyang aran Mi Ayam. Iki sing katon tah?”
“Embuh wis Kang," sautisun lemes.
Wayah wis mangkat Magerib. Uwong-uwong wis padha mangkat nyang Mesjid. Mudhun sembayang Magerib, Kang Saleh ngajak isun marung mi ayam hang biyasahe sun dhemeni. Sing kathik mikir-mikir maning, isun njuwut jaket aju nyepleng nyang burine Kang Saleh hang wis mecegreg nang sepidhah montore.
Sing kari adoh, isun wis gadug ring warung mi ayam. Warung katon rame akeh hang padha tuku.
“Pak, Mi Ayam loro ambi cekeker sak mangkok," isun mesen nyang Pak Slamet hang dodol mi ayam.
“Iya, antenana, giliran," jawabe Pak Slamet.
Isun lan Kang Saleh golet pelungguhan hang magih ana, pas nyang burine rombong mi ayam.
Sak pungkase isun pesen mi ana sak pasang wong lanang wadon rada wayah, milu tuku mi aju lungguh percis nyang ngarepisun.
“Pesen napa, Mbok?” Bu Slamet takon nyang wong wadon iku.
“Mi ayam rong mangkok ambi cekeker Bu," jawabe.
“Ee, siji bain, Isun using," hang lanang nimpali omong.
“Apuwa sih Kang sing arep nyang mi?" takone hang wadon.
“ Sing wis, Rika bain.”
“Nggih empun Bu, siji bain. Aja lali cekeker Bu sak mangkok.” Wong wadon iku seru tegese gok ngomong.
Sing kerasa nulihi gesahe wong keloron hang kari renyah mau, mi ayam wis semandhing nang ngarepisun. Semono uga mi pesenan wong wadon ngarepisun iki.
Nyawang mi semandhing sing ana cekeker sak mangkok. Isun melung, ”Bu cekekere sak mangkok.”
Bu Slamet aju ngateraken sak mangkok cekeker nyang isun.
Wong wadon ngarepisun katon bingung, uga milu melung, “Bu, cekeker pesenanisun endi?”
Bu Slamet semaur, "Entek Mbok!”
Sekala iku, peraenane wong wadon ngarepisun uwah, pantese lara atine.
Isun sing weruh jawane tepak nyendhok mi lan ndilati manise ceceker hang katon cemeng, wong wadon iku nyawang isun seru sing enake.
“Panganen roh mi iki, jare mau seru arepe," ucape kang lanang rada ngedhem-edhemi.
“Sing, wis wareg!” Tegese wong wadon iku.
“Apuwa, jare mau elom katon nyang mi ayam.”
“Iya, kadhung ana cekekere! Isun wis pesen sulung malah sing uman. Ayuk wis mulih!” Wong wadon iku nyerecet.
Isun sakkal kebaglek mangan cekeker. Wis kadhung sun dilati, madak arep sun tawakaken nyang iyane. Isun kethip-kethip milu bingung. Iyane yara sing weruh kadhung isun mau pesen cekeker sulung. Ketimbang jabang bayi nyang wetengisun kurang mangan, ya sun entekaken bain wis mi ayam ambi cekekere.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.